MARA ENGGAL ELINGA (Gurit Sarkara)

0

 MARA ENGGAL ELINGA 

(Gurit Sarkara)




Tikus pithi amemangan pari

Saben-saben mung ngamunasika

Kadang tani tandurane

Pari kang lemu-lemu

Datan ngukup keh padha mati

Pindhane pra pangarsa

Kang nerak ing kukum

Ngalalke sakehing cara

Murih bisa kasembadan urip mukti

Gawe tuna kawula


Busanane rapi nganggo dhasi

Jaja mungal ngatonke wibawa

Mrih sinuyud kawulane

Murih kabeh tumungkul

Kawicaksananira yekti

Kudu nut mring anglingnya

Mangka mung  pus-apus

Apuskrama kang sanyata

Mbilaeni tumrap deg-jejeging nagri

Kebak ing samudana


Kang mangkana pakarti puniki

Dadya ama tumraping nagara

Melang-melang kawulane

Mung bisa angling angluh

Ngelus jaja sarwi miyati

Tan bisa apa-apa

Nadyan nahen gempung

Mulat kanyatan kang ana

Saperangan pangarsa padha korupsi

Prihatin jroning nala


Saupama gelem ngrumangsani

Pangkat semat kabeh mung titipan

Nugraha saking Gustine

Amanah kang satuhu

Karya bagyamulyaning dasih

Kawula sanagara

Mrih tentrem rahayu

Mara den enggal elinga

Urip kudu piguna tumrap sasami

Ywa mung mikir priyangga


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)