SEKAR MACAPAT ASMARADANA SANGU LELADI

0

SEKAR MACAPAT ASMARADANA SANGU LELADI




1. Kasmaran purwaning tulis 

Katur para kadang mitra 

Ingkang sami nunggil raos 

Sarta nunggil gegayuhan 

Ngudi lestarinira 

Hamarsudi budi luhur 

Adat budaya wong Jawa 


2. Sumangga sami leladi 

Kang piguna mring Bebrayan 

Kang tumuju Karahayon 

Dana ngelmu kang piguna 

Minterke kadang mitra 

Hakarya sengseming kalbu 

Nyedulur  sesamanira


3. Weh panglipur ingkang kingkin

 (susah /sedih) 

Weh pepiling kang kalepyan (lali) 

Ingkang kleru tumindake 

Sabyantu kang kekirangan 

Sung usadha kang lara 

Ngajeni kang pernah sepuh 

Hangrengkuh ingkang taruna 


4. Prayogi pra kadang sami 

Sumangga dadya wong Jawa 

Jawa lahir trus batine 

Tan nilar tata lan cara

Adat budaya Jawa 

Seni kabudayan luhur 

Den udi murih ngrembaka 


5. Den agungna pangaksami 

Sadaya lepat kawula 

Anggen kula hanyalemong

Trapsilaning tata basa 

Kang kirang nuju prana

Santhi Santhi Hamemayu 

Rahayuning Nusa Bangsa





Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)