LAKU BUDI LUHUR (TEMBANG KINANTHI)

0

LAKU BUDI LUHUR (TEMBANG KINANTHI)



Mongko kanthining tumuwuh,

Salami mung awas éling,

Eling Lukitaning alam,

Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsoyo,

Yèku pangreksa ning urip.


Marmo dèn taberi kulup,

Hangulah lanthiping ati,

Rina wengi dèn hanedyo

Pandhak panduking Pambudi,

hambengkas kahardaning driyo

Dadyo luhur utami.


Pangasahing sepi samun,

Aywi ésah ing salami,

Samongso wus kawistoro

Lalandheping Mingés.mingés,

Pasah wukir reksomuko,

Kekes srabédaning budi.


Déné Awas tegesipun,

Wus weruh warananing ngurip,

Miwah wisesaning tunggal,

Kang atunggil rino wengi,

Kang mukitan ing sakarso,

Gumelar ngalam sakalir


Aywo sembrono ing kalbu,

Wawasen wuwus sirèki,

Ing kono yekti karoso

Dudu ucaping pribadi,

Marmo dèn sembadèng sedyo

Wewesen praptaning uwis.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)