MUSTHIKANING KIDUNG ꦩꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦤꦶꦁ ꦏꦶꦣꦸꦁ

0

 MUSTHIKANING KIDUNG

ꦩꦸꦱ꧀ꦛꦶꦏꦤꦶꦁ ꦏꦶꦣꦸꦁ



Imajiner Nuswantoro



PUPUH I

SINOM


  1. Lir meksi pradapanira, ing kamal macelu nganggit, basa Jawa sinung tembang, baba sajuga wasitadi, anggitan Kangjeng Nabi, Suleman Ibnu Jeng Dawud, menggah raning pustaka, paringira Kangjeng Nabi, Musthikaning Kidung tyas muja ing suksma.
  2. Karsa sung wening wardaya, cempat ngiket basa nulis, lalagon ing tembang tiba, mring basa dhongdhinging gendhing, lan babon kang den cukil, ing suraos saged jumbuh, wasitadi isbatan, wonten ratu murih maring, pra kakasih wanodya kinon nggonjak.
  3. Surasa parlu kinarya, paneter jejeging budi, budaya kang sedya ngangsa, mring panggawe buru angina, jroning kasongan rawi, pada ngidak bantala gung, binudi santosanya, widada budi mrih sidik, pan kawedhar menggah ing sabda Narendra.
  4. Ingsung mugi rinobana, ing pangucapira lathi, dene ta asih paduka, sadhepipun anglangkungi, saking anggur utawi, ganda paduka rumipun, anglir pendah jebatdan, ingkang sakalangkung wangi, menggah asma paduka prasasat lisah.
  5. Wangi ingesok gandanya, angambar menuhi bumi, mila para prawan samya, kapidereng anyaosi, katresnan mugi-mugi, paduka ngingkis tengsu, saking endahing cahya, karsaa anggendeng aji, maring amba temah tut wuntat kewala.
  6. Sasampuning Naradipa, kang cahya angingkis sasi, karsa nambadeng katresnan, kawula sinambut manjing, ing gedhong tilam sari, pipingitaning jinem rum, kularsa samya bingah, reneng tyas kanga wit saking, padukarendra tanggap tanduking katresnan.
  7. Kawulanta arsa samya, angalembana tumrap mring, sih paduka cahya pendah, Narendraning Sang Hyang Ratih, pinunjul angsung ing sih, pamales katresnan konjug, kalangkung anggur dahat, mawi kayekten gyan sami, anyaosken katresnan maring paduka.
  8. Nengna panggonjaking prawan, kinocap sabdaniraji, he sagung para wanodya, ing Yerusalem nagari, pan ireng kulit mami, nanging endah rupanipun, pindha tarup ing kedar, sartanira angemperi, babutira Suleman kacremanigwang.
  9. Sira aja meksi ingwang, irenge kukulit mami, amarga saka kataman, sunarira Sang Hyang Rawi, anake biyung mami, padha muring-muring mring sun, mulane ingsun nulya, pan pineksa kinon dadi, juru among marang papan pakebonan.
  10. Tetanduran anggur temah, pakebonan sun pribadi, iku tan sun upakara, wangsulanira pra estri mareng Jeng Sri Bupati, dhuh pukulun Sang Ngaprabu, kang katresnan jiwamba, kawulanta mugi-mugi, kalilana nyumerepi ing panggenan.
  11. Kagungan menda paduka, wonten pundi deniraji, mlegungken mamrih kauban, tan kasorot bagspati, masamadyeng Hyang Rawi, punapa amba Prabu, ngantosa kluyuran lan, namur dhateng pratisthaning, papanthaning para mitra padukendra.
  12. Sang Prabu nabda maluya, mangkaten denira angling, hehe pethinganing para, wanudya endah manawi, sireku durung uning, mangkene mamrih sumurup, payo nglacaka marang, tapake wedhus utawi, cempenira enggonen ana caketnya.
  13. Tarube pangon pangenan, he-he ta kakasih mami, sireku upamanira, kaya kuda ingkang dadi, rakitan rata aji, Pringon sinambating arum, sru endah pipinira, ingapit-apit sumping, ewadene lungayanira rinengga.
  14. Kalung sireku paarsa, sun yasakken sumping rugmi, tinutul-tinutul salaka, sadangunira Narpati, pinarak kembul bukti, tansak ginonjak dyah ayu, mangkaten ginonjaknya, naretku gandanira mrik, uwotira katresnanku sedhepira.
  15. Tumrap ing aku upama, balendoking emur kadi, buntelan sumesel ana, selaning pambayun mami, sedhepe tumrap mami, terusken nanging nyawaku, lir pendah dhedhompolan, koper iku ingkang saking, kebon anggur ing en-gedi ananira.
  16. Sang Prabu maluya sabda, lah kowe kekasih mami, sireku endah ing warni, iya endah nyata yekti, mripatireku kadi, manuk dara mripatipun, parendah dyan maluya, panggonjakira Narpati, dhuh-dhuh adhuh woding katresnan kawula.
  17. Pekik sarira paduka, anengsemken ati mami, ariyo-riyo Narendra, neng plenggahan Narapati, yen nambadeng kang dadi, katresnan prawan pangulun, lir roroning ngatunggal, wit Kangjeng Ejkha akardi, andalurung ingkang samya kaunggyanan.
  18. Gegebyogipun awarna, wit Kangjeng beros panulis, wulang tumrap bab sajuga, palestha mangkya gumamnti, nurut pasal kekalih, teksih musthikaning kidung, panggiteng Dawut putra, bibisik Suleman Nabi, sekar pocung ingkang pinacak carita.



PUPUH II

PUCUNG


  1. Sekar pucung amedhar ing ngaturipun, para dyah prawan, denira gonjak Sri Mulki, dhuh Sri Nata kawula punika sekar.
  2. Kgabat selet ing soran utawinipun, sekar bakung nglebak, sabdanira Narapati, heh wanita sireku kadya upama.
  3. Kembang bakung ana ing samadyanipun, eron ngono uga, sih ingsun ana madyaning, prara prawan sanadyan ayu ing warna.
  4. Para prawan umatur, marang Sang Prabu, dhuh amba punika, kadya upamanya uwit, tapukha kang wonten tengahing wiwitan.
  5. Ing wanadri inggih mangkaten Sang Prabu, woding katresnewang, wonten madyeng para janmi, priya anom sru dahat anggen kawula.
  6. Remen lungguh wonten ing payomanipun, sarta uwahira legi dhateng cethak mami, kawula wus tinuntun umanjing marang.
  7. Gendhong ingkang pancen pangunjingan anggur, mangka pasihannya, inggih punika Narpati, bandera kang kinarya ngaubi ingwang.
  8. Bok kawula den kuwatna lawan amung, nyenyamikan aran, inggih emplek-emplek ksmis, lan den kasnaka lawan uwoh tapukha.
  9. Awit amba anandhang sakit wulangun, utamangganingwang, sinanggi ing ngastha kering, asta tengan ameluk-meluk kawula.
  10. Sabdanira Srinata mring wanudyayu, he para wanita, ing Yerusalem nagari, sira samya ingsun sumpah mungguh kidang.
  11. Myang manjangan wadon-wadon ing ngalam gung, aja ngungkatena, utawa mrempengken maring, ing katresnan prakara iku prayoga.
  12. Ingujaa iya saka sejanipun, pribadi badiwak, para prawan amangsuli, mring Narpati mangkaten wuwusing Kenya.
  13. Pan krungu inggih amba swaranipun, woding katresnamba lah ing kono angrawuhi, rawuhnira malumpat-lumpat tindakira.
  14. Neng pangargan lincak-lincak aneng munggur, woding katresnengwang, memper kaya kidang tuwin, kaya kompeng lah puniku enggonira.
  15. Jumeneng neng burining tembang amanguk, ngungak-ungak marang, jandhela-jandhela meksi, sarta mulateng buri ruji candhela.
  16. Uwotipun katresnan kumedar wuwus, iya marang ingwang, mangkene kekasih mami, angadega ing wong ayu-ayu sira.
  17. Uwotipun iya ing katresnaningsun, sira mareneya, lah ta wus liwat badhidhing, myang tingkase masa udan wus kliwat.
  18. Ing bumi wus kawon kembang-kembangipun, wus tekama samya, pangocehing peksi-peksi, myang manggungge brakutut karungu iya.
  19. Ana tanah ing kene utawanipun, uwit arah padha, anggurihken wohing pentil, uwit anggugur kembang mrik arum gandanya.
  20. He kekasih ngadega he prawan ayu, paraning tresnengwang, mareneya dara peksi, ingon-ingonku kang manggon lawahing parang.
  21. Ing pasingetaning gampeng pasemonmu, kotakna maringwang, ambukaa sira angling, su pyarsakken swaramu maweh asmara.
  22. Yuning semon semumu karya wulangun, ingsun rewangana, sedyengong anyekel maring, gagarangan cilik kang padha angrusak.
  23.  Kebon anggur awit dene kebon anggur, iya darbekingwang kembangira amrok mijil, uwotira iya ing katresnaningwang.
  24. Darbekingsun dhewe iya sartanipun, apan iya nyata, kekasihnira pribadi, gyanya angon ana tengah-tengahira.
  25. Kembang-kembang bakung kongsi wayahipun, adheming rahina, wayahe wayangan asis, dhuh dhuh woding katresnan amaba paduka.
  26. Dyan den sasating kidang utawinipun, kompreng gyan paduka, ngalambreng neng redi-redi, ingkang lowah-lowah palestha panurat.
  27. Pasal kalih ing mangkya gantya mangapus, bab tri sinung tembang, macacat araning gendhing, rarasing tyas mrih wimba weningring driya.


PUPUH III
M I J I L



  1. Kang minijil ucaping pawestri, akung neng paturon, nuli nglari kang dadi telenge, yitma mami sun lari ananging, pan nora kapanggih, anulya clathuku.
  2. Sun tak tangi angideri nagri, sar-pasar kramen wong, lurung-lurung iya tetelenge, nyawaningwang sun lari annuli, pan iya ngong lari, nanging tan kapangguh.
  3. Sun kapapag wong kemit nganglangi, nagri sun pitakon, apa iya wong nglanglang dheweke,  amrangguli marang ingkang dadi, teleng myang jernihing, yitmaningsun mau.
  4. Durung adoh iya unggyam mami, kurung kuran karo, marang mau wong kemit gawene, anulya wus nemu ingkang dadi, teleng myang jernihing, yitmangsun mau.
  5. Dyan sun candhet sarta ngong cekeli, lawan nora ingong, uculake mau tetelenge, nyawaningsun sartanira kongsi, sun sambut umanjing, pantyaning biyungku.
  6. Ing jro gedhong iya kang sayekti, nglairake ingong, e parendyah ing Yerusalem, rungokena kowe iku sami, iya tak sumpahi, piyarsakna mungguh.
  7. Kidang-kidang lan manjangan estri, sira kewaning jro, alas aja iya ngungkatake, myang mrempengken iya iku maring, prakara pakardi, ing katresnan iku.
  8. Den uja asaseja pribadi, sapa nyedhak kono, saka ing pasamunan sasate, kadya kumelune kukus agni, kinutug mur tuwin, menyan sartanipun.
  9. Warna-warna gi-anggining craki, lah sira den weroh, iku joli iya kagungane, jeng Suleman Nabi Dawud siwi, ngurung-urung kongsi, kemput prawira Nung.
  10. Pan sawidak prawira winilis, tunggalane uwong, ing Israil iya prawirane, pada sikep ing pedhang sakwehing, lan kehing ngajurit, kabeh prawira nung.
  11. Kabeh anyangkelit pedhang sami, krana saka dengo, panggirise ing latri wayahe, Sang prabu Suleman apan wis, pajangan ngyasani, kang ginawe kayu.
  12. Ing Lebanon sasakane asli, salaka kinaot, kang ginawe sarta cik-cikancike, emas larapira ing jejarik, wungu semu abrit, mungguh ing jropinpun.
  13. Rinengga-rengga wawarnen dening, katresneng prawadon, iya wadon tanah Yerusalem, he prawanudya ing siyon sami, metuwa umeksi marang sang prabu.
  14. Kang sinambat rum Suleman Nabi, angagem sang katong, makuthadi kang den agemake, marang pajenenganira dening, kang ngibu ing ngari, pikramaning Prabu.
  15. Iya dina suka reneng galih, wardayeng sang katong, pasal katri sampat panurate, bab sakawan kang gantya tinulis, rinarasing gendhing, gambung ing pitutur.



PUPUH IV
GAMBUH


  1. Iba-iba ayumu, he paraning kang dadi tresnaku, iba-iba ayumu matamu mungging, sangisoring kudhung wangun, wangune lir datan seyos.
  2. Matane dara manuk, rarambutmu sasat rambut wedhus, jawa-jawa sapantha kang jerum mungging, ing peperenganing gunung, inggil At untumu kados.
  3. Wedhus gembel akumpul, sapantha ingkang salebaripun, binathilan mentas ginuyang ing warih, kabeh padha mateng jumbuh, lire kembar nora seyos.
  4. Ora ana kang gabud, sartanira iya lelambemu, nora beda kaya tampar sangkilat abrit, cangkemu karya wulangun, pilinganmu ana ngisor.
  5. Ing kukudhung wawangun, wangunane anglir uwohipun, ing dalima iya kang amung sajuri, lungayanira kadyeku, manarane Dawud katong.
  6. Ingkang winangun sungsun, timbun cinanthelan pari sewu, kyehning tamengira pra prawireng jurit, susumu sakaronipun, lir komprenging kidang jumboh.
  7. Kang nyengkul madyanipun, kembang-kembang kang winastan bakung, winangsulan pangandikanira Nabi, mangkaten wangsulanipun, pan sayektine ngantos.
  8. Ing wanci asreping, ing rahinten sarta wancinipun, wawayangan kajeng kawula pan narsi, dhateng redinipun emur, utawi panedyaning ngong.
  9. Dhumateng tenggeripun, menyan menyan Nabi maluya rum, he paraning iya ing katresnan mami, endah sranduning awakmu, tanpa cacad pisan payo.
  10. Yogyane samya medhun, saka Lebanon ke pacangaku, mara sira meluwa marang ing kami, sedyaningsun jangkah mudhun, iya saka ing Lebanon.
  11. Dyan nontona duk medhun, iya saka I pupucakipun, Lea manah saka ing pucuking senar, lan khirmon sarthanipun, ing pandhodhotaning ngemon.
  12. Gununge macan tutul, he rayiku wadon pacangaku, sira uwus ngenglengake ati mami, lan sakedheping matamu kalawan weweling ingong.
  13. Kekalunging gulu, sayogyane saoced bae wus, he rayiku iya pacangaku swami, saiba-iba gonipun, tresnanta nengsemken ingong.
  14. Katresnanmu dahat sru, angungkuli sasawabing anggur, sru gandane lenga jebatmu sun pilih, katimbang sarupanipun, anggi-anggi durung ingong.
  15. Amiliha puniku, he pacangan swami lelambemu, anatesken madu pinasthika tuwin, madu lan puhan cinampur, pan iya iku amanggon.
  16. Sangisoring ilatmu, sarta gandane sasandhanganmu, wus lir gandanira Lebanon denya mrik, ke rayi papacangaku, sireku umapa kados.
  17. Patamanan kang pitu, kinancingan sarta pacangaku, kaya belik kang kineker sarta kadi, ing sesendhang kang tinutup, kalawan cap kacinging wutoh.
  18. Mungguh ta trubusamu, padha dadi pakaranganipun, wit dalima kanthi uwit adoh adi, warna-warna kembangipun, kper naret-naret karkom.
  19. Daring sartanipun, manis jangan lan sarupanipun, kang ametu menyane lan emur mijil, garumyang sarupanipun, gi-anggi ingkang kinaot.
  20. Iya kowe puniku, sendhang taman sumber wening ngidhup, kali ingkang santer kang dumrojog saking, ing Lebanon he welingku, maruta kang saka ing lor.
  21. Tangiya aja turu, he maruta ingkang saka kidul, tamatnaku silirana supaya mrik, arume muli wodipun, iya ing katresnaningong.
  22. Tindaka myang lumebu, marang ing taman kagunganipun, dhahara who wowohan kanga di-adi, he rayi papacangaku, ingsun wus lumebu ing jro.
  23. Iya ing taman aku, sartanira wus methyl emurku, myang wus dahar tala, tekan mad umami, sarta wus  ngombe anggurku, lawan kambi puhaningong.
  24. He he para mitraku, sira padha mangana lan minum, sartanira dipadha nganti sireki, tambirang pasal kacatur, palestha ing mangkya gantos.
  25. Ngiket musthikeng kidung, kikidunganira janma anung, tumrap pasal lima linagu ing gendhing, kondhanging kidung kang anung, kumambang karseng Hyang Manon.



PUPUH V

MASKUMAMBANG


  1. Ingsung guling nanging tyas da tansah eling, iku sabawanya, uwode katresnan mami, kang nothok lawang lingira.
  2. He rayi paraning katresnan mami, dara pyaraningwang, musthikaku ingsun mugi, wenganana lawang marga.
  3. Sisirahku kalebus ebun utawi, remake pan kebak, tumetesa Sang Hyang wengi, pangandikanira Nata.
  4. Kawangsulan dening pacangan kadyeki, kula sampun lukar, kadi pundi anggen mami, dandos malih sarta kula.
  5. Sampun wisuh suku kula kados pundi, inggih gen kawula, sedya ngretaken malih, andikanira Sri Nata.
  6. Ingkang dadi uwoting katresnan mami, nuli nganjingena, astane bolongan kori, temah atiku trataban.
  7. Krana saka panjenenganira tuwin, ingsun tangi nulya, arsa mengani woding, katresnanku sanalika.
  8. Tanganingwang tumetes emur utawi, suwendaku uga, tumetes mur mili saking, pentholing pikukuh lawang.
  9. Uwotira katresnanku sun wengani, nanging wus amuntat, myang wus tindak yayah kadi, pecat-pecat kayitmeng wang.
  10. Apa dene tak sambat-sambat amargi, tanpa ring wangsulan, wong kemit kang nganglang nagri, tandya amrangguli ingwang.
  11. Apa dene tak sambat-sambat amargi, tanpa ring wangsulan, wong kemit kang nganglang nagri, tandya amrangguli ingwang.
  12. Aku iya tumuli dipun gitiki, kongsi kabaranan, wong kemit ing baluwarti, padha ngrebut kemulingwang.
  13. He pra wadon ing Yerusalem nagari, sireku sun sumpah, iya ta kalamun sami,kapethuk lan uwotira.
  14. Katresnanku ko unjuki myat punapi, samya amunjuka, yen sun nandhang lara brangti, he wong ayu-ayu sira.
  15. Kang pinunjul saka wong wadon sakwehning, uwoding tresnanta, iku kaceke punapi, katimbang kalawan para.
  16. Kang katresnan sing akeh-akeh puniki, woding katresnanta, iku kaceke punapi, dene sira teka nyumpah.
  17. Marang ingsun mangkene denya yumpahi, woding katresnan nengwang, iku putih lawan abrit, sumringah punjul wong legsan.
  18. Mustakane iku kencana ngluwihi, murnining kancan, rmane dhan-ngandhan tuwin, irenge pan kaya gagakTingalira aprasasat kaya peksi, daru nudya ana, iya ing pinggir kali, adus puhan sasan sotya.
  19. Ingebanan ingkang endah sarta adi, pangarsanira, tan beda yen den upami, lir gegulaning tanduran.
  20. Anggi-anggi gegelengan gedhong wangi, lelathine kaya, kembang sosan sarta maning, netesken mur mili tansah.
  21. Myang astane kaya kancana ginilig, tinrapan sosotya, tarsip sarirane kadi, gadhing ingukir sartanya.
  22. Tinaretes sosotya nila widuri, sampehane nyaka, watu cendhani utawi, ingumpak kencana mulya.
  23. Dedegira prasasar Lebanon tuwin, endah edinira, punjul kadyangganing tuwin, Erej miwah cethakira.
  24. Anglir madu manis arum amumpuni, myang sawontenira, kabeh angenyutken kadi, mangkono iku wodira.
  25. Katresnanku satemene he pra estri, Yerusalem praja, kang kaya mangkono iki uwoding katresnaning wang.
  26. Iya kaya mangkono iku telenging, nyawaku wodira, ing katresnanira sami, marang ngendi tandakira.
  27. He wong ayu pinunjul para pawestri, kabeh uwodira, katresneng wang, puhiku tumedhak maring, iya patamanira.
  28. Parlu kowe arep tak rewangi nglari, woding katresneng wang, puhiku tumedhak maring, iya patamanira.
  29. Tinjo gulan ketanjran anggi-anggi, ameng-amengana, kelangenane utawi, methik bakung kembangira.
  30. Aku iki kagunganira pribadi, woding katresneng wang, lan woding katresnan mami, iku darbeksun priyangga.
  31. Unggyanira angel ana samadyaning, bakung kembangira, palestha dera nulis, pasal panca gantya nurat.
  32. Pasal nem sinawung gendhing rerepin, macapat wanastan, kapidereng arsa ngawruhi, pitutur mrih don asmara.



PUPUH VI

ASMARADANA


  1. Paraning katresnan mami, sira endah kadya tir sah, nengsemken lir Yerusalim, angebat-ebatken yayah bala samekta perang, angokkena maripatmu, saka ing aku amarga
  2. Amrajaya ati mami, rambutmu prasasat kadya, wedhus Jawa pepathan, ingkang samya jerum ana, peperangan andaka, inggil At mungguh untumu, nora beda padrawana.
  3. Gembel sapantha kang mami, amenntas saka ginayung, padha meteng kembar kabeh, kang gabung pan nora nana, myang palingamu ana, sangisoring kudhung wangun, wangunnanira pan kadya.
  4. Dalima amung sajuring, para Ratu garwa ana, sawidak para pangrembe, wolung puluh myang wanita, prawan tanpa wilangan, ananging ta dara manuk, piyaran ngong mung sajuga.
  5. Myang dadya musthika mami, kekasihe embokira kang nglairken pilihane, bareng andabeleng marang, para wanudya nulya, dipun arani rahayu, bareng katon marang para.
  6. Ratu garwa lan pra selir, ambanur dialembana, sapa ingkang amancorong, ana kono kaya bambang, wetan endah lir yayah, amanjuli Hyang Sitengsu, suci kadya Sang Hyang Ngarka.
  7. Angebat-ebatken kadi, wadya samekta ngalaga, lir singa nabda girange, aku mau medhun marang, ing papan pakebonan, Eguj arep andulu, sagung tutuwuhan kebak.
  8. Lawan mariksani uwit, anggur paran wus umimba, iya iku kekembange, sartanya uwit dalima, kekaruke apa ta, wus ana mangka puniku, datangpa rumasa ingwang.
  9. Iya katunggangken dening, nyawaku dhewe ratanya, pameran bangsaku kabeh, kang rahayu atinira, palestha ing panurat, pasal sat gantya mengapus, ing basa jarwa kang tumrap.
  10. Bab pitu sinawung gendhing, pinurih tibaning tembang, kinanthi sekar arane, teksih tungal wasitarja, musthikaning kidungan, Suleman ingkang manawung, pantes lamun kinawruhan.



PUPUH VII

KINANTHI


  1. Panuwun amba pukulun, padukendra mugi-mugi, entyarseng karsa wangsula, inggih mugi padukaji, wangsul dhuh sulamit muga, karsa tindak amangsuli.
  2. Supados amba pukulun, sageda nyenyawang maring pasariran padukendra, sabda wangsulan Narpati, sulamit iku ing karsa, ko sawang apane sami.
  3. Wangsulan wadon kang matur, inggih upaminya kadi, babegsanira wadyendra, kang tan lewih amung kalih, tandhing lir campuh ngayuda, sabda wangsulan Narpati.
  4. Dhuh putrining satriya gung, iba-iba amantesi, tindak dalem tur kalawan, mangagem canela adi, solah cethik dalem sasat, ebahing rante kinardi.
  5. Pasren ing lonceng kinandhut, tapak tangan kriya wegig, puser dalem datan beda, bokor gung kancana murni, isi anggur tanpa lukak, pasaliran dalem kadi.
  6. Tan beda gandum satumpuk, kakupeng kembang ngubengi, bebakung keh datan benggang, payudara dalem kadi, kompenging ki kidang kembar, lungaya dalem sang putri.
  7. Anglir manara sisiyung, dipangga ingkang kinardi, tinggal dalem kadya blumbang, balumbang kesbon kekalih, sarta celaking gapura, kang winastan ing Batrambit.
  8. Grana dalem saminipun, manara Lebanon kadi, inggih ingkang adhepira, dhateng ing Damesek tuwin, mustaka dalem pan kadya, karmel rema dalem putri.
  9. Warninipun wungu semu, abrit Panjenengan aji, teka binesta kalayan, ririptane rema tan mosik, dhuh sih telenging katresnan, iba sru endah sang putri.
  10. Lan iba banget unggyanmu, ngresepken sira sang putri, lawan sruning kanikmatan, munggah dedegira putri, pantes yen kaupamakna, kadya witing kurma tuwin.
  11. Sang putriyuda ranipun, petha-pethane kang sami, lir dhompolan uwaohira, anggur iku kang nyeplesi, pangunandikeng tyasingwang, mangkono tak menek nguwit.
  12. Kurma iku sun anggayuh, ing papah kang sun cekeli, nuli payudaranira, sun rasa-rasa lir kadi, dhedhompolan uwohira, wit anggur myang ruming angin.
  13. Kang umahya ing lesamu, who tapuka kang nyeplesi, sarta cethakmu kadya, anggur edi wuwuh murni, inggih ingkang eca-eca, anggenira nglebeti.
  14. Ing woding katresnan ulun, kang saged memungu lathi, sare tansah ngunandika, apa iya aku iki, temen ing kekasihira, kang dadi kekasih mami.
  15. Sartanira iya aku, kang tuhu den kayungyuni, sumangga kekasih kula, sami medal dhateng jawi, nyare wontena ing padesan, ing samasa wanci ening.
  16. Murugi kebonan anggur, datan misahaken jariji, prapta kebon samya umyat, uwit anggur punapa wis, wonten ing sesekarira, kekarukipun punapi.
  17. Sampun sekar sartanipun uwit dalima punapai, sampun mijil karokira, wonten ing ngriku wak mami, badhe ngunjukken katresnan, katresnannamba dhateng aji.
  18. Sekar dudahi puniku, gandanira sami amrik, myang ngajenging gapuremba, wonten wowohan kanga di, adi ingkang teksih inggal, saha ingkang awak inggih.
  19. Wonten tur kathah kalangkung, kawula rumanti remit, mamrih puniku sageda, kagem mring kakasih mami, palestha pasal kasapta, denira nurat gumanti.
  20. Pasal astha kang ingapus, musthika kidungan Nabi, Suleman Dawut swaya, sinawung rarasing gendhing, rerepen kang ganti crita, pun mlaya sinom pangrawit.



PUPUH VIII

S I N O M


  1. Beja kawula upama, paduka lamun dadi, pan inggih kadang kawula, sadherek kawula tunggil, saserepan manawi, mangkaten upamanipun, padukendra kapapag, wonten ing jawi amesthi, tansah amba cucupi mangka kang nyampah.
  2. Tanpa purun mesthinira, kawula nulya ngaturi, tumindak lumebu wisma, pantyasaning biyung mami, padukendra tumuli, mumulang dhumateng ulun, sarta paduka nulya, inggih kawula aturi, ngunjuk anggur bumban myang ing duduhira.
  3. Uwoh kawula dalima, asta Nata kering nyanggi, dhateng utamangganing wang, asta kang tengen Narpati, meluk lungaya mami, he para manudya Yerusalem sireku samya, rungokna sun supatani, aja sira ngungkatken utawanira.
  4. Marempengken ing katresnan, ingkang mangkono prayogi, ujanen karsa pribadya, sapa kang maju ngajoni, ing kono sira saking, ara-ara sartanipun, sumendhe marang marga, uwod katresnaning ngati neng ngisore uwit tapungkha iku ta.
  5. Goningsun anenangiya, katresnanmu para estri, ana ingkono bokira, iya enggone nglarani, duk nglairken sireki, iya neng kono enggonmu, dilairake saka, biyungmu lan nadhang perih, dhuh kawula mugi paduka prenahna.
  6. Ing jaja paduka kadya, kalp[ika acap myang inggih, kaprenahna wonten asta, ing paduka dipun kadi, kalpika cap nyeplesi, dene pamisesanipun, ing katresnan samiya, kados pamiseseng lalis, kamempenganira tan kengguh bebaya.
  7. Kados leleng pamlimengan, ngalat-alade puniki, urubira kang dahana, urup sulet kang nyuleti, sayekti maha suci, toya ageng tamtunipun, boten saget sirepa, katresnan puniku inggih, sanadyana benawi boten kawana.
  8. Angelebi urupira, cloroting katresneng ngati, saupami wonten tiyang ingkang badhe amewahi, ngurupaken punapi, saisining griyanipun, sadaya mrih angsala, katresnan punika mesthi, mung pinoyok kewala ingkang pinanggya.
  9. Kita samya darbe kadang, wanudya myang ijeh cilik, durung metu yudaranya, sadulur kita puniki, kapriye enggon mami, ngupagawe lamun besuk, samasa dipun lamar, pitaken dipun wangsuli, saupama dheweke iku ilaleyan.
  10. Lire tombak pager bata, puniku dipun yasani, omah salaka pethingan, yen puniku dipun yasani, yen puniku pancen kori, santosa den pageri, iya dening gebyok kayu, Erij aku iki ya, wus pinanci pancen dadi, tembok sarta sukuku empere padha.
  11. Kaya manara mangka ta, mangkono mami mungging, ing ngarsane maha mulya, aku wus dadi myang kadi, kang nemu yu basuki, siningget carita dhuwur, sinambungan carita, kagunganira Jeng Nabi, Ibnu Dawuh Suleman kebonira.
  12. Anggur siji apan ana, ing Baalamon kang bumi, kang den pasrahaken mring janma, pamong sartanira sami, kakarsa Kenya Osi, aprajangji pajeg sewu, sekel salaka endhang, ature janma mong tegil, pakebonan kula punika sadaya.
  13. Kawula suwun piyambak, inggih ingkang nguwasani, paduka wus tan uninga, dhuh Suleman Kangjeng Nabi, kajawi kang wus jangji, kang sumurup pajeg sewu, sekel punika ingkang kagungan dalem jeng Nabi, mangka ingkang kalih atus mugya-mugya.
  14. Kaparingna dhateng ingkang, sami among kebon tegil, he wong kang karasan ana, pakebonan anggur mami, kanca-kancamu sami, nilingake suwaramu, aku ya rungoknana, dhuh adhuh kekasih mami, mugi dipun enggal karsa alalana.
  15. Kados kidang utawinya, kompreng wonten redi-redi, ingkang tuwuh eronira, anggi-anggi sawarnining tuwuhan ron kang wangi, tamat Musthikaning Kidung, nuju tanggal sapisan, Rabingulakir ring Alip, Sewu Wolung Ngatus Pitulikur sirah.




MUSTHIKANING KIDUNG 


   




Imajiner Nuswantoro 





Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)