NARASIMHA MURTI OBAHE ROSO - LAKUNE ROSO

0

NARASIMHA MURTI

OBAHE ROSO  -  LAKUNE ROSO



Naramurti singamurti

Angabhayaning bhakta

Wajranakha

Wajradanta

Manggalaning hayu


Sumirat kanaka

Pangimban raganta

Pangalahnya pwa kalana


Kinalang dahana

Saking prabhu sira

Raktanjali sira Hiranyagarbha


Rakwa sira rumaksa praja

Jayaning sang tinakut

Saha sembah tang hulun ri padan ri sira

Tumalawungan ring anantapura


Sang diramriha yuda ring rana tapa brata makalaga wira sadripu


Lagyabyuha samadi tatwa guna wahananira karunadi dharana


Samudra dwaja singhanada japa mantrawara danu acintya bhawana


Bodhijnana sarotamangilangaken ripu makapala dharma sunyata


Saksat murti bhatara sakyamuni marawijaya sira sang samangkana


Manggeh manggala ning mango pranata baktya sikara ri lebu ni jongnira


Stutyangken pratima pratista ginelar makuta widi winijan aksara


Inyang ni ngwang amoga tan saha sake padanira mara janma ning hulun


Lawan dening angarcane pada bhatara sugata pinakesti dewata


Nirwigna ngwang amarna marna miketa ng carita niran adharma desana


Angken camani yanira kasakena kastawanira pinawitra ring jagat


Panggil rakwe wenang pangahwata ri janma ning ajar ajar angregep lango


OBAHE ROSO  -  LAKUNE ROSO

Laku tentrem, amergo roso kuwi ora biso diwakilake, dadi gampangane koyo dene wong merem


Mulo yen nyumurupi utowo weruh tumindak kang nerak katentreman ojo dirasakake


Dene yen nyumurupi kadhang tumindak nerak angger-angger katentreman kuwi


Dirasakake lan ngrasakake, amergo ukuran ketentreman angen-angen, budi pekerti lan poncodriyo isih owah gingsir, dadi durung bener


Dene lakune roso nuntun tumindake rogo tetulung mring liyan kuwi kudu dilakoni sing tenanan amergo kuwi kanggo ngopeni ati


Ugo keno tetulung amergo kuwi ateges laku gawe ketentreman, gawe ketentreman kuwi lungguhe welas asih yoiku laku lan tumindak sing bener tur pener


Waton tumuju marang laku gawe ketentreman iku lungguhe ojo cawe-cawe, dene yen rosoniro obah banjur kudu tetulung kuwi sing diarani mulung, bab angger-angger ojo cawe-cawe mring liyan


Ora milah-milahake antarane laku lan lungguhe, awit dasare mung tentrem, dene lungguhe angger-angger kuwi mau ono ing roso rasaning Rogo kelawan Sukmo


Toto kuwi olah roso supoyo ngerti obahe roso mlakune roso mijile roso


Titi kuwi olah batin tegese ngumpulake, dadi laku karep utowo sir, olah roso lan olah batin kuwi loro-lorone lakune tirakate wong melek


Olah roso anuduhake dalan, olah batin ngumpulake ono, ono ing kene tegese sakwise weruh dadi isih roso pangroso


Iki dudu olah batin tegese wis dudu laku maneh nanging nyoto-nyoto wis tekan manunggal, gembleng nganti midjil, mulo cegah dahar lawan guling iku panggrengane


Tegese wengkune, mulo roso kuwi dudu anggep-anggepan, anggep-anggepan kuwi roso rogo awit rogo rumongso bener


Kroso-ngrasakake - rumongso-ngrumangsani wis dadi laku tumraping gesang


Wong ora biso kroso lan ora biso ngrasakake podo karo batang urip utawi mayat hidup, biso urip nanging ora duwe ati


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)