SULUK BURUNG : PUYUH KUTUT PELATUK (Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing Surakarta) ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦧꦸꦫꦸꦁ꧇ꦥꦸꦪꦸꦃꦏꦸꦠꦸꦏ꧀ꦥꦼꦭꦠꦸꦏ꧀ ꧋(ꦏꦥꦺꦛꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦊꦩ꧀ꦆꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠ)

0

 SULUK BURUNG : PUYUH KUTUT PELATUK

(Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing Surakarta)

ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦧꦸꦫꦸꦁ꧇ꦥꦸꦪꦸꦃꦏꦸꦠꦸꦏ꧀ꦥꦼꦭꦠꦸꦏ꧀

꧋(ꦏꦥꦺꦛꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦸꦭꦸꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦊꦩ꧀ꦆꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠ)




Imajiner Nuswantoro



Suluk Burung: Puyuh, Perkutut, dan Pelatuk merupakan salah satu karya sastra mistik (tasawuf) Jawa yang termuat dalam antologi naskah Serat Suluk Jaman Karaton-Dalem ing Surakarta koleksi Sasana Pustaka Keraton Kasunanan Surakarta. Teks ini menggunakan alegori percakapan tiga jenis burung yakni puyuh, perkutut (dalam salinan tertentu tertulis kutuk atau perkutut), dan pelatuk untuk mengajarkan hakikat kehidupan, kematian, serta hubungan antara raga (kurungan) dan jiwa (peksi).


Gambaran Umum dan Sumber Naskah

1. Asal Naskah. Teks ini dipetik dari kompilasi naskah asli milik Sasana Pustaka Keraton Surakarta yang didokumentasikan dan diterbitkan kembali oleh Perpustakaan Nasional RI.

2. Bentuk Sastra. Karya ini ditulis dalam bentuk tembang macapat (seperti Mijil atau Kinanthi) yang menjadi ciri khas sastra suluk Jawa untuk menyampaikan ajaran tasawuf secara puitis.


Pokok Ajaran dan Simbolisme

- Simbolisme Burung dan Sangkar. Burung (peksi) melambangkan sukma atau roh manusia, sedangkan sangkar (kurungan) melambangkan raga jasmani di dunia fana.

- Dialog Hakikat Kematian. Dalam cerita tersebut, burung pelatuk bertanya kepada burung puyuh mengenai nasib sangkar (kurungan) ketika ajal (kapaten) tiba, apakah sangkar itu akan dibawa serta atau ditinggalkan.

- Makna Melepas Keduniawian. Burung puyuh menjawab bahwa membawa raga setelah mati adalah hal yang sia-sia (tanpa karya), karena raga adalah ketetapan duniawi dari Tuhan (Hyang Widdhi) yang harus ditinggalkan agar roh dapat mencapai kemuliaan sejati.

- Keterikatan pada Raga. Burung pelatuk menggambarkan watak manusia yang masih terikat pada hal-hal duniawi, karena ia merasa sayang jika harus meninggalkan sangkarnya yang indah dan terawat di dunia.




Anggitanipun abdi-dalem Raden Tumenggung Sastranagara. 

Sekar Gambuh : 16 pada. 


1. Wuryaning sekar gambuh, kang ginita caritaning burung, kang 

kinarya sasmitanira ing pati, titiga kathahing burung, kang samya 

arebat kawroh. 

2. Peksi puyuh perkutut, katingane kang paksi palatuk, rukun samya 

pawong mitra peksi katri, kang peksi pelatuk muwus, kadya paran 

paksi puyoh. 

3. Karsanta kang gumathuk, ing kapaten kurungan puniku, punapa ta binekta tuwin kinari, awecaa kang satuhu, nauri sang peksi puyoh. 

4. Dhuh ki raka palatuk, binekta punapa ta pedah pun, ing kap ten nira 

..............., kurungan kang lewih bagus, tur tan ana kang winasa. 

5. Pan kurungan puniku, nanging kang datan awas tan antuk, jer pun ku wus papancen ing Hyang Widdhi, binekta tanpa karyeku, dene dadak  reyang-/reyong. 

6. Sang pelatuk amuwus, eman temen yayi lamun kantun, aneng dunya anjur luluh sun labuhi, kurungan manira bagus, ngong kikisik tan keni pot. 

7. Lan ketang duk ing dangu, aneng dunya rewang galang-gulung, 

awekasan tinilara aneng bumi, dadi tan ana luwih mu, nauri sang paksi puyoh. 

8. Dhuh ki raka palatuk, paran rakit ing pambektanipun, ulun nedha jinatenana sayekti, sang peksi palatuk muwus, yayi pan kurungan ing ngong. 

9. Sun cipta agengipun, dadiya samarica binubut, ingsun cucuk tumuli sun untal aglis, ajur datan ana kantun, wus dadi suksma kinaot. 

10. Mojar paksi berkutut, yen mangkono eh yayi palatuk, maksih 

kamomoran tan mulya ing pati, miwah yen kalamun kantun, dene liwat nistha asor. 

11. Binekta sirik agung, dadi tan ana luwihireku, ingsun ngrungu carita ing nguni-uni, dene ta kurung/an iku, iya embanan ing eroh. 

12. Eroh embananipun, suksma tan kena pisah puniku, katri iku wus tunggal dadi sawiji, peksi palatuk amuwus, kakang jatenana ing ngong. 

13. Mojar paksi berkutut, pamane yayi kurungan iku, wastra ingkang lesah anjalebut kusi, anuli manira ekum, ing tirta nuli sun wasoh. 

14. Sun keplok ingsun celub, sun cok-ecok malih ingsun celub, ingsun girah ing tirta ingkang ngawening, wus pethak sirneng ta letuh, dadi wastra mulya kaot. 

15. Pan wus mulih wastra lus, apa gawe rinasan puniku, nora beda ing dunya tuwin ing ngakir, kurungan lan peksinipun, upamane emas winor. 

16. Lan tembaga linebur, sirna ananing mas tembageku, nora kena ing-aranan mas tembagi, wus anunggal karo iku, ya aranana suwaos. 

Lambang suluk Burung punika kajarwanan dhumateng abdi-dalem pun Ngabehi Awikarama, 



Sekar pucung : 10 pada. 


1. / Kuneng gambuh, binuka kang sekar pucung, de lambang titiga, 

platuk gemak kutut nenggih, apadudon arebat lepas ing tekad. 

2. Ulun matur ambuka lambang puniku, kang paksi titiga, amedhar ingkang linempit, mugi-mugi antuka musahab ing tyas. 

3. Tegesipun kang paksi kutut kang manggung, di-dalem pukongga, manganama anuntagi, dhasa[r] bisa saniskaraning kang basa. 

4. Sinungan gun, surasaning kitab agung, Kur’an panengennya, kering 

Jitapsara nenggih, kasujanan sambega nanawung kridha. 

5. Nahan puyuh abdi-dalem mas pangulu, angluluri kitab, Kur’an 

gangsal wedal manjing, karam mekruh datan arsa ngawruhana. 

6. Yekang platuk, di-dalem ajar neng gunung, nguni kang tatapa, 

pangajaran ing jajernih, yen wus siddhi winisudhen reh sadarga. 

7. Ajar ruhun, ing nguni-uni wus kasub, kasusra ing jana, ngatas-angin bawah-angin, pan wong tapa tinemu barang sineja. 

8. Kang sareju, sasenengan tan terta/ntu, mring kyahi pujongga, weneh mring pangulu ngaji, ana prapta tatanya marang ki ajar. 

9. Janma luhung tuhu sampurnaning kawruh, wruh samaning sama, 

tataki sinamun batin, trapsilanya tinata aneng wacana. 

10. Dwi kang dhusun, daraheni lapalipun, kene kana kena, saking patrap tata krami, den-prayitna olah wening kaelingan. 

11. Tri kang burung, wus samya saeka kalbu, anuraga ing rat, kinarilan ing Hyang Widdhi, panduking reh kang tumuwuh ing bawana. 


Kapethik saking Serat suluk jaman karaton-dalem ing surakarta.




Imajiner Nuswantoro 




Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)