NUJU KASAMPURNANING PATI

0

NUJU KASAMPURNANING PATI


Yen bola-bali mung tansah nitis wae bali urip dadi manungso maneh kang kasinungan urip ing alam donya mono uripe ora suwe, lire ora suwe nganti bisa nyandak umur sewu taun

Dadi yen to nganti ora nyumurupi jamaning pati, uripe tanpo guno, ora nuju urip sejati 

Lakune pikire tuno dungkap ing jaman akerate bakal ora kopen, sekarate mesti bakal suwe, suwe margo kudu tansah nuruti kaperluane wae, lekasing patine ngrekasa lan katentremaning ati ora ono

Anane mung tansah bingung lan liwung sarto ora idep ing dalane, mulo mengkono awit ora mikir marang beda-bedaning kahanan sarto nyingkur marang tataning Kawruh Jowo

Mangka kang kudu dienut iku kawruh kang luwih suci kang bisa nuceni dat lan sipat, yo sipat kang sejati ing saklawase

Mula ing reh iki kudu sing bisa mikul lan pikulane kudu sing satimbangan, aja ana layanane sing abot sisih

Mung wae uripe kudu mawa tekad amrip bisa kacukupan anyukupi jobo-jero

Dadi samongso dibabar bisa katora ing kaluwihane, ngugemi kawruh sing sejati

Nanging kudu disumurupi pamrihe sing sejati, sejatine urip

Ojo nganti karem ing kaendahan wae sanajan mengkono kudu kaudi murih bisane kacekel, mung wae pangudine kudu duwe niyat lan tekat kuat sing sabar lan telaten nglakonine





Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)