ANGGER-ANGGER
Angger-angger kuwi tegese panyapih
Ojo cawe-cawe mring liyan, awit murih tentrem, murih bener.
Kabeh gelar lan gulung kuwi lungguhe ing roso, teko lan baline ing roso.
Tumindake bener lan luput lungguhe yo ing roso, rogo sak benere wis yo wis diweruhi kroso, tegese wis kroso mring sabarang tumindak kang arep luput lan bener rogo wis diweruhi weruh dening roso, endi kang luput lan bener.
Rogo wis diweruhi kroso endi kang keno lan endi kang ora keno, sadurunge budi pekerti tumindak, dene yen rogo wis diweruhi kroso bakale luput, mongko isih ditindakake, kuwi tegese kurang toto titi.
Mulo tumindak kudu midjil, tegese urip wis kerso ngagem kawicaksanan, nanging yen nganti banjur tumindak mengkono, ono wohing tumindak luput mau mulo banjur kudu sabar narimo ikhlas kanti ngalah.
Dene tumindak luput mau tumrap roso tetep, mulo bisane nyuwun pangapuro, dene yen tumindak luput wis diapuro, tumindak budi pekerti yo kudu nyuwun pangapuro, yen wis ono roso gelem ngakoni luput, tumindak budi pekerti yo kudu gelem ngakoni luput, yen rogo gelem sakepti karo roso, banjur bener temahan tentrem.
Bedane temen lan temenan.
Yen temen kuwi tumuju marang njero
Yen temenan kuwi tumuju marang njobo.
Yen temen-temenan kuwi lakune budi pekerti, ngestoake dadi satriyo sejati ugo wanito sejati.
Sejatine satriyo sejatine wanito tegese kudu wani dadi wadahe urip, dadi laku anggembleng laku nyawiji, mulo kudu temenan, lungguhe roso timbal balik obah angobahi, kroso ngrasakake entuk roso menehi roso, laku kono kene, laku podo-podo