Cariyos adhegan ing pertapan kutharunggu

0

 Cariyos adhegan ing pertapan kutharunggu




Hanenggih pundhi ta ingkang cinarita dhatan kadhi ingkang aneng ing pertapan kutharunggu, pertapan alit dumunung aneng picuking gunung swelagiri, ingkang kinubengan wreksa gung, hangrembuyung royome hangayomi ing pacrabakan satemah ing pacrabakan swasanira idhum hangayomi, sasiliring maruta mawa ganda arum labet kathah sesekaran ingkang tuwuh ing pertapan.

Sawurining pacrabakan ana sela geng winangun candhi sekar tetela tetilaraning swarga prabu ramawijaya duking nguni, samangka kinarya papan semadhinira sang maha wiku.

Sinten ta ingkang hangasrama ing ngriku, tuhu pandhita pinunjul ingkang kinawasa minangka lantaran tumuruning wahyu kamulyan, nenggih ingkang wiwisik begawan kesawasdhi.

Nyata pandhita putus saliring guna pangawikan asarira bathara marma weruh mobah mosiking bawana

Nalika semana sang maha resi nedheng lenggah ing balai pacrabakan nampi sowanira pandhita kendhalisada begawan anuman mabuquh mungweng ngarsa kaya konjem ing bantala wadanane kaya mangkana wijiling sabda sang maha wiku, 


Anoman dikepara ngarsa lungguhira,,,

Nuwun inggih sendika ngestokaken dawuh.


Leng lenging driya mangu mangu

Mangungkung kandhihan rimang

Lir lena tanpa kanin

Yen tan tulus amengku sang dyah utama Oo,,,


Begawan kesawasidhi 

anoman padha kanti karaharjan sak praptamu ana ing pertapan


Anoman

Kawula nuwun,,, nuwun, inggih angsal pangestunipun sang ayogi konjik sahandap pepadanipun sang wiku dibya


Begawan kesawasidhi

Banget panarimaningsun tiboa sepadha padha, paran wartane anggonira sun pinta pitulunganira hangreksa karaharjaning swelagiri


Anoman

Nuwun kawuningana,,, kawula sakadhang bayu suta sampun hanjagi sukuning swelagiri

Rehning sang ayogi paring dhaweuh menawi dereng kepareng kahadhep sinten kewala, mila para kurawa ingkang pinandhegan dening adipati karna kula wangsulaken, namung adreng sang basukarna minta badhe sowan, wekasan dhados bandayudha prajurit kurawa saget kaunduraken, dening para kadang bayusuta ingkang satemah ndadosaken dukanipun adipati karna tumunten amusti senjata pamungkas kyai kunta wijayandanu, lepasing warastra kenging kula saut lah punika ta wujudipun sumangga sang adi panembahan keparenga paduka tampi


Begawan kesawasidhi

Anoman ,,, kaya ngapa wujude kyai kunta wijayandanu mara diage aturna


Kasambut ada ada patet enem jugag


Begawan kesawasidhi 

Hong wilaheng sekaring bawana langgeng

Anoman ingsun ora ndungkap kang dadi karep ira

Dene pusakaning narpati karna sira saut tumuli mbok aturake marang ingsun


Anoman

Duh,,, sang ayogi , nyadhong dawuh ingkang katah menawi wonten sisiping lampah

Ing pangangkah kawula namung badhe ngemutaken dhateng adipati karna ingkang kirang titi ing pamawas namung nuruti hardaning kayun dene gampil nglepasaken senjata pamingkas ingkang dhados piyandeling diri 


Begawan kesawasidhi

Anoman ,,, apa mung iki kang dadi karsanira apa ora darbe melik makolehake marang liyan, sarana menehake pusaka iku marang satrya ingkang ing tembe dhadi mungsuhe adipati karna ing madyaning perang gedhe


Anoman

Duh sang maharsi,,, tebih saking pangajab ingkang mekaten , awit menawi kadi punika prasasat anoman nenuntun dumateng risaking tiyang sanes, sarana ingkang hanjog ing kanestan


Myat langening kalangyan aglar pandam muncar

Tinon lir kekonang surem sorote tan padhang

Kasor lan pajar ing purnaming gegana,,,


Begawan kesawasidhi

Anoman pratitis aturira,,, sayekti asung pratandha lamun sira bisa dhadi kanti memayu hayuning bawana, ingsun pribadi kang bakal maringake baline kyai kuntawijayandanu marang kang andarbeni, rehne pakaryanira wus paripurna ing mangka wus wahyane ingsun vbakal medarake kanugrahaning bathara marang sujanma kang kinodrat nampa, mula kang iku anoman sira sun tundhung  baliya marang pertapanira, hawya bali kantinen iuga  kadhangira bayusuta


Anoman

Nuwun inggih ngestokaken dawuh, kawula nyuwun tambahing pangestu.

Begawan kesawasidhi


Widada sak laku nira muga muga tansah pinayungan dening ingkang akarya loka.


 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)