LELUNGIDAN
(KATA MUNTIARA JAWA)
BASA LELUNGIDAN (Kata Mutiara)
Aja
dumeh !
Aja
gampang precaya amarga gampang diapusi.
Aja
ndakwa wong sing ora ana!
Aja
ndeleng sapa kang ngomong nanging delengen lan rungokna apa kang dikandhakake.
Aja
ngandhakake apa bae kang ora kokngerteni!
Aja
seneng najad yen ora seneng dicacad.
Aku
iki sapa, aku iki apa? Kawruhana!
Bares,
beres.
Becik
ketitik ala ketara.
Becik
nacada cacadmu dhewe!
Beda
kulit beda anggit.
Begja-begjaning
kang lali, isih begja kang eling lan waspada.
Cacade
dhewe ora tau katon?
Cag-ceg
sauger cocog.
Calon
durung mesthi klakon.
Carane
sinau iya kudu disinau.
Cipta,
rasa, karsa, lan daya kudu saeka.
Dadia
ragi sarta uyahing bebrayan!
Darma
bektimu apa? Takona marang awakmu dhewe!
Den
bisa ajur-ajer.
Dhalang
mangsa kuranga lakon.
Dhasare
kawruh iku ora pracaya. Dhasare agama: pracaya
Dhasare
manungsa iku kinodrat becik. Buktine emoh diarani ala.
Dhasaring
ngaurip iku gotong-royong.
Dhasaring
tresna: Katresnan.
Dipikir,
ditandangi, didhadhagi.
Duwe
sedya becik ora enggal koktindakake padha karo ndeder wiji laraning ati.
Gajah
mati ninggal gadhing, manungsa mati ninggal aran.
Gemi
iku becik. Mung gemining wong cethil iku kang ora becik.
Gunakna
tepa slira!
Guru.
Digugyu? Ditiru?
Ing
ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa. Tut wuri handayani.
Jangkamu
jangkahen!
Jare
njaluk digugu, lha kok goroh?
Jeneng
tresna kudu wani nglabuhi lara lan sangsara.
Jiwa
kang saras dumunung ing raga kang waras.
Jun
iku yen lokak, kocak-kacik.
Kabecikan
iku tansah ana sanajan tanpa tumindak ala.
Kabeh
kang lagi wiwit iku angel.
Kang
wani kang wenang.
Kapinteran
iku ora ana watese.
Kautaman
kang kudu kokutamakake!
Kawiranganing
liyan tambuhana!
Kawruhana:
Hakmu apa, wajibmu apa!
Kekarepan
bisa nuwuhake tumindak culika.
Lair
iku utusaning batin.
Lamun
manungsa bisa nyirnakake pangangen-angene, bisa dadi dewa.
Lembah
manah gawe kuncaraning pribadi.
Lumrah
yen asu gedhe menang kerahe.
Luputing
liyan. Benere dhewe. Padha nggelani. Kok ora adil?
Luwih
becik ngapura tinimbang dingapura.
Luwih
becik weweh tinimbang diwewehi.
Luwih
beciok mati tinimbang urip nanging jirih.
Luwih
mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Mamerake
pintermu padha bae mamerake bodhomu. Gemi, setiti, ngati-ati. Kudu diudi!
Mangan
amrih urip, ora urip amrih mangan.
Melik
nggendhong lali.
Meneng
anggere menang.
Momor,
momot, momong. Mesthi mikolehi.
Nandur
kabecikan, panen kabecikan.
Nangisa
sajroning seneng, ngguyua sajroning susah.
Nepsu
iku abdi kang setya, bendara kang jail.
Ngajeni
ing liyan ateges ngajeni awakmu dhewe.
Ngaya
gelis tuwa.
Ngelihana
wetengmu, waregana atimu.
Ngreti
manawa ora ngreti. Sinaua!
Ngudia
amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae.
Ngunggulake
dhiri bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.
Nirua
kang becik!
Nistha,
madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
Nuruta
kang bener!
Nyabarake
atine dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atining liyan.
Nyampurnakake
urip klawan sucining ati.
Nyata
pinter ora kuminter
Nyenyelengi.
Njagani kang ora kanyana-nyana.
Ora
bakal ana sing dilalekake, jalaran ora ana sing dipikirake.
Pakulinan
iku kodrat kang nomer loro.
Pasinaon
iku ora ana watese.
Pinuju
bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah!
Prakara
iku geni umpamane: yen wis mubal, angel panyirepe.
Prelu
andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.
Rai
iku pangiloning ati.
Rame
ing pamrih, sepi ing pamrih. Ayo!
Ririh,
rereh, ruruh. Raras.
Rumangsa
pinter tandha yen bodho.
Ruwed
renteging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kabecikan.
Sabar,
subur.
Saben
dina umurmu suda sadina.
Salagi
wong iku isih duwe kanca, ateges isih duwe piguna.
Salah,
seleh.
Sapa
gawe bakal nganggo, sapa nandur bakal ngundhuh.
Sapa
siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
Senenging
ati ndawakake umur.
Solah
bawamu minangka pratelane awakmu.
Sura
jayaning kang rat syuh brastha tekaping ulah darmastuti.
Suradira
jayaningrat lebur dening pangastuti.
Tansah
ngati-atia!
Tansah
was-was tandha ora saras.
Teka
katol raine, lunga katon gegere.
Teka
katon dhadhane, lunga katon gegere.
Theleg-theleg,
ati bebeg, pikir puteg. Kudu ditumpleg.
Theng.
Mantheng. Aja gojag-gajeg!
Thothok-thothoka
lawang yen njaluk diwengani!
Thukna
kang mathis!
Thukuling
katresnan diipuk-ipuk, disirami, didhangir, dirabuk; diopeni kareben wohing
ndadi.
Tulungana
sing pancen butuh pitulungan!
Tumanggap
becik marang liyan iku becik.
Ulat
memanis winor ing wicara.
Urip
lan pati iku siji.
Wani
miwiti kudu wani mungkasi.
Wani
urip kudu wani mati
Weruh
wae dosa apa maneh nglakoni.
Witing
tresna jalaran saka kulina.
Wong
bodho dadi pangane wong pinter.
Wong
cilaka iku suda kasile, nanging ora suda tadhahe.
Wong
gedhe iku ora rumangsa gedhe.
Wong
lara ngarep-arep waras. Wong waras apa pangarep-arepmu?
Wong
pinter iku ora rumangsa pinter.
Yen
kepeksa nacad, gunakna tembung manis.
Yen
kepengin mukti kudu wani mati, yen kepengin mulya kudu wani rekasa.
Yen
nedya sugih kudu wani mlarat.
Yen
ora kokudi apa bisa dadi?
Yen
ora ngreti kang ala, ora ngreti kang becik.
Yen
wis janji kudu kokleksanani.
Tembung lelungidan utawa kata-kata mutiara
(Lelandhepan, Lelimbangan) Kapendhet
saking Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda anggitanipun Rama Sudhi Yatmana, 1994.
LELUNGIDAN – 1
Ha—– Aja ngandhakake utawa ngandhani apa
bae kang ora dimangerteni.
Na—– Nandur kabecikan bakal panen
kabecikan.
Ca—– Cipta, rasa, karsa, daya lan karya
kudu sayeg saeka praya.
Ra—– Ruwet rentenging donya iki jalaran
urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.
Ka—– Kang wani iku kang wenang.
Da—– Duwe sedya becik ora enggal kok
tindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
Ta—– Tansah was-was tandha ora saras.
Sa—– Senennging ati ndawakake umur.
Wa—- Wong Lara ngarep-arep waras. Wong
Waras apa pangarep-arepmu ?
La—– Lembah manah agawe kuncaraning diri
pribadi.
Pa—– Pinuju bungah elinga susah, pinuju
susah elinga bungah !
Dha— Dhedhasaring ngauri iku kudu
gotong-royong.
Ja—– Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara
lan sengsaraning urip.
Ya—- Yen wis janji kudu kokleksanani.
Nya— Nyampurnakake urip klawan sucining
ati.
Ma—- Momor, momot, momong, mesthi
mikolehi.
Ga—- Gemi iku becik, mung gemining wong
cethil utawa kikir iku kang ora becik.
Ba—- Becik nyacada, cacadmu dhewe !
Tha— Thothok-thothoka lawang yen njaluk
diwengani !
Nga— Ngunggulake diri pribadi bakal
diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.
LELUNGIDAN – 2
Ha—– Urip lan pati iku siji.
Na—– Nuruta kang bener !
Ca—– Cag-ceg sauger cocok.
Ra—– Rai iku pangiloning ati.
Ka—– Kawruhana : Hakmu apa, kawajibanmu
apa ?
Da—– Denbisa ajur-ajer.
Ta—– Tumanggap becik marang liyan iku
becik.
Sa—– Sabar subur.
Wa—- Witing tresna jalaran saka kulina.
La—– Luputing liyan, benering dhewe. Padha
nglegane : Kok ora adil !
Pa—– Pasinaon iku ora ana cunthele.
Dha— Dhasaring kawruh : ora pracaya.
Dhasaring kapracayan : pracaya.
Ja—– Jare njaluk digugu, lha kok goroh !
Ya—- Yen ora kok udi, apa bisa dadi ?
Nya— Nyenyelengi, kanggo jagan kang ora
kanyana-nyana.
Ma—- Meneng anggere menang.
Ga—- Guru, digugu lan ditiru.
Ba—- Beda kulit beda anggit.
Tha— Thukna kang mathis !
Nga— Ngaya gelis tuwa.
LELUNGIDAN – 3
Ha—– Ing ngarsa sun tuladha, Ing madya
mangun karsa, Tut wuri Handayani.
Na—– Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa
mbedakake.
Ca—– Calon, durung mesthi kelakon.
Ra—– Rumangsa pinter tandha yen bodho.
Ka—– Kwiranganing liyan tambuhana !
Da—– Dadia ragi sarta uyahing bebrayan.
Ta—– Tulungana sing pancen butuh
pitulungan.
Sa—– Saben dina umurmu suda sedina.
Wa—- Wani urip kudu wani mati.
La—– Luwih mbebayani mogol ing
panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Pa—– Prakara iku geni umpamane : yen wis
mubal, angel panyirepe.
Dha— Dhasare manungsa iku kinodrat becik.
buktine : emoh diarani ala.
Ja—– Jiwa kang saras dedunung ing raga
kang waras.
Ya—- Yen nedya sugih, kudu wani mlarat.
Nya— Nyata, gugunen !
Ma—- Mamerake pintermu padha karo mamerake
bodhomu.
Ga—- Gemi, setiti, ngati-ati. kudu diudi.
Ba—- Bares, beres.
Tha—-Thukuling katresnandiipuk-ipuk,
disirami, didhangir dirabuk, diopeni, cikben wohe ndadi.
Nga— Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni
awakmu dhewe.
LELUNGIDAN – 4
Ha—– Aja ndakwa wong sing ora ana !
Na—– Nepsu iku abdi kang setya, bendara
kang jail.
Ca—– Carane sinau iya kudu disinau.
Ra—– Rame ing gawe, sepi ing pamrih. Ayo
!!
Ka—– Kautaman kang kudu diutamakake.
Da—– Darma bektimu apa ?
Ta—– Tansah ngati-atia !
Sa—– Sapa siya-siya marang wektu ateges
disiya-siya dening wektu.
Wa—–Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
La—– Lumrah ing jaman biyen, Asu gedhe
menang kerahe.
Pa—– Pakulinan iku kodrat kang angka loro.
Dha—-Dhasaring tresna : katresnan.
Ja—– Jangkamu jangkahen !
Ya—- Yen kapeksa nacad, nggunakake tembung
manis.
Nya— Nyabarake atine dhewe wae ora bisa,
mendah nyabarake atine wong liya.
Ma—- Mangan amrih urip, ora urip amrih
mangan.
Ga—- Gunakna tepa slira !
Ba—–Begja-begjane kang lali, luwih begja
kang eling lawan waspada.
Tha—-Theng, mantheng. Aja gojag-gajeg !
Nga—-Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua !
LELUNGIDAN – 5
Ha—– Aja dumeh !
Na—– Nirua kang becik !
Ca—– Cacade dhewe ora tau katon ?
Ra—– Ririh, rereh, ruruh, raras.
Ka—– Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
Da—– Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
Ta—– Teka katon raine, lunga katon gegere.
Sa—– Salah seleh.
Wa—- Wong bodho dadi pangane wong pinter.
La—– Lair iku utusaning batin.
Pa—– Prelu andhap asor, ora prelu
ngasorake pribadi.
Dha— Dhalang mangsa kuranga lakon.
Ja—– Jun lokak kocak-kacik.
Ya—- Yen ora ngreti kang ala, iya ora
ngreti kang becik.
Nya–
Nyata pinter ora kuminter.
Ma—
Melik nggendhong lali.
Ga—- Garang garing.
Ba—- Becik ketitik, ala ketara.
Tha— Theleg-theleg. ati bebeg, pikir
butheg. Kudu ditumpleg !
Nga–
Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae !