Pirembakanipun begawan kunta wibisana kalian para kadhang catur

0

 Pirembakanipun begawan kunta wibisana kalian para kadhang catur



Lah ingkana ta wau begawan kunta wibisana kari hanggana raras, saya mantheng semadhine mentog raga meres rahsa hangendhih ubaling driya kang pinusti muhung arsa ngipataken bebadan ingkang pungkasan, bawane sang wiku wus pana marang ulah kasuksman sinurung empaning pangesti kongsi geter pater sariranira , geter hangga tumus ing rahsa mawa prabawa jumeglug mijil kadhang ira catur warna. 


Buta pandhawa tata gati wiyasa

Indriyaksa sara maruta .

Pawana kana margana sami rana lan warayang 

Panca bayu wisikan gulingan lelima Oo,,,


Cakil 

Wonten punapa dene kakang begawan animbali kula sakadhang, 


Begawan kunta wibisana

Andadekna kawruhanira para kadhang kadhangku rehning ing titi mangsa iki aku kudhu bali marang kamulyaning dhumadi sira kudhu pisah kahanan lawan jeneng ingsun mula prayoga padha baliya marang kamulanira sowang sowang


 Kala pragalba

Hee,,hee,,hee ,, kula mboten saget pisah kaliyan paduka lan tetepipun badhe ndherek dhateng paduka kakanug


Buta rambut geni 

Ooh..inggih kakang kula mboten gelem lunga


Cakil

Kakang begawan paduka sampun kula labeti sak kanca tuwuhipun kasanutosan kekiyatan karep cipta paduka sedaya sakin9 kula sakanca , sareng sapunika paduka sampun rumaos mboten betah paduka badhe nilapaken kula lajeng ing pundhi dununging adil 


Begawan kunta wibisana

Duh,,,kadhang kadhangku bener ucap ira lamun sira wus labuh labet marang aku, ya sira kabeh kang anjalari darbe krenteg darbe kepinginan rasa asmara kekuatan lan sakabehe, nanging wruhanira kabeh mau yektine mung nuruti kang dadi karepira, yen ingsun bisa ngenyam rasa asmara sapa kang rumangsa marem ya mung sira yenta darbe kepinginan bisa keturutan kang seneng ya mung sira, tegese jeneng sira lan aku labuh linabuhan sira labuh marang aku kosok baline aku nuruti k4ng dhadi karep ira kanti mangkana carane traju wus timbang lamun sira mituhu marang ingsun bakal sun tuduhake marga bisane sira bali marang kamulanira


Cakil 

Oo,,inggih pukulun kula ndherek kersa paduka lajeng kados pundhi marginipun supadhos kula sakadhang saget wangsul dhateng asaling kamulan kula


Begawan kunta wibisana

Lumakua marang alas dhandhaka ing papan kana sira bakal katemu lawan satrya kang kawasa ngentas memalanira


Cakil 

Kula nok,,,nok,,,non nuwun inggih , ngestokaken dawuh 

Ayo kanca padha budhal marang alas dhandhaka ya sukuning gunung ktharunggu.


Kocap kacarita  kaya mangkana saya pinesu semedhine nenggih sang begawan kuntawibisana yekti wus bisa natas taline rencana kang cinepta muhung arsa murweng hangga , gumleger ing antariksa tandha yekti pakurmataning jagad mring sang wiku dadya ilang jinempana ing angin bebasan curiga manjing warangka kodhok hangemuli lenge.




Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)