SANEPAN PALENGGAHANE URIP NENG DONYO

0

SANEPAN PALENGGAHANE URIP NENG DONYO



TITIK WANCI 

Titik wanci menungso ono ing palenggahaning urip,

Urip kang sak becik’e urip,

Urip gemawang nang paran….parane 


AKARYO JAGAT

Jagat sak isine kudu ngerti pawohing pakarti,

Pakarti budi luhur soko kersa ning Allah ta’allah sing duweni singgahsana abadi.


MENUNGSO

Mulo ugo menungso sing kasembadan…Ojo tho podho rumongso,

Rumongso kang kaninggaling kawulo,

Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning alam,

Alam kang katatan , sak tenanne,

Sak tenanne menungso kuwi mung kawijangan rumongso,

Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne marang Gusti kang akaryo jagat,

Kang duweni gede rumongso kuwi kawijangane Gusti Allah.


KANUGERAHAN

Kanugerahan urip kuwi kudu ditoto lan diwejang.

Ojo ditonton , tapi diroso…diroso opo piwulange urip sak benere.

Sing koyok ngono kuwi jenengen manunggaling kapribaden kawulo urip neng donyo.

Mulo…tho mulo ojo paninggung tapi kudu wilantah , wilujeng ing pandongan.

Sing sak bener-benere pandongan kuwi kudu marekso neng ati lan roso karo Gusti Allah.


DONYO

Kahanan urip neng donyo kuwi wejowantahing kawulo Gusti.

Kawulo Gusti kudu duweni doyo manunggaling roso sejatining roso urip.

Sejatining roso urip kuwi doyo kanugerahaning Gusti Allah kang akaryo jagat sak isine.

Kudu piye menungso neng donyo kuwi sing ngaluyur uripe

Menungso ning donyo kuwi kudu malenggahing roso ning urip.

Kudu ngerti sabenere urip kuwi soko kersane Allah Ta’allah.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)