GEGARANING WONG AKRAMI (ASMARADHANA)

0

GEGARANING WONG AKRAMI (ASMARADHANA)


Gegaraning wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitané

Luput pisan kena pisan

Lamun gampang luwih gampang

Lamun angèl, angèl kalangkung

Tan kena tinumbas arta.

Maknanipun : 

Sarat utawa modal wong kanggo mbangun omah, Dudu bandha dudu wujud, Amung atine bekal, Gagal sepisan, sukses sepisan, Yen gampang ya gampang, Yen angel, pancen angel Ora bisa dituku nganggo dhuwit (bagya rumah tangga


DHANDHANGGULA 

Pamintaku nimas sida asih

Atut runtut tansah reruntungan

Ing sarina sawengine

Datan ginggang sarambut

Amung adoh caketing ati

Yen cedhak tansah mulat

Sida asih tuhu

Kaya mimi amintuna

Ayo bareng nimas anetepi wajib

Sida asih bebrayan


SETYA TUHU 

Pamintaku, Nimas sida asih

Atut runtut tansah reruntungan

Ing sarina sawengine

Datan ginggang sarambut

Lamun adoh caketing ati

Yen cedhak tansah mulat

Sido asih tuhu

Pindha mimi lan mintuna

Ayo Nimas bareng hanetepi wajib

Sido asih bebrayan


Aku kang setya satuhu

Kawit mbiyen nganti saiki

Bebasane peteng kepapag obor sumunar

Andika pangayomanku

Lahir batinku wus nyoto

Mung sajake andika semune kurang reno

Tandha yekti, paseksene rikalane ngangkat awrat

Mlampah tebih, datan lesu

Mugyantuk berkahing Gusti

Andika mung tansah limpat

Panyuwunku, setya kula tansah anglam-lami




****

GEGARANING WONG AKRAMI (ASMARADHANA)

Gegaraning wong akrami

Dudu bandha dudu rupa

Amung ati pawitané

Luput pisan kena pisan

Lamun gampang luwih gampang

Lamun angèl, angèl kalangkung

Tan kena tinumbas arta.

Artinya :

Syarat atau modal orang membangun rumah tangga,

Bukan harta bukan rupa,

Hanya hati bekalnya,

Gagal sekali itu berhasil ya sekali itu,

Jika mudah maka sangatlah mudah,

Jika sukar maka teramat sukar,

Tidak bisa dibeli dengan uang (kebahagiaan rumah tangga tersebut.


DHANDHANGGULA 

Pamintaku nimas sida asih

Atut runtut tansah reruntungan

Ing sarina sawengine

Datan ginggang sarambut

Amung adoh caketing ati

Yen cedhak tansah mulat

Sida asih tuhu

Kaya mimi amintuna

Ayo bareng nimas anetepi wajib

Sida asih bebrayan


SETYA TUHU 

Pamintaku, Nimas sida asih

Atut runtut tansah reruntungan

Ing sarina sawengine

Datan ginggang sarambut

Lamun adoh caketing ati

Yen cedhak tansah mulat

Sido asih tuhu

Pindha mimi lan mintuna

Ayo Nimas bareng hanetepi wajib

Sido asih bebrayan


Aku kang setya satuhu

Kawit mbiyen nganti saiki

Bebasane peteng kepapag obor sumunar

Andika pangayomanku

Lahir batinku wus nyoto

Mung sajake andika semune kurang reno

Tandha yekti, paseksene rikalane ngangkat awrat

Mlampah tebih, datan lesu

Mugyantuk berkahing Gusti

Andika mung tansah limpat

Panyuwunku, setya kula tansah anglam-lami



Imajiner Nuswantoro 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)