RASA KAPENDHEM
Dina-dina lumampah kanthi prasaja
Datan ana tumindak cubriya
Tan manggih nyalawadining prastawa
Rinasa amung mitraning karya
Ing titi wanci nalika semana
Amati karya sedya lelunga
Tinucap arsa jengandika
Esthi ing nala, pijer melu ing adhicara
Punapa iki minangka sasmita ?
Yen ta jengandika mendhem rasa
Rasa tresna saka punjering driya
Kang tan kuwawa di udarasa.