GIRI LUSI JALMA TAN KENA KINIRA AWIT SAKA SIHING KAWASA
Para raseksa angayom dhateng nini-nini kang nedhenge nyapu wonten plataran sejatosipun punika garwane Resi Bregu inggih resi Bargawa.
Nggone gelem tetulung sesamine jalmi padha-padha titahe Hyang Widhi, supados jagad boten jomplang imbang selaras kaliyan jaman kelakonipun. Wonten padhang inggih wonten peteng, wonten dewa inggih wonten danawa, wonten kewan inggih wonten witwitan.
Muntap kanepsonipun Bathara Wisnu sarta ambalangaken sanjatacakra nanging eloking kahanan gaweane sing akarya gesang, sanjata cakra dipun sabet mawi sapu gerang dening nini-nini ajur dadi sawalang walang .
Mboten cukap semanten rekadayane Bathara Wisnu tumuli mimba warna malih wraha (celeng) nglimpe saking wingking anyruduk nini-nini (inggih Dewi Palila marta/kapilamatta) dadi lan pejahe muksa sakragane sarta ninggal weweling.
Dewi Palila Marta : Heh Kaki Bathara Wisnu, banget panarmaningsun dene sira dadi lantaran nggonengsun bali nunggal ing Hyang Widhi pundhat datan linahirake ambal-ambalan ana ing dunya.
Tandha sih tresnaku marang sira kaki Wisnu, takwenehi ngerti sira bakal antuk ganjarane Hyang Widhi saka anggonira nggething amburu sengit marang bangsane rakseksa.
Ing dina kalungguhan samengko kulup kaki wisnu bakal wujud raseksa jejuluk Ditya Kala Wisnungkara iku kanugrahan aran gething nyandhing.
Lan adhoh ora bisa ketemu bojomu kang manjalmo marang Dewi Widuwati ing Gunung Rewantaka.
Aja dianggep iku Sikune Kawasa mundhak dedawa lara.
Kaping pindho sira bakal manjalma marang ratu Maespati aran Harjuna Sasra, nanging sanjata Cakra ana tangane Bambang Sumantri.
Sira tansah renujit ati amarga marune Bojomu putri domas (800 wanita), tanpa bisa ngrasakake indahe katresnan sejati.
Amung panjaluk-panjaluk sing ora saklumrahing jalma.
Kaping telune sira manjalmo marang ratu Pancawati aran Rama Wijaya ananging atimu tansah ngenes susah kepati keranta-ranta uripmu, amargi sira kaki amerjaya nini-nini kang sejatine dewi Palila Marta ya garwane Resi Bargawa ya panjenenganingsun.
Anggonira tumitah ambal-ambalan nganti jaman Majapahit pungkasan anakmu mesthi ana kang wujud raseksa.
Rebah bathara Wisnu Sumungkem bumi nyuwun sihing Pangeran Kang Maha Agung, boten dangu karawuhan Resi Bargawa tuwin Kaki Semar lan Kyai Tejamantri (Togog) makaten kang dados pangandhika :
Semar : Kaki Wisnu aja cilik atimu, Wong gerang-gerang kaya aku lan wakne logak (Togok) tetep ngancani nggonmu tumurun ana ngarcapadha.
Lan dadiya gembirane atimu sira bakal direwangi adhimu Bathara Bayu tumurun awujud sedulur pitu tunggal bayu yaiku :
1. BAYU MAHENAKA pandhita ing gunung suwung
2. BAYU WREKA (Raseksa gisiking samodra)
3.BAYU LIMAN SITUBONDO (Gajah)
4.BAYU KANITRA (Naga serucuk)
5. BAYU MAHAMBIRU (garuda SEMPATI RASA)
6.BAYU WANARA(aran Anoman Kendhalisada)
7. BAYU MANGKURAT PERWITA SARI (Raden Bratasena).
Resi Bargawa : "Kaki Wisnu Kridane ati tan bisa bedah mahkutane pesthi, budi dayane titah tanbisa ngungkuli garising Kawasa, aku amung menehi kawruh piyandel awujud tapa pitu.
Kang sepisan tapane raga : Yaiku aja darbe rasa serik tegese aja ngrasa rasa serik gething marang aliyan sanadjanta wong mau kedunungan kaluputan.
Sabanjurne kudu narima lahir batin . Lekas kang kaya mangkono iku ateges : ngluhuraje peparinge Pangeran sing tumiba ing awak.
Ora kena nggresula munggahe marang keduwung dene nampa kahanan kang kudu sinandhang.
Kang nuwuhake keduwunge ati satemene dudu AKU kang Sejati.
Lire rasa kang tuwuh marga saka sulayane sifat kang ora langgeng iku rasa kang sipat ora narima ing kahanan pepesten kang wus kasengker dening kodrate PANGERAN. Ora narima ing pandum iku rasa panjelihe napsu kadagingan dudu rasa kang langgeng.
Catatan :
Harjuna Sasra pribadi sang Naradipa inggih Raseksa
Rama Wijaya garwane aran Sinta putrane Raseksa Ngalengka Rahwana.
Putra Prabu Kresna wujud raseksa aran Yaksa Dewa (saking ibu Rukmini)
Putra Prabu Jayabaya wujud raseksa aran Nerusupadma
Putra Prabu Brawijaya aran Arya Damar (ibunipun raseksi) tarsan Jawa.
(Serat Sekar Jinarwi dening Sri harto Jati Mulur Skh)