HAKEKATING URIP

0

HAKEKATING URIP



Ana piwulang hakekating urip kang migunakake urut-urutane carakan aksara Jawa Piwulang kasebut dening suwargi Ir. Sri Mulyono ana ing bukune Apa dan Siapa Semar disebut Filsafat Nusantara :

Ha : Hananira sejatining wahananing Hyang.

Na : Nadyan nora kasat mata pasti ana.

Ca : Careming Hyang yekti tan cetha wineca.

Ra : Rasakena rakete lan angganira.

Ka : Kawruhana jiwanira kongsi kurang weweka.

Da : Dadi sasar yen sira nora waspada.

Ta : Tamatna prabaning Hyang sung sasmita.

Sa : Sasmitane kang kongsi bisa karasa.

Wa : Waspadakna wewadi kang sira gawa.

La : Lalekna yen sira tumekeng lalis.

Pa : Pati sasar tan wun manggya papa.

Dha : Dhasar beda kang wus kalis ing godha.

Ja : Jangkane mung jenak jenjeming jiwaraga.

Ya : Yatnana liyep luyuting pralaya.

Nya : Nyata sonya nyenyet labeting kadonyan.

Ma : Madyeng ngalam pangrantunan aywa samar.

Ga : Gayuhaning tanna liyan jung sarwa arga.

Ba : Bali murba misesa ing njero njaba.

Tha : Thakulane widadarja tebah nistha.

Nga : Ngarah ing reh mardi-mardiningrat


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)