SERAT BABAD TANAH JAWI
(Versi Pakubowono VI)
Sri Susuhunan Pakubuwana VI inggih punika Susuhunan Surakarta ingkang kaping gangsal ingkang jumeneng nata wiwit taun 1823 – 1830. Dhèwèké uga jejuluk Sinuhun Bangun Tapa amarga kasmarané tapa brata.
Munggeng
sarkara ring ukara nis,
sasmita
tan sumukeng pustaka,
kang
tyas rujit karejete,
lir
antaka kawantu ,
Murwisesaning
Yyang kaeksi,
kang
nitah amamatah,
ing
boga sawegung,
kang
amurwa sifat purba,
kang
ambagi sagala isining bumi
nimpuni
paripudya.
Kang
asih mring rahsanya ngasihi,
mangka
manggala para dinuta,
diperig
rat wuryaning rate,
respatikang
rinasul,
warana
ris nayakeng bumi,
kuneng
awit kawangwang,
wawangson
winangun,
rawining
rat nusa Jawa,
kinarsakken
dinawa supaya dadi,
manfangat
winasiyat.
Mangka
pangenget amemengeti,
wajib
sajarahing tanah Arab,
tuhu
ing Jawa tan pae,
pamilanging
luluwur,
pan
ingunikalimosadi,
pusaka
pinustaka,
ing
karsa sang prabu,
Pakubuwana
kaping pat,
pinrih
aja parbatan wit carita di,
ayya
nanggung rekasa.
Rikang
nalika mreteng palupi,
limalas
Ngakhad Rabiyulawal,
kanem
mangsa lifwarsane,
Von
wuku Julungarum,
margeng
nata kaswareng dasih,
pareng
ingkang sengkala,
mugya
Hyang Aruhur,
marma
martana nugraha,
mawantua
safangat si murteng bumi,
mring
sang kretarteng praja.
Purwaning
wasita kang tinati,
sajarahing
nata kina-kina,
ing
nusya ]awa babade,
dhihin
ingkang luluhur,
Nabi
Adam putra Esis,
Esis
putra Nurcahya,
Nurcahya
asunu,
iya
mangaran Nurrasa,
sang
Nurrasa ya aputra sanghyang,
Wening
aputra sanghyang Tunggal.
Santo
saa ri ward ay a dining,
muktamate
carita punika,
winangun
lawan’kususe,
tinurut
urutipun,
malar
dadya tepa palupi,
rikang
karsa amarna,
nenggih
jeng Sinuhun,
Pakubuwana
ping sapta,
angluluri
anggiting rama narpati,
piririhsapangatira.
Tumeraha
trus ing wuri-wuri,
warananing
murweng kawiryawan,
wahyaning
wahyu wiyose,
mawantua
rahayu ..,
yuwanane
dennya ngayomi,
ring
wadya sadayanya,
kasub
sabiyantu,
aywa
na sangsayanira,
amanggiha
suka arja ,
dining
dana narendra.
Nihari
nalika marteng palupi,
Ttimpak
Wage ping gangsal ing Rajab,
lumaksaneng
taun Ehe,
Sancaya
mangsa catur,
Mandhasiya
den-sengkalani,
dadirasa
sabdendra,
muga
Hyang kang ruhur,
marma
martana nugraha,
inistura
ing rahmat sang murbeng bumi.
Nanging
ta ingkang wayah ing benjing,
kangjeng
Panembahan Purbaya,
punika
kang madeg rajeng,
umadegipun
ratu,
Ngadipala
puranireki,
langkung
sangsanira,
rikang
purwanipun,
wesana
luhur kalintang,
anglangkungi
ing sama-samaning aji,
umadeg
adilira.
………….
sawingking
tuwan besuk,
ingkang
pasthi umadeg aji,
inggih
wayah paduka,
panjenenganipun,
ngadhaton
ing Adipala,
kilen
lepen Semanggi pecane benjing,
sangsaya
karatonnya.
Nanging
purwane kewala benjing,
sangsayane
ingkang panjenengan,
way
ah paduka ing tembe,
dining
wesananipun,
apan
madeg nata dibya di,
netepi
adil ing Hyang,
tuhuning
pinunjul,
ing
sasama-sama nata,
tanah
sabrang tan ana kang nyanyameni,
jenenge
wayah tuwan.