GEGURITAN WULANG TUTUR

0

GEGURITAN  WULANG TUTUR



Dipadha taberi ing pasinaon 

Goleka ngelmu kang nyata 

Kanggo nggayuh kawicaksananing urip 

Kang kebak ing tatakrama 

Nora ginubel ing piyala 


Dipadha tentrem rahayu 

Aja gawe gela mring atining liyan 

Nrima ing pandum 

Nggedhekna rasa sokur 


Dipadha lembah manah 

Tegese nora lumuh asor kumudu unggul 

Nggatekna marang wong cilik 

Kang uripe rekasa sarwa kacingkrangan 


Aja seneng maido apa maneh ngece 

Elinga yen Gusti iku nora sare 

Lan samubarang kang kok lakoni 

Ing tembe bakal kok undhuh dhewe 


GEGURITAN 

Kangen iku tambane yen wis ketemu, 

Kuwi wis dadi kodrat, 

Kawit urip nganti pati, 

Uga bisa nuwuhake rasa tresna.

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)