SEKAR MACAPAT SINOM GAMBARAN PANGGIHIPUN ULAH NGELMI KALIYAN ULAH KAPRAJAN

0

SEKAR MACAPAT SINOM

GAMBARAN PANGGIHIPUN

ULAH NGELMI KALIYAN ULAH KAPRAJAN

(Pangripta : Swargi Ki Nayantaka Darmo Suwito)



1. Yen Kawula Sampun Wignya

Terampil Ngupaya Kasil

Mbedhag Buruh Candak Kula

Tan Kewran Patraping Kardi

Saking Sugih Pangerti

Nora Kodeng Datan Kidhung

Gampange Ngupaya Boga

Numusi Dating Negari

Pamupune Pajeg Uga Dadi Gampang


2. Nging Patrape Para Janma

Kang Nyingkur Pangulah Batin

Patrape Ngalap Kadonyan

Adakan Lacut Ngliwati

Marang Tataning Adil

Mung Waton Ugere Purun

Tan Ngetang Bener Lan Lepat

Janji Karep Den Lakoni

Gampang Wae Nerak Adil Hukum Kodrad


3. Malah Yen Ngoyak Derajat

Datan Wirang Ngalap Kasil.

Marang Rowang Mitranira

Kinarya Banten Piranti

Mung Dirine Pribadi

Kang Inunggung Cakep Cukup.

Mumpuni Mring Prakaryan.

Pamrih Supaya Antuk Sih

Saking Lurah Nuli Den Inggahken Pangkat


4. Nadyan Kang Wis Luhur Mulya

Ngregem Pusaraning Nagri

Yen Sengseme Mring Kadonyan

Tilar Katentreman Batin

Saya Ambe Bayani

Dateng Katentreman ipun

Praja Tetangganira 

Kudu Arsa Den Kakahi

Dinadekken Tegal Sawah Tetelukan


5. Hardane Saya Andodra

Jagat Arsa Den Emperi

Kinarya Jajahanira

Aywa Ana Kang Madani

Sing Awani Malangi

Kudu Ginecak Prang Pupuh

Saya Jinarah Rayah

Bandhane Dipun Kukupi

Tanpa Welas Pepati Kang Tanpa Dosa


6. Kaduk Ing Tyas Ambelasar

Yen Kacuwan Muring Muring

Wus Koncatan Rasa Mulya

Kang Ngayemi Sanubari

Malah Agung Mijeni

Ruhanare Jagad Agung

Nanging Lakuning Janma

Kang Sengsem Ulah Lelungid

Lamun Sugih Malah Agung Dananira


7. Mring Janma Kang Kawlas Arsa

Wit Punika Nama Wajib

Tumrap Ulah Kabatinan

Jer Dununging Rasa Adi

Tan Kawengku Ing Lahir

Nging Dumunung Lenging Kalbu

Tan Butuh Sineksenan

Marang Sesamining Janmi

Nging Wus Luluh Lan Gelenging Laksitarya

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)