SERAT KAWRUH BATIN
Ngudi
Kawruh Dadi Laku Niti Urip
Ngudi
kawruh kuwi wajib ukume wiwit lair nganti satekane umur. Prakara iku sansaya
nandhesake manawa ngelmu iku pancen prelu banget. Coba dibayangake, wong urip
ora duwe sangu kawruh babar blas, mesthine kaya wong ing tengah segara nanging
ora duwe kompas utawa piranti kanggo nuduhake arah, bakale miyar-miyur
ngiwa-nengen tanpa bisa mesthekake arah uripe. Ngelmu kuwi uga bebasan kaya
tekene wong sepuh.
Ing
Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV saka Pupuh III Pucung nuduhake
wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. Tegese, wong golek
ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa
lan raharja uga ngedohi babagan angkara murka.
Ora
gampang golek ngelmu, kudu cucul dhuwit, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane.
Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo
pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumemen, ora gampang kaya malik
epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni
kanthi iklas lan jembar dhadhane kaya segara.
Ngelmu
kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu, wong bisa oleh gaweyan, banjur
oleh dhuwit kang tansah bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelmu uga njalari
pangaji lan pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane.
Ngelmu
kuwi wus cetha prelu banget ing kabeh tatanan.
Nanging
kuwi kabeh durung cukup, masarakat lan generasi mudha uga kudu duwe kawasisan
mligi utawa katrampilan kang mirunggan. Prelune kawasisan kuwi, yaiku bisa
dideleng kahanan sing wus maju lan modheren kaya saiki. Jaman wus sarwa mambu
industrialiasasi, mula ngelmu kang mirunggan dadi barang kang wigati.
Sinom
Sinom
tumapakking kalam siyaga gyanya ngudharri, carita nira ing kitab mangkana déra
mrih mathis gén ulun amiwitti, sukur muji mring Hyang Ngagung, ramané swarga
dunya, karsa paring barkah luwih, tata nira nétra mba trusthi mring Allah.
Ganjarké
kanang kanang carita, nékodémus du king nguni, pruwita mring Nabi Ngisa,
nékodémus tyang Yahudi, dadya madhab Parisi, punika golongngannipun srékatting
agamanya, wus pinisah sing lyannéki, nékodémus sanget dénnira angantya.
Marang
karatonné swarga, kang ateges bongsa batin sami lan kratonné Allah, pikukuh
kekeranning sih, sih ing Hyang nylametti, sing ngawongngé kang sumurup mratobat
pracayéng tyas nékodémus angluluri, sabdanira Nabi yokanan baptista.
Lah
ta padha mratobatta, kraton swarga wus nyedhakki, mangkana karya pralambambang,
rawuhnya guru sajati, yéku Ngisa Jeng Nabi, dutanya Allah satuhu, kang paring
sih rahmatnya,
Sumber
Referensi :
SERAT KAWRUH BATIN (nékodémus)
Anyariyosaken
nalika nékodémus angguguru
dhateng
kangjeng Nabi Ngisa, tuwin bab
pamejangngipun
kangjeng Nabi. Salajengipun
anerangngaken
kasilling piwulang wau,
inggih
punika wonten kalih bab:
1.
Bab lahir kaping kalih = sajatining urip;
2.
Bab kratonning Allah = sajatining swarga.
Anggittannipun
babahSisya Ucong, Ing SURAKARTHA 1934 Kaecap ing gedhong pangecappannipun V.
MIJ. VORKINK – BANDOENG