SULUK PATHET SANGA WANTAH

0

SULUK PATHET SANGA WANTAH

 


Sangsaya dalu araras,

Abyor kang lintang kumedhap,

Titi sonya tengah wengi,

Lumrang gandhane puspita, 

Karenghyan ing pudyanira,

Sang dwijawara mbrengengeng,

Lir swarane madubranta, 

Manungsung sarining kembang


Dhedhep tidhem prabawaning ratri, 

Sasadana wus manjer kawuryan, 

Tan kuciwa memanise,

Menggyep sri nateng dalu,

Siniwaka sanggya Prada sih,  

Anglar neng cakrawala,

Winulat anglangut, 

Prandene paksa kebekan, 

Saking kehe tranggana kang sumiwi,

Warata tanpa sela

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)