Petuah saking Ki Ronggo Warsito Pujangga Tanah Jawa

0

 Petuah saking Ki Ronggo Warsito Pujangga Tanah Jawa



Rejeki iku ora isa ditiru

Senajan pada lakumu

Senajan pada dodolan mu

Senajan pada nyambut gawemu

Kasil sing ditampa bakal beda-beda 

Isa beda neng akehe bandha 

Isa uga ana neng rasa lan ayeme ati, yaiku sing jenenge bahagia

Kabeh iku saka tresnane Gusti Kang Maha Kuwasa 

Sapa temen bakal tinemu

Sapa wani rekasa bakal nggayuh mulya

Dudu akehe, nanging berkahe kang dadekake cukup lan nyukupi

Wis ginaris neng takdhire menungsa yen apa sing urip kuwi wis disangoni saka sing Kuwasa 

Dalan urip lan pangane wis cemepak cedhak kaya angin sing disedhot bendinane

Nanging kadhang menungsa sulap mata lan peteng artine, sing adoh saka awake katon padhang cemlorot ngawé-awe, nanging sing cedhak neng ngarepé lan dadi tanggung jawabe disia-sia kaya ora duwe guna 

Rejeki iku wis cemepak saka Gusti, ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungsa saka lair tekané pati

Nanging yen kanggo nuruti karep menungsa sing ora ana watese, rasané kabeh cupet, neng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet

Welinge wong tuwa, apa sing ana dilakoni lan apa sing durung ana aja diarep-arep, semelehke lan yen wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yen ora jatahmu, apa maneh kok ngrebut saka wong liya nganggo cara sing ala, ya wae, iku bakal gawé uripmu lara, rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine 

Yen umpama ayem iku mung bisa dituku karo akehe bandha dahna rekasané dadi wong sing ora duwé

Untunge ayem isà diduwèni sapa wae sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang GUSTI KANG MURBENG DUMADI


Terjemahannya :

REJEKI ITU TIDAK BISA DITIRU

WALAU JALANMU SAMA

WALAU JUALANMU SAMA

WALAU PEKERJAANMU SAMA

HASIL YANG DITERIMA AKAN BERBEDA SATU SAMA LAIN

BISA BEDA DALAM BANYAKNYA HARTA

BISA JUGA ADA DI DALAM RASA BAHAGIA DAN KETENTERAMAN HATI

SEMUA ITU ATAS KASIH DARI TUHAN YANG MAHA KUASA

BARANG SIAPA BER-SUNGGUH2 AKAN MENEMUKAN

BARANG SIAPA BERANI BERSUSAH PAYAH AKAN MENEMUKAN KEMULIAAN

BUKAN BANYAKNYA, MELAINKAN BERKAHNYA YANG MENJADIKAN CUKUP DAN MENCUKUPI

SUDAH DIGARISKAN OLEH TAKDIR BAHWA SEMUA YANG HIDUP ITU SUDAH DIBERI BEKAL OLEH YANG MAHA KUASA

JALAN HIDUP DAN REJEKI SUDAH TERSEDIA, DEKAT, SEPERTI UDARA YANG KITA HIRUP SETIAP HARINYA

TETAPI KADANG MANUSIA SILAU MATA DAN GELAP HATI, YANG JAUH KELIHATAN BERKILAU DAN MENARIK HATI. TETAPI YANG DEKAT DIDEPANNYA DAN MENJADI TANGGUNG JAWABNYA DISIA-SIAKAN SEPERTI TAK ADA GUNA

REJEKI ITU SUDAH DISEDIAKAN OLEH TUHAN, TIDAK BAKAL BERKURANG UNTUK MENCUKUPI KEBUTUHAN MANUSIA DARI LAHIR SAMPAI MATI

TETAPI KALAU MENURUTI KEMAUAN MANUSIA YANG TIDAK ADA BATASNYA, SEMUA DIRASA KURANG MEMBUAT RUWET DI HATI DAN PIKIRAN

PETUAH ORANG TUA, JALANILAH APA YANG ADA DIDEPAN MATA DAN JANGAN TERLALU BERHARAP LEBIH UNTUK YANG BELUM ADA. KALAU MEMANG MILIKMU PASTI AKAN KETEMU, KALAU BUKAN JATAHMU, APALAGI SAMPAI MEREBUT MILIK ORANG MEMAKAI CÀRA TIDAK BAIK, ITU AKAN MEMBUAT HIDUPMU MERANA, SENGSARA DAN ANGKARA MURKA. SEMUA ITU AKAN SIRNA KEMBALI KE ASALNYA

KALAU SAJA KETENTERAMAN ITU BISA DIBELI DENGAN HÀRTA, ALANGKAH SENGSARANYA ORANG YANG TIDAK PUNYÀ

UNTUNGNYA, KETENTERAMAN BISA DIMILIKI OLEH SIAPA SAJA YANG TIDAK MENGAGUNGKAN KEDUNIAWIAN, SUKA MENOLONG ORANG LAIN DAN MENSYUKURI HIDUPNYA.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)