JAMAN EDAN

0

JAMAN EDAN



Wolak walik ing jaman. 

Wong jaman biyèn luru ngelmu direwangi pasa, prihatin lan meper hawa nafsu. Kasile atine mantep,  pikirane wening, tindak tanduke nyenengake.  

Jaman sakniki sing akèh mung sewates bisa ngomong ora bisa nglakoni, sing banter suwarane, sing pinter mung pangucape, rumangsa paling bener lan suci dhéwé.  

Mula akèh wong kumalungkung,  dikandani salahe ora trima, diumbar sansaya ndadra.  

Kudu éling lan waspada. 

aja edan mburu pujian yen nyatane durung pantes dadi pepujan.


JAMAN EDAN 

Sun nggurit

Ujaring kandha pujangga

Wus jamane jaman edan

Ora edan ra keduman

Melu ngedan ora tahan

Wus jamane jaman edan

Akeh wong ninggal tatanan

Tan peduli marang liyan

Lali marang sangkan paran


JAMAN EDAN 

Iki wus ngancik jaman edan

Manungsa-manungsa sansaya ndodro

Sak akehe tumindak

Tanpa subasita kang temata

Wong jujur dijur

Wong loyal diuntal

Wong tememen, dipendem

Bakal kagiles rasa

Sing bakul congor

Kasubya-subya raja

Sing gotong donya

Kasebut prawira

Najan lamis ing gawe

Altar pepujan

Kebak pakhurmatan ing mata

Korban sesembahan

Nora tekan ing Gusti

Ngracik Tembung

Nata aksara

Gaweyan ing saben dina

Snajan ngayawara lan dadi mawa

Iki Jamane mecaki mendung

Isine kumalungkung

Manungsa-manungsa saya gemblung


JAMAN EDAN

Amenangi zaman edan.

Ewuhaya ing pambudi,

Melu ngedan nora tahan,

Yen tan melu anglakoni,

Boya keduman melik,

Kaliren wekasanipun,

Ndilalah kersa Allah,

Begja-begjaning kang lali,

Luwih begja kang eling klawan waspada


JAMAN EDAN

Hamenangi jaman edan, ewuh haya ing pambudi. 

Jantraning jagat wus pinasthi, 

Ubenging Cakra manggilingan. 

Garising lelakon bakal tumiba. 

Sapa lena bakal binanda. 

Sapa lali bakal keli. 

Jagat isine mung hangkara. 

Kang hingoyak mung hanumpuk bandha. 

Datan eling purwa, madya wasana. 

Kabeh padha ngaku bener, 

Sejatine keblinger. 

Wong jujur kojur, wong lugu kepalu. 

Wong ngaku alim, nanging pulasan. 

Jagat anyar bakal ginelar. 

Tekane jaman kasucian. 

Tekane pengadilan Gusti. 

Mula prayoga den eling lan waspada. 

Sabar narima, welas asih mring sapadha padha. 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)