KUMPULAN SEKAR MACAPAT

0

 KUMPULAN SEKAR MACAPAT 



WIJAYAKUSUMA

(Sekar macapat asmarandana tripada)

Sri kawuryan puspitadi

Aran Wijayakusuma 

Arum angambar gandane

Sumebar ngèbeki kasa

Sumusup jroning grana

Nuwuh sengsem jroning kalbu

Mbebangkit rasa asmara


Puspita kang edipeni

Sekar pepundhen sri Kresna

Dadya aji piyandele

Wong lena bali yuwana

Roga bali waluya

Srana margining rahayu

Mangkana ujaring kandha


Tumrapwang puspitaneki

Srana sengseming wardaya

Krana endahing wujude

Minangka yasaning Suksma

Rerenggan janaloka

Mekare ing tengah dalu

Wahya wong kepati nendra


SEKAR MACAPAT ASMARADANA SANGU LELADI

1. Kasmaran purwaning tulis 

Katur para kadang mitra 

Ingkang sami nunggil raos 

Sarta nunggil gegayuhan 

Ngudi lestarinira 

Hamarsudi budi luhur 

Adat budaya wong Jawa 


2. Sumangga sami leladi 

Kang piguna mring Bebrayan 

Kang tumuju Karahayon 

Dana ngelmu kang piguna 

Minterke kadang mitra 

Hakarya sengseming kalbu 

Nyedulur  sesamanira


3. Weh panglipur ingkang kingkin

 (susah /sedih) 

Weh pepiling kang kalepyan (lali) 

Ingkang kleru tumindake 

Sabyantu kang kekirangan 

Sung usadha kang lara 

Ngajeni kang pernah sepuh 

Hangrengkuh ingkang taruna 


4. Prayogi pra kadang sami 

Sumangga dadya wong Jawa 

Jawa lahir trus batine 

Tan nilar tata lan cara

Adat budaya Jawa 

Seni kabudayan luhur 

Den udi murih ngrembaka 


5. Den agungna pangaksami 

Sadaya lepat kawula 

Anggen kula hanyalemong

Trapsilaning tata basa 

Kang kirang nuju prana

Santhi Santhi Hamemayu 

Rahayuning Nusa Bangsa


SEKAR MACAPAT ASMARADANA MAHARGYA RAWUHIPUN WULAN SUCI RAMADHAN

(Pangripta : Ki Djoko Suwarsono Ki Darmo Tanoyo)

1. Hanyebut Asma illahi

Kang wus paring kanugrahan

Bagas saras pra umate

Ugi paring kanugrahan

Rejeki lan Panjang Yuswa

Sumangga Hamuji Sukur

Mring Allah pangwasa Jagad


2. Sugeng Rawuh Wulan Suci

Wulan Agung umat Islam

Kebak Berkah lan Rahmade

Tumuruning Wahyu Allah

Sinerat jro Alqur'an

Lumantar Nabi panutup

Njeng Muhammad Rasulullah


3. Sagung umat Islam Sami

Wajib nindakken puasa

Rukun Islam ping tigane

Nora kena tininggala

Wajib kukum ibadah

Tindakna kanthi tuwajuh

Mrih lebur sakehing dosa


4. Kejawi puwasa wajib

Shalat gangsal wektu uga

Mangga sami den tindakke

Lawan ugi Maos Qur'an

Den werdeni tegesira

Kanthi Tulus trusing Kalbu

Mrih Katekan kang Sinedya


SEKAR MACAPAT ASMARADANA MAHARGYA WULAN SUCI RAMADHAN 

SEKAR MACAPAT ASMARADANA 

(Pangripta  : Moch Alfaris Suroningrat)  

1. Muji sukur mring Ilahi 

Kang Wus paring kanugrahan 

Para titah sedayane 

Paring bagas kesarasan

Ginanjar panjang yuswa 

Pinanggih ing wulan Agung 

Ing sasi Suci RAMADHAN 


2.Sumangga pra kadang sami 

Siyaga hamepes rasa 

Kanthi weninging pangraos 

Hameper napsu lan Hawa 

Nglenggana kalepatan 

Sruning kalbu Hanenuwun

Mrih Allah paring ngapura


3.  Bismillah kita miwiti

Nindakken Dhawuhing Allah 

Ibadah pasa rukune 

Islam ingkang kaping tiga 

Kang wajib den tindakna 

Ngluhurken Asma Hyang Agung

 Shalat tarweh sesarengan 


4 . Maos Qur'an den lampahi 

Wahyu illahi Sanyata 

Nuntun sadaya umate 

Tumuju gesang kang mulya 

Rahayu tebih panggoda 

Kinabulan kang den suwun 

Kasembadan kang sinedya 


5 . Wusana sugeng ngayahi 

Pasa wajib rukun Islam 

Tulus lahir lan Batine 

Manut parentahing Allah 

Lantaran njeng Muhammad

Yoiku Nabi Panutup 

Rasul kekasihing Allah


SEKAR MACAPAT SINOM MAHARGYA ARIYADI IDUL FITRI 

Puji Sukur mring Hyang Suksma 

Kang Maha Murah lan Asih 

Dumateng sagung pra titah 

Hangganjar paring rejeki 

Bagas waras Basuki 

Ingayoman ing Hyang Agung 

Kabul panuwun kita 

Nindakken dhawuh Illahi

Ibadah puasa ing wulan RAMADHAN 


Purna jejibahan kita 

Netepi darmaning Wajib 

Rukun islam kaping tiga 

Tanpa rubeda sawiji 

Dumawah Nugraha Gusti 

Kagem pra titah Sawegung 

Dinten Agung wus prapta 

ARIYADI  IDUL FITRI 

Linebura sakeh Dosaning Pra Umat 


Pramila sagung pra kadang 

Kita sami mawas diri 

Sami samad sinamadan 

Ywa rebut unggul pribadi 

Rebut balung tanpa isi 

Elinga yen sami sepuh 

Marsudi kautaman

Kanthi rukun mring sesami 

Asah Asih netepi Darmaning Gesang 


Ngapura lan ingapura 

Yeku pakarti utami 

Mangga hamulat salira 

Ywa ngrasa bener pribadi 

Kita titahing Gusti 

Tan kendat lali lan luput 

Mumpung dinten prayoga 

Haminta sih pangaksami 

Dumateng pra sagung para sanak kadang 


Rahayu sagung pra kadang 

Rahayu sagung dumadi 

Rahayu  satindak lampah 

Marsudi tentreming ati 

Santi  santi Hastuti 

kinabulan ing panggayuh 

Sagung lepat kawula 

Paringana pangaksami 

Mugya kita tebih Saking Sambekala

(Karacik dining : Ki Darmo Tanoyo)


SEKAR DHANDHANGGULA WUJUD 

Wujud jÃ¥bÃ¥ wujud kita iki,  

Wujudé jêro wujuding kÃ¥cÃ¥, 

Ananging dudu pangilèn, 

Pangilon jroning kalbu, 

Kang awujud kita pribadi, 

Cumithak jroning ciptÃ¥,  

Lêrêming pandulu,  

Luwih Gedhe berkahira,  

Lamun janmÃ¥ kang wus jumbuh badan batin, 

Sayekti binathara. 

Saking : Sekar-sekat gondhil punika tilaranipun sang Dwija Rama Yukanan Purnomo (antawisipun warsa 1986) 


SINAU MERDENI SEKAR MACAPAT DURMA PITUTUR 

Prayogane kaki nini  piyarsakna

Dhawuhing prawinasis 

Den pada narima 

Peparinge Hyang Suksma 

Sing wigati nywun rejeki

Mili lir tirta 

Sanadyan amung cilik 


Kang wigati trus lumintu ajeg ana 

Aywa tansah  mangesthi

Gumrojog lir toya 

Banjir Sa ambrah ambrah 

Yen Sira tan bisa nglangi

Klelep ing toya 

Satemah angemasi 


kaki nini den bisa sira narima 

Peparinge Hyang Widhi 

Kanthi sukeng nala

Iku sasat Nugraha

Sanadyan amung setitik 

Katampi klawan 

Lila legaweng ati


Terjemahan Sekar Durma dalam Bahasa Indonesia :

Sebaiknya Wahai anak anakku baik yang laki laki dan yang wanita 

dengarkan tutur kataku ini

kata para orang sesepuh jaman dahulu

Terimalah dengan rasa syukur 

atas pemberian Hyang Maha kuasa

bahwa yang terpenting rejeki  itu mengalir bagaikan air

walaupun kecil 


Yang lebih penting setiap hari selalu ada

janganlah menghayal  mendapat buuaanyak bagaikan jatuh dari langit  Banjir karena hujan

jika kamu tidak bisa berenang (mengemudikan) kamu akan tenggelam  dalam perbuatan nistha  Sehingga kamu hidup dlm kesengsaraan


putra putriku terimalah semua pemberian dari Gusti yang maha welas dan asih

dengan cara sabar menerima pemberian dari Gusti Yang  Maha Agung Walaupun hanya sedikit  insya Allah  

Hyang maha kuwasa akan memberi anugrah kepada kamu rejeki yang berlipat lipat


SINAU MERDENI SEKAR MACAPAT MASKUMAMBANG

Aneng donya Janma lahir mawa tangis

Kang iku prayoga 

Nglakoni penggawe becik 

Mati mati yen ngguyua 


Mesthekake barang durung klakon kuwi 

Ran ndisiki kersa 

Sapa weruh tembe mburi

Amanoni Sambe kala


Aja nampik lamun ana wong anempil

Njejaluk swatara 

Sapa weruh tembe mburi 

Giliranmu sing mbutuhna 


Becik sira ywa nembung njejaluk kaki (nini )

sabarang kang sira

Maune emoh menehi 

Timbangane kawelehan 


Samubarang kang sira dhewe ngemohi 

Aywa paripaksa 

Akon wong liya ngarepi 

Dibisa tepa Salira 


Arti  tembang Maskumambang dalam bahasa Indonesia 


Manusia lahir di dunia  disertai dengan tangis (menangis) 

maka dari itu marilah berbuat kebaikan

Jika kelak kita meninggal dunia , mati dalam keadakan tersenyum


Memastikan sesuatu yang belum terjadi 

itu namanya mendahului  kehendak Hyang Maha Kuasa

ingatlah dibelakang hari  siapa tau kamu mendapat bencana 


Jangan menolak jika ada seseorang yang meminta tolong  dan meminta sekedarnya 

siapa tau di belakang hari ganti kamu yang meminta dan membutuhkan pertolongan 


Lebih baik kamu tidak meminta ya anakku (kaki /nini) 

yang tadinya kamu tidak mau memberi 

daripada kamu mendapat malu 


Segala sesuatu yang tadinya kamu tidak mau ( kau hendaki )

janganlah kamu memaksa orang lain menuruti kemauanmu (kehendakmu) 

Setidak tidaknya kamu harus tau diri


SEKAR MACAPAT SINOM

Gegambaran PANGGIHIPUN

ULAH NGELMI KALIYAN ULAH KAPRAJAN

Pangripta :  Ki Nayantaka Darmo Suwito

1.Yen Kawula Sampun Wignya

Terampil Ngupaya Kasil

Mbedhag Buruh Candak Kulak

Tan Kewran Patraping Kardi

Saking Sugih Pangerti

Nora Kodeng Datan Kidhung

Gampange Ngupaya Boga

Numusi Dateng Negari

Pamupune Pajeg Uga Dadi Gampang


2.Nging Patrape Para Janma

Kang Nyingkur Pangulah Batin

Patrape Ngalap Kadonyan

Adakan Lacut Ngliwati

Marang Tataning Adil

Mung Waton Ugere Purun

Tan Ngetang Bener Lan Lepat

Janji Karep Den Lakoni

Gampang Wae Nerak Adil Hukum Kodrad


3.Malah Yen Ngoyak Derajat

Datan Wirang Ngalap Kasil.

Marang Rowang Mitranira

Kinarya Banten Piranti

Mung Dirine Pribadi

Kang Inunggung Cakep Cukup.

Mumpuni Mring Prakaryan.

Pamrih Supaya Antuk Sih

Saking Lurah Nuli Den Inggahken Pangkat


4.Nadyan Kang Wis Luhur Mulya

Ngregem Pusaraning Nagri

Yen Sengseme Mring Kadonyan

Tilar Katentreman Batin

Saya Ambe Bayani

Dateng Katentreman ipun

Praja Tetangganira 

Kudu Arsa Den Kakahi

Dinadekken Tegal Sawah Tetelukan


5.Hardane Saya Andodra

Jagat Arsa Den Emperi

Kinarya Jajahanira

Aywa Ana Kang Madani

Sing Awani Malangi

Kudu Ginecak Prang Pupuh

Saya Jinarah Rayah

Bandhane Dipun Kukupi

Tanpa Welas Pepati Kang Tanpa Dosa


6.Kaduk Ing Tyas Ambelasar

Yen Kacuwan Muring Muring

Wus Koncatan Rasa Mulya

Kang Ngayemi Sanubari

Malah Agung Mijeni

Ruhanare Jagad Agung

Nanging Lakuning Janma

Kang Sengsem Ulah Lelungid

Lamun Sugih Malah Agung Dananira


7.Mring Janma Kang Kawlas Arsa

Wit Punika Nama Wajib

Tumrap Ulah Kabatinan

Jer Dununging Rasa Adi

Tan Kawengku Ing Lahir

Nging Dumunung Lenging Kalbu

Tan Butuh Sineksenan

Marang Sesamining Janmi

Nging Wus Luluh Lan Gelenging Laksitarya

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)