PEPELING (Sekar Sarkara)

0

 PEPELING 

(Sekar Sarkara)







Anyarkara kang dumadineki

Kabeh mau karsaning Hyang Suksma

Wujud asih mring titahe

Minangka paring pemut

Mrih tan samya anggunggung dhiri

Lepya mring ingkang yasa

Mung anggung ketungkul

Digang digung adiguna

Temah lali kudu sumungkem mring Gusti

Tuk'ing sih kayuwanan


Mula payo kadang-kadangmami

Anglenggana yen luput lan dosa

Hanyadhong sih aksamane

Mrih sirna kang pageblug

Bali tentrem kadya ing uni

Mardika akekridha

Sanitya rahayu

Tebih sakehing rubeda

Tan sumelang was-was hangayahi kardi

Wit jinangkung ing Suksma



SEKAR SARKARA

Wahya sampun malbeng madyaratri

Wahya janma wus kepati nendra

Lerem ing pagulingane

Swasana sepi samun

Muhung walang ataga muni

Midid kang samirana

Mimbuh rasa nglangut

Kumeliping taranggana

Ngiwi-iwi mring ingong kang tanpa kanthi

Kèrem ngumbar gagasan


Madyaratri wahya kang piniji

Nglerem driya angeningken cipta

Anyaket marang Gustine

Ngaraspada sumujud

Nyuntak gegebenganing ati

Nyadhong asih wilasa

pangayomanipun

Anggunga paring nugraha

Bagaswaras ayem tentrem sagung batih

Rahayu sanityasa



Imajier Nuswantoro 




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)