WUYUNG (Sekar Pocung)

0

 WUYUNG (Sekar Pocung)




Sekar pocung kinarya jampine wuyung

Wuyung mring andika

Manik pepujaning ati

Siyang ratri tansah kumanthil neng netra


Kawistara saben-saben mung ngalamun

Risang pepujanta

Kang tansah ngratoni ati

Mèsam-mèsem anggana kadya wong owah


Melas temen yen wuyung kongsi kedlarung

Lali samubarang

Kadi wong wuru kepati

Usadane kalamun wus bisa panggya


Kalamun ta kasembadan bisa pangguh

Klawan pepujanta

Kang wuru sakala mari

Sukarena kang wuyung antuk usada


Nyuntak kapang sinamun ing swara arum

Samya sesekaran

Ginita sesukeng kapti

Sekar pocung minangka langen asmara


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)