GELUGUT PINARA PITU
#pituturluhur
#pituturnusantara
#pituturjawa
Wong yen gelem sinau rasa, akhire ora mung pinter cerita. Malah sansaya ati-ati anggone omong sak ngomong. Ngerti empan papan panggonan, tegese paham kahanan, ora grusa-grusu, ora sembrana, sarwo tumindak didisikke mawas diri.
Maca kuwi apik! Merga lawan maca akhire dadi ngerti sakehing kawruh. Tapi yen maca tanpa gunakna rasa, ya mung ngerti sarasan tanpa tuwuh rasa paham. Mangkakna ngelmu kang migunani kuwi asal usulee dipahami, ora mung dingerteni. Mula yen maca, gunakna rasamu!
Jaman mbiyen! Nalika isih langka druwang, langka buku lan tulisan. Simbah-simbahe awake dewe jarang banget maca. Tapi ing nyatane, malah Simbah-simbahe awake dewe kondang kaloka yen cerdas-cerdas. Ora mung pinter sarasan!
Cerdase Simbahe awake dewe iku ngono merga samubarange wewacan dipahami, dimaknani, digawe gaman pepadhange laku, iki kabeh mula-mulane saka rasa.
Kenengapa Simbah-simbahe awake dewe ora seneng nyawang wong keminter?! Merga biasane wong pinter ngono gampang keblinger, yen wis keblinger banjur gampang ngasorke liyan, ora gelem nampa pitutur, yen perlu nungkak krama, nerajang angger. Bebasan blaik, gelugut pinara pitu mokal tinemu rahayu.
Moga-moga awake dewe kepanggonan rasa kang becik. Rasa kang sarwa migunani tumprap awake dewe uga sapadha-padha. Yen ta katresnan kuwi kawitane uga saka rasa. Mamula wong sing seneng cengkah, ajak-ajak bubrah, sawur sinawur drengki srei temen wis oncat rasaning diri. Suwung tan ana guna!
Yen kowe Jawa, aja ilang Jawamu. Siji wadah aja pecah..
Bismillah...

Yen kowe Jawa, aja ilang Jawamu. Siji wadah aja pecah. Terpujilah orang-orang terpuji. Waras!
Sri Narendra Kalaseba