PEPILING PIYANTUN SAMPUN SEPUH / ADIYUSWO
1. OJO NGANGUR
Sanadyan sampun sepuh prayogane tetep nindakake pakaryan opo wae thak thik thak thik ono gaweyan lan ono kegiatan.
Bab iku supoyo pikiran yo mlaku terus, marakke ora gampang pikun.
Dene ragane yo isih tetep biso diobahake ora lemes lan ora kaku.
2. OJO NGOYO
Tegese makaryo yo makaryo, nanging sabisane wae sak kuwate, sak penake, sak cukupe.
Kudu eling yen piye-piye awake wis lungse, wes ora kuwat-kuwate manungso.
Opo maneh wis adiwisyo mesthi ono tethese.
Mulo ojo ngoyo anggone makaryo, yen olah rogo ugo sak madya wae, yen wis kroso sayah kudu leren ben jantunge ora kabotan.
3. OJO NGLOKRO
Sanadyan wis towo nanging ojo nganti nglokro, rumongso wis ora kuwat, wis ora murwat, wis ora kanggo lan wis loyo.
Sanadyan wis tuwo nanging mesthi isih miguno piwulange, pengalamane, suwuk sembure lan pangestune.
Mulo kudu tetep semangate, tetep dadhi berkah nganti puputing yuswo.
4. OJO NGEMPET
Tegese ojo seneng ngendem roso sing ora becik koyoto gampang nesu, gampang serik, gampang meri.
Kabeh roso pangrodo kudu diudhari kanthi jlentreh nanging sarrh lan sumeleh.
Supoyo sarono mengkono ati ora kabotan lan pikiran ugo ora kuciwo.
PRAYOGANE ATINE PORO ADIYUSWO KUWI NGETRAPNO 3 (TELU) PETKORO
1. LILO
Yo iku iklas ing samubarang prakoro, yen nindhakake pakaryan, yen paweh, yen nulungi liyan, kabeh kuwi dudu kanthi ati kang iklas sepi ing pamrih kapentinganing pribadi.
2. LEGO
Tegese atine kudhu jembar.
Biso nompo prakoro opo wae, dadhine yo ora gampang sedhih utowo serik nanging gampang lilih.
3. LEGOWO
Tegese bido nompo kahanan kang tumomo marang awake dhewr, nrimo ing pandum lan tansah ngucap syukur tumrapdak paringe Gusthi Kang Moho Adil