Sesidheman
Wong kang wis nate ngalami tresna sejati kuwi diibarate wuta ora perduli apa wae,
Ora bisa dikandani apa dituturi sak kabehe amarga wong kang dhuweni tresna sejati ora bisa mikir kanti cara akal kang waras uga ora bisa dhelok sarwa kekurangane saka pasangane.
Apa wae bakalan nekat senajan tha tanpa restu tetep kekeh saka pendiriane.
Praumpamake yen kepalangan gunung bakal dilumpati,
Kepalangan segara disebrangi.
Kepara nganti kanggo mbuktekna katresnane wae apa penjaluke bakalan disembadani sak kabehe,
Kepiye carane amrih bisa mujude katresnan sejatine.
Beda maneh tresna kanti cara sesidheman kemungkinan rasa tresna iki luwih gede tinimbang rasa tresna sak durunge.
Ora ngerti rasa tresna iki didasari rasa napsu apa pancen rasa kang seprana-seprene kependem banjur mbludak bisa kaleksanan katresnane terus nuwuhke tresna kang gede banget kanti cara sesidheman.
Tresna sesidheman kang umume rasa tresna iki akeh wong kang ngalami, senajan tha akeh uwong uga pada selak ora gelem ngakoni.
Yen menuturtku seumpama wong ora dhuweni rasa iki kuwi termasuk kurang normal.
Saben kepethuk weruh esem manise kelingan sing biyen-biyen tambah tak tamatke praupanmu kang sansaya mancing lewar megar-mingkup alismu...
Byuuuuh ambyar imanku...
Tobat tenan Jujur aku dhewe ya kepingin banget dhuweni tresna sesidheman kang wis nate tak gadhang-gadhang ning ya kuwi aku wong ora kulina nglara ati lan tanggap ing sasmitha mengkone sithik akeh ngerti kurang luwihe ngunduh wohe pakarti.
Tresna sejati kuwi tuwuh seka ati tumus marang pakerti, dudu mung seka mata kalair dadi janji-janji manis sing merak ati.
"SEWU WANITA ORA BAKAL CUKUP YEN MERGA NAPSU. SIJI WANITA ORA BAKAL KURANG YEN MERGA ATI ".
Bhatara komajaya (Dewane katresnan). Kahyangan cakrakembang.