Kidung Jagad Anyar Kang Dumadi

0

 Kidung Jagad Anyar Kang Dumadi




Jeriting panandhang oh Gustiku

Suworo tangis kang kelayung

Trenyuh sak jroning ati

Angadhepi pacoban iki


Manungsa tan bisa anyelaki

Pepati kang nggegirisi

Titah tanpa daya

Angadepi pacoban iki


Aduh Gusti amung pasrah ing pesthi

Aku percoyo langit tan mendhung

Ilang tangis kang melung-melung

Gusti mesthi bakal mungkasi

Surya sumunar hamadangi

Urip kang sayekti

Jagad anyar kang dumadi


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)