PUSPITA WIJAYAKUSUMA (Sekar asmarandana)

0

 PUSPITA WIJAYAKUSUMA 

(Sekar asmarandana)




Sri kawuryan puspitadi

Aran Wijayakusuma

Arum angambar gandane

Sumebar ngebeki kasa

Sumusup jroning grana

Nuwuh sengsem jroning kalbu

Mbebangkit rasa asmara


Puspita kang edipeni

Sekar pepundhen dri Kresna

Dadya aji piyandele

Wong lena bali yuwana

Roga bali waluya

Srana margining rahayu

Mangkana ujaring kandha


Tumrapwang puspitaneki

Akarya sengseming driya

Krana endahing wujude

Minangka yasaning Suksma

Rerenggan janaloka

Mekarnya ing tengah dalu

Wahya wong kepati nendra


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)