MULAT SALIRA ANGRASA WANI ALABUH NAGARI

0

 MULAT SALIRA ANGRASA WANI ALABUH NAGARI 




Kusuma Dewi Kunthi mandhap saking rata inten kang tinarik kuda wolu , damel kagete prabu Duryudana sigra gupuh-gupuh amapakaken rawuhipun ingkang bibi. Prabu Duryudana mahargya ingkang bibi kinurmatan satatane nalendra.  Saksampunipun sami satata lenggah tumuli dipun  acarani :

Kunthi : " Kulup anak prabu Duryudana, tekaku mrene minangka duta negara Wirata,  adhi-adhimu Pandawa jaluk bali negara Amarta lan Negara Hastina warisane swargi  bapake Pandu".

Duryudana : " Adhuh bibi,  upami negara Hastina punika gadahan kula kanthi tangan kekalih kula pasrahaken, ananging tanpa kawula ratu sanes punapa-punapa. Sedaya wau kedah betahaken pirembagan nayaka praja sanes keluwarga."

Yamawidura : " Kakang mbok dewi Kunthi, sejatinipun ingkang dados ratu punika Kakang mas Drestarastra gegandhengan caca netra kapasrahaken dhateng ingkang rayi swargi kakang Pandu.  Rikala semanten kakang Pandu angel kagungan putra  tumuli ngangkat putra andanu inggih  Duryudana. Boten wantawis dangu paduka peputra pandawa ananging kedadak perang pamuksa kakang Pandu gugur, negara kapasrahaken wangsul dhateng kakang Drestarastra dening kakang Pandu"

Duryudana : " Para sesepuh maringi wanamarta wiyare boten benten negari Hastina. Ingkang jumeneng nalendra Amerta punika yayi prabu Puntadewa pageneya boten wangsul dhateng Amerta manawi ngrumaosi ukum buang 12 tahun tuwin umpetan setahun lulus boten kadenangan?mangga dipun penggalih"

Kunthi : " Titahing ngarcapada kautaman mokal ana kang bisa nimbangi anakku si Puntadewa,  yayi... Yamawidura kepiye manawa  kang ngugemi kautaman  dumawahe nemu kasangsaran kang anggegirisi luwih saka pangirane manungsa. Kautaman dumunung ana sakduwure wewatekan, tansah angayomi kautaman  dene kautaman tan bisa ngayomi Puntadewa, ngeyomi maneh manawa ngeyomomo cedhak wae ora."

Duryudana : " Bocah emban, klesak-klesik apa arep munjuk atur? matura iki patemon keluwarga sira takdaku dadi keluwargane Duryudana."

Emban : " Sewu-sewu kalepatan kula nyuwun pangapunten sinuhun, duk nalika kula migatosaken sesukan dadu Prabu Puntadewa punika boten beda Sri Bathara Rama.

Lire makaten atase Sri Rama punika titise Wisnu waskita paningal sewu mokal mboten nyumurupi bilih ing jagad punika boten wonten menjangan trompak emas.

Makaten lampahe takdir saged disumurupi sakderengipun winarah nanging boten saged diendhani kedah dilampahi.

Sadaya wau saking dayane hukum wahana-daruna sapa nandur bakal ngunduh, ngengeti patrapipun Ratu Drupadi nibakaken panyacat dhateng tiyang sepuh inggih Adipati Drestarasta mawi tembung Ratu picak mokal anake ora picaka pisan, duk nalika Sesaji Raja suya. Milanipun Sang Puntadewa manggih papa, raden Dursasana sakdrema nglampahi kados dene  Rahwana mrewasa Sumantri ingkang utang pati dhateng Sukrasana rayine pribadi.

Nanging kados pundi malih, Dewi Drupadi punika urup-urupe  perang donya kaping  sekawan aran Baratayuda jaya binangun inggih jsngkane dewa, awit Dewi Drupadi punika dumadi  saking pujan geni sesaji  resi Jaya tuwin Upajaya  kagem males hukum negari Pancala dhateng Hastina."

Sanjaya : " Dhuh sinuwun, nalika sesukan dadu, kurawa ingkang pinandegan Prabu Swikarna cacah 55  nilar papan sesukan dadu, semanten ugi raden yuyutsu nganti sedulur-seduluripun,  namun kurawa 27 sedulur pinandegan Raden Dursasana  tumut anenggani  sesukan dadu."

Duryudana : " Hem...... Yayi yuyutsu besok upama dumadi perang baratayuda sira apa dadi satriya balik?"

Yuyutsu : " Dhuh kakangmas, bebasan putung kinarya sabet lebur kinarya sawur, sinten tiyangipun purun diincak- incak negarane, nadyan silih mengsah dewa kang damel jangka tetep badhe kula trenggalani.

Ngelingi keladuk lamba genya kagungan sipat narima lila legawa yayi prabu Puntadewa kang  sejatine dudu ukur2ane manungsa, saking sesukan dadu dados ngabothohan nguduaken negara saisinipun,  ananging beja kemayangan rawuhe Mahatma Bisma jaluk pangentheng-pangentheng kanggo pandawa kang tasih sami-sami wayahe.

 Sinuhun kepareng maringaken wangsul negara amerta tinebus buang 12 tahun manawi kadenangan kedah kabuang malih,  makaten luhure paduka sinuhun boten benten nalika ngangkat anak kreta dados nalendra, anak temon dados ipe, semanten ugi nini widrati bangsa sudra dados pandhita."

Duryudana : " Hem......mulane wani nglurug Kurusetra, takrasak-rasake ya bener aturmu, yayi Puntadewa dudu ukur2ane manungsa mesthi turune dewa , kepiye maneh menang kalah dudu gegayuhan amung yuwanane kawula Hastina sing ora melu kepenake aja nganti kesempyok rekasane, Ora ana jamak lumrahe titah menang mungsuh dewa. Sing  rumangsa dadi pangayomaning kawula  nagara  Hastina yen ana kepenake  padha rasakna, yen ana rekasane aja melu cawe-cawe tak tandhangane dhewe."

Sanjaya : " Adhuh kaka prabu, menawi kengentan  sayembara menthang langkap wonten  ing negari Pancala, Negari Hastina ngajengaken jago  anak kusir kreta inggih kaka prabu ngawangga, dupi angsal damel Dewi Drupadi nyaketi kaka prabu karna angecohi  sakemoh-emok sarta ngucap anak kusir pantese amung takidoni. Ewasemanten boten wonten rasa serik sekedik kemawon punapa malih dupata,  amung narimah  kaka prabu Karno ngelingi asor panggonanipun."

Dupi mireng unjuk ature Sanjaya bilih rikala semanten kang putra Prabu Karno kinecohan dening Dewi Drupadi, lemes guwayane Dewi Kunthi dawah pyak kapidara kadapyang-kadapyang manjing  panti usada tuwin boten purun wangsul dhateng negari Wirata trimah mapan wonten  ing Panggobakan.

Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyueun agunging pangsksami.


Sumber referensi saking :

Serat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)