MBURU UCENG KELANGAN DELEG
Tegese ngeboti barang kang kepetung cilik lan ora mbejaji, sidane kelangan darbeke sing gedhe ajine lan migunani. Paribasan iku nggambarake wong kang kepilut dening barang utawa kahanan kang sejatine remeh-remeh, banjur anggone ngupadi tenanan lan ninggal kaprayitnan.
Ora ketang sing diimpi-impi mau kaleksanan, nanging tomboke uga gedhe. Kepeksa kelangan (ngorbanake) barang darbeke sing banget migunani.
Yen dijlentrehake, unen-unen iki gambarane mangkene. Ana uwong mancing ing kali. Sejatine anggone mancing wis entuk akeh, ana lele, sepat, mujair, lan wader.
Ananging uwong mau durung marem. Dheweke durung trima, awit meruhi uceng rada gedhe slira-sliri sajak ngawe-awe. Cilakane, bareng arep dipancing uceng mau malah ngadoh. Diburu menyang papan liya, uceng nglali ngadoh. Saking ngebete, ora sranta kali disrabangi. Ora ngertiya ing dhasare kali ana carang pring ori. Bareng kepidak, wong iku pringisan karo sikile diangkat. Gandheng setengah kaget, anggone ngangkat sikil rada kesusu. Mula oleh-olehane wong iku iya mung kepleset kecegur kali, kamangka iline lumayan santer. Iwak serenteng kontal, keri mbandhang ora bisa ditututi. Karo mentas, yen isih ngenggoni Jawane, dheweke mesthi kelingan paribasan iki : mburu uceng dadi kelangan deleg.
Mburu uceng kelangan deleg.
Artinya memburu uceng (ikan kecil berbentuk seperti lele, berwarna hitam), tetapi malah kehilangan tongkat untuk menyebrangi sungai atau mengejar sesuatu yang sepele dan tidak berharga. Akibatnya, kehilangan miliknya yang jauh lebih berharga dan bermanfaat. Hal ini adalah gambaran orang yang terpukau pada hal yang sebenarnya remeh belaka dan memburunya dengan meninggalkan kehati-hatian. Walaupun apa yang diidamkan tadi tercapai, tetapi kerugian lebih besar.