SEKAR MACAPAT KINANTHI PANDHAWA DHADHU

0

SEKAR MACAPAT KINANTHI

PANDHAWA DHADHU

(Pangripta : Swargi Ki Nayantaka Darmo Suwito)



1. Kocapa Caritanipun

 Pra Pandhawa Kang Sayekti

Rampung Amangun Negara

Wana Marta Den Babadi

Madeg Praja Indraprastha

Sukur Konjuk Mring Hyang Widdhi


2. Praja Endah Wus Maujud

Tekading Pandhawa Yekti

Asesaji Rajasuya

Sineksenan Sewu Nagri

Nadyan Keh Godha Rencana

Nging Sedaya Bisa Kalis

  

3. Para Kurawa Satuhu

Jroning Driya Katon Runtik

Nguningani Pra Pandhawa

Saged Ambabar Negari

Endah Kang Sarwi Kencana

Pengin Sanget Handarbeni


4. Kurupati Wus Mituhu

Pangrigene Paman Patih

Harya Suman Sewu Cara

Pandhawa Kaajak

Tandhing

Kasukan Dhadhu Ing Mbenjang

Ing Hastinapura Nagri


5. Yen Pambuwangan Wus Rampung

Sih Kudu Imbuh Sawarsi

Pandhawa Kedah Umpetan 

Nenggih Ing Sanes Negari 

Lamun Kongsi Kadenangan

Bakal Kedah Angambali


6. Wiratha Nagri Katuju

Ngayom Mring Sang Matswapati

Gawe Padhanging Negara

Rajamala Den Pejahi

Awit Kridhane Balawa

Praja Ayem Tata Titi

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)