PANJI ASMARA BANGUN, DÈWI ANGGRAÈNI LAN DÈWI SÊKARTAJI
Sanadyan Dèwi Kilisuci (Sanggramawijaya Tunggadèwi) miyos såkå garwå padmi , nanging piyambaké ora kêrså nampani wêwênang waris jumênêng nåtå , malah milih mungkuraké kadonyan , mêrtåpå ing Guwå Sèlomanglèng , Gunung Klotok sisih kulon kuthå Kadiri.
Pêpancasané Dèwi Kilisuci agawé råså prihatin lan sumêlangé Prabu Airlangga , yèn ing têmbé bisa dadèkaké papérangan rêbutan panguwåså antaraning putra-putrané.
Prabu Airlangga banjur nêtêpaké yèn nagari Kahuripan kapèrang (dipalih) dadi loro.
Mpu Bharada ingkang pinitåyå ngayahi jêjibahan. Kanthi mahawan gêgånå manitih imå , Mpu Bharada ngucuraké tirtå suci kang ora ånå êntèké såkå kêndhi , minångkå watês antaraning nagari siji lan sijini. Sinartan tansah mamuji Jawåtå ugå paring sabdå , supåyå ing têmbé nåtå panguwåså nagari kêkalih , tansah ngutamakaké karukunan lan katêntrêmaning bawånå. Amargå , såpå waé kang ngêrsaaké lan ngrêbut åpå kang dudu wêwênangé , bakal antuk siku dêndhaning Jawåtå.
Kahuripan wus kapèrang dadi loro. Nagari Jênggala kuthå-nagariné ing Kahuripan , nguwasani tlatah Malang , Surabaya , Pasuruan , ingkang jumênêng nåtå Råjå Jayantaka Tunggadèwa (Prabu Lêmbu Amiluhur).
Wondéné nagari Kadiri (Panjalu) kuthå-nagariné ing Daha , nguwasani tlatah Kediri , Madiun , Ngawi , ingkang jumênêng nåtå Råjå Jayawarsya Tunggadèwa (Prabu Lêmbu Amijaya).
Saturut lumakuning wêktu , nåtå råjå kêkalih duwé kêkarêpan nyawijiaké manèh nagari Jênggala lan Kadiri , kanthi sarånå jodhohaké Radèn Panji Inu Kêrtapati (Panji Asmara Bangun) , Pangèran Adipati Anom nagari Jênggala karo Dèwi Sêkartaji (Galuh Candra Kirana) putri nagari Kadiri.
Nanging tanpå kawêruhan dèning sang nåtå ugi ingkang ibu , Radèn Panji Asmara Bangun wis anggarwå Dèwi Anggraèni , wanudyå èndah sulistyå ing warni nanging dudu trah kraton utåwå bangsawan (trah luhur).
"Ujaring mbok sambiwårå , pawartå kang ginåwå pawånå binandhunging karnå" , kêprungu dèning Prabu Lêmbu Amijaya , kang banjur ngutus dutå-nawålå sing isiné nakokaké bênêr lan orané pawårtå kang sumêbar ngênani Radèn Panji Asmara Bangun. Åpå Prabu Lêmbu Amiluhur arêp murungaké jêjodhohan sing wis sinarujukan sêsarêngan.
Prabu Lêmbu Amiluhur kang dahat kagèt maos surasané nawålå , banjur mundhut paniti prikså marang mantri pråjå kang pinitåyå.
Dutå såkå nagari Kadiri banjur kinèn bali kanthi nggåwå nawålå kang isiné Prabu Lêmbu Amiluhur ngaturaké kaluputan , amargå dadi wong tuwå kurang ing panggulawêntahing marang putrå.
"Sarèmaå pinårå såsrå" ora ånå sêdyå murungaké jêjodhohan antaraning Dèwi Sêkartaji lan Radèn Panji Asmara Bangun.
Prabu Lêmbu Amiluhur ugå ngaturi yèn bakal ngrampungi rêribet kang digawé putrané.
Prabu Lêmbu Amiluhur banjur paring dhawuh marang Udapati Kêrtala , putrané såkå garwå ampil , kinèn nyirnaaké Dèwi Anggraèni.
Udapati Kêrtala rumångså abot nglêksanani parèntahing sang Prabu , amargå kajåbå trêsnå marang adhiné , uga mèlu bungah bagyå (bahagia) ndulu karukunané sang adhi Radèn Panji Asmara Bangun karo Dèwi Anggraèni.
Sawisé pinangih karo sang adhi lan Dèwi Anggraèni , Udapati Kêrtala banjur ngêndikå , mênåwå ingkang råmå Prabu nandhang gêrah , Radèn Panji Asmara Bangun kinèn sowan dhatêng wiku Dèwi Kilisuci , nyuwun usådå "Tlutuhing kayu kastubå , roning sandilåtå".
Sawisé Radèn Panji Asmara Bangun bidhal , Dèwi Anggraèni masrahaké patiné marang ingkang råkå. Sang Dèwi wus "tanggap ing sasmita , limpat pasang ing grahitå" , mênåwå têgêsé "tlutuhing kayu kastubå" kuwi gêtihé sang Dèwi , sêmono ugå "ron sandilåtå" kuwi têgêsé ragané sang Dèwi.
Prabu Lêmbu Amiluhur ngêrsaaké patiné Dèwi Anggraèni amargå dianggêp dadi pêpalang jêjodhohané Raden Panji Asmara Bangun karo Dèwi Sêkartaji.
Ing kadhaton Kadiri , Dèwi Sêkartaji nandhang sungkåwå nalikå krungu pawartå yèn Radèn Panji Asmara Bangun wis anggarwå Dèwi Anggraèni.
Kanthi didhèrèkaké êmban kinasih , Dèwi Sêkartaji oncat såkå kadhaton tanpå kawruhan ingkang råmå prabu.
Radèn Panji Asmårå Bangun ugå nandhang sungkåwå nalikå ngêrti ingkang garwå Dèwi Anggraèni sampun pêjah , åpå manèh kêprungu pawartå yèn tunangané Dèwi Sêkartaji mèndrå såkå kadhaton datan kawruhan tindaknyå.
Radèn Panji Asmara Bangun banjur lungå såkå kadhaton kanthi didhèrèkaké sawatårå prajurit , ngulandårå ngupadi Dèwi Sêkartaji.
Cêkaké caritå gancanging lampah , Radèn Panji Asmara Bangun biså kêpanggih karo Dèwi Sekartaji.
Nåtå sumawånå pårå kawulå nagari kêkalih samyå sukå marwåtå sutå.
Tancêp kayon.
Miturut sujarah :
Prabu Airlangga mèrang pråjå Kahuripan dadi loro ing warså 1042.
Wêwêngkon sisih kulon dadi kraton Panjalu kanthi kuthå-nagari yasan ènggal sinêbut Daha , kaparingakên marang ingkang putrå Sri Samarawijaya.
Wondéné ingkang putrå Mapanji Garasakan pinaringan wêwêngkon sisih wètan dadi kraton Janggala (Jênggala) kanthi kuthå-nagari lawas , yå iku Kahuripan.
Cathêtan :
▪ Ånå sêratan sing mratèlaaké yèn sing mêjahi Dèwi Anggraèni winastanan Panji Braja Nata.
▪ Pêsaréané Dèwi Anggraèni ana ing Dusun Blambangan , Kecamatan Berbah , Sleman.
▪ Ånå lampahan Ringgit Gêdhog sing nyaritaaké yèn pråjå Kahuripan ugå sinêbut Jênggala kuwi dipèrang dadi papat.
1. Nagari Jênggala , ratuné Prabu Lêmbu Amiluhur.
2. Nagari Kêdhiri (Mamênang) , ratuné Prabu Lêmbu Amijaya.
3. Nagari Ngurawan , ratuné Prabu Lêmbu Amisèna.
4. Nagari Singasari , ratuné Prabu Jayantaka.
Cathêtan lan sorogan têmbung :
▪ Caritå kuwi sadurungé Mataram Islam , dadi bab asmå lan nami pråjå , mêsthiné ora kawåcå , kaucapaké mawi paugêran "a" = "ó"
- Prabu Airlangga , ora diucapaké : Airlónggó.
- Mpu Bharada , ora diucapaké : Mpu Bharódó.
- Jênggala , ora diucapaké : Jênggóló.
▪ Èwåsêmono , kasumanggaakên dhumatêng pårå kadang ingkang nupikså anggènipun maos , ngucapakên.
▪ garwå padmi = garwané ratu kang utåmå (bhs. Ind. : permaisuri).
▪Pangèran Adipati Anom : putrané ratu kang bakal gumanti nåtå. (bhs. Ind. : putra mahkota).
▪pêpancasan : katêtêpan , putusan.
▪ujaring mbok sambiwårå , pawartå kang ginåwå pawånå binandhunging karnå : kabar yg disampaikan oleh ibu-ibu pedagang (saudagar) , bêrita yg terbawa angin bergema tersebar dan terdengar telinga.
▪ dutå-nawålå : utusan pembawa surat.
▪ sarèmå pinårå såsrå : rambut siji dipèrang sèwu. sithik bangêt , alus bangêt.
▪ tanggap ing sasmitå : biså mangêrtèni surasané pratåndhå.
▪ limpat pasang ing grahitå : mumpuni babagan pangêrtèn , panyananing batin.
▪ sukå marwåtå sutå : bungah bangêt.
▪ marwåtå sutå : (Kw) kåyå gunung anakan. parwåtå : gunung. sutå : anak , putrå.
Imajiner Nuswantoro

