DURMA (Tembang Macapat)

0

 DURMA 

(Tembang Macapat)


Dening Imajiner Nuswantoro 

R Tri Priyo Nugroho 



Imajiner Nuswantoro

Pasugatan wonten ing Kraton Solo Hadiningrat (5-6 September 2026 / Wulan Mulud :Jumenengan tegese upacara penobatan raja utawa ratu, utawa peringatan dina marang kenaikan tahta raja sing lagi mangku keprabon. (Jumenengan adalah upacara adat penobatan atau peringatan kenaikan takhta seorang raja di tradisi Jawa, khususnya di lingkungan keraton)





Durma adalah salah satu jenis tembang macapat (puisi tradisional Jawa) atau pupuh dalam sastra daerah seperti Bali yang menggambarkan watak keras, amarah, kesombongan, dan nafsu angkara. 


Karakteristik Tembang Durma

1. Watak: Keras, berontak, marah, sombong, dan serakah. 

2. Penggunaan: Biasanya dipakai untuk menceritakan suasana perkelahian, kemarahan, atau nasihat agar manusia bisa mengendalikan hawa nafsu. 


Aturan Guru Gatra, Guru Wilangan, dan Guru Lagu:

1. Guru Gatra: 7 baris tiap bait.

2. Guru Wilangan dan Guru Lagu: 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.




Tembang macapat durma yaiku tembang macapat kang nduweni watak galak, sereng, lan nemu kanepson.

- Tuladha

- Bener luput ala becik lawan beja

- Cilaka mapan saking

- Ing badan priyangga

- Dudu saking wong liya

- Pramila den ngati-ati

- Sakeh dur gama

- Singgahana den aglis



Imajiner Nuswantoro


Tembang Macapat Durma :


Damarwulan aja ngucireng ngayuda

Baliya sun anteni

Mangsa sun mundura

Lah Bisma den prayitna

Katiban pusaka mami

Mara tibakna

Curiganira nuli (Langendriyan)



Ing kana–kene akeh mayit gumelethak

Kang mbela nagari

Nggo ngusir penjajah

Lara ra sepiroa

Nganthi tumeka ing pati

Bisa merdeka

Kang tujuan utami



Ridhu mawur, mangawur awur wurahan

tengaraning ajurit

gong maguru gangsa

teteg kaya butula

wur pandresing turanggesti

rekatag ingkang

dwaja lelayu sabit

(Serat Wedhatama : KGPAA Mangkunagara IV)



Wadya bala Siyem kalawan Manila,

kagyatira tan sipi,

mundur tur uninga,

marang narendranira,

yen wonten sarpa gang prapti,

saking jro taman,

galak anerak baris.



Paman paman apa wartane ing ndalan

Ing ndalan akeh pepati

Mati kena apa

Mati suduk sarira

Ing jaja trusing gigir

Akari raga

Badan kari anglinthing



Taruh hidup ini dengan bersahaja

Bahagya disyukuri

Sapari - polahin peksi

Tak cathet sajroning batos



Damarwulan aja ngucireng ngayuda 

Baliya sun anteni 

Mangsa sun mundura 

Lah Bisma den prayitna 

Katiban pusaka mami 

Mara tibakna 

Curiganira nuli 

(Langendriyan)



Risang sarpa uninga pinagut yuda,

sumebut andhatengi,

sumembur wisanya,

kadya riris sumebar,

wadya bala anadhahi,

surak gumerah,

lan tengara tinitir.



Angur silih den adu padha manungsa,

babegjan padha siji,

iku buron sarpa,

tan nganggo kira-kira,

lawan ora idhep wedi,

daya cilika,

gedhe sapuluh tiris.



Gumarudug anawat sela lir udan,

tanapi gada bindi,

kunta myang senjata,

tibeng angganing sarpa,

datan mantra anedhasi,

sangsaya krura,

molah amuter pethit,



Duk miarsa Subali madeg krodhanya,

sugal dennya nauri:

apa talingira,

dene kabina-bina,

ambegmu angluluwihi,

ndhasmu tan kaprah,

buta gedheging bumi.




Maputeran panyabete kering kanan,

sinosog waos biting,

tan mantra tumama,

saya keh wadya bala,

kang ngemasi kapalipis,

kang teguh rosa,

picondhang mempis-mempis.




Alon matur mring kang paman Sri Manila,

dede wados puniki,

paran karseng rama,

hulun datan kawagang,

ngandika Sri Bramasekti,

sira menenga,

ingsun arsa mungkasi.




Dhuk miarsa krodha prabu Dasamuka,

denira wre Subali,

sedya ngluwihana,

lawan isining jagad,

nudingi asru dennya ngling,

kagila-gila,

si monyet ingkang pinrih.



Kadya kilat sisik mubyar kabaskaran,

yayah tinubing rukmi,

sumiyut gumebyar, nibani wadyabala,

sewu prajurit kaplipis,

remuk sumebar,

singlar-singlar keh mati.



Ing wusana bubar larut asar-saran,

tan kena den adhangi,

mring para punggawa,

ginebugan ameksa,

kang saweneh ana angling,

sapa kang kelar,

tumanggah mesthi mati.



Wadya wuri giniring mring ratunira,

bentet samya ngebyuki,

surak lir ampuhan,

tambuh kehing gegaman,

sang naga molah nguwati,

nembur magalak,

hruning wisa lir riris.



Solahing kang yuda ananggulang sarpa,

tan mantra angawali,

malah keh picondhang,

duka prabu kalihnya,

mangsah ratanira gumrit,

mangekapada,

menthang langkap pinusthi.



Datan kewran karya tangkising kagunan,

sang mindha sarpa nuli,

manjongok angakak,

meh parek lawan rata,

sirahing naga ngungkuli,

rataning nata,

netra katon gumilir.



Diyu ditya manungsa sanadyan dewa,

nora keha nimbangi,

guna kuringaprang,

mengko monyet ngalunyat,

peksa lumuwih neng bumi,

lah kalahena,

wuk kuring aprang dhingin.



Sining jagad apa sira dhewe ingkang,

sineren guna sekti,

buta palawija,

migena wong atapa,

yen sira kudu ajurit,

lah tekakena,

budimu sun kembari.



Krodha prabu Rawana narik candrasa,

pinrang luput ngoncati,

Subali malumpat,

mbedhol wit gorarupa,

pinuter saengga giri,

Sri Dasamuka,

pinupuh angoncati.



Nateng Siyem kalawan nateng Manila,

prapta tunggiling kardi,

harsa amisesa,

marang randha Dhadhapan,

yata risang sarpa uning,

yen praptanira,

rising narpati kalih.





Naskah Durma :  


Imajiner Nuswantoro 


Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)