Babagan Kembang Rampe Pamedaran Basa Cerbon

0

Babagan Kembang Rampe Pamedaran Basa Cerbon



Imajiner Nuswantoro



Prawacana


Pamedare ingkang sinerat punika saking cumantakaning ati kaula aniru para pujangga sanadyan dahat muda ing batining kaula kang kepareng ginunggung datan sumerep bakal katah kang ngesemi. Kaula sumejah angrumpaka sinareng panggean basa kang kalantur-lantur tur katula-tula. Nanging, buku punika kaula susun kalawan tinalaten, rinuruh kalawan ririh, ngajengaken amrih padanging sasmita rencang juragan guru salebeting mucalaken muatan lokal basa Cerbon marang siswanipun.



Imajiner Nuswantoro



Kangge ngagampilaken para pemaos, teng dumasaripun selebeting serat punika mboten migunakaken transkripsi fonemik keranten ejaan basa Cerbon kang saniki linaku saged diwuwusaken sampun ngrupiaken ejaan fonemik. Cumi bilih diperlokaken kangge mertelakaken fonem-fonem kang teng ejaan diserat kaliyan kalih aksara kados dene ‘ny, ng, sy, kh’, kapaksa dipigunakaken transkripsi fonemik kang ditaruh tang antawise kalih garis miring [//].


Kaula nuhun agungipun pangapunten dumateng sedaya pihak bilih buku ingkang kaula wastani Kembang Rampe Pamedaran Cerbon punika dereng sreg ing manahipun panjenengan sadaya, amargi kewinatesan bea, wekdal, lan kemampuan kaula minangka janma biasa ingkang mboten luput saking lepat. Kewinatesan literatur ugi ngrupiaken bancang pakewuh ingkang mengaruhi sanget dateng kasampurnaning penyusunan buku punika. Mila, kaula nuhun wontene samubarang rupi tanggapan, kritik, lan saran dumateng para pamaos sanget kaula ajengaken ngantos ndadosaken kasampurnaning penyusunan serat selajengipun.


Mugia kauninga dening sederek sedanten, serat Kembang Rampe Pamedaran Cerbon punika mangadeg ing atasing gangsal bab ingkang kaula secaos sewang-sewangan kaula wastani Basa Cerbon, Fonologi Basa Cerbon, Morfologi Basa Cerbon, Sintaksis Basa Cerbon, lan Semantik Basa Cerbon. Bab-bab punika kula aturaken dumateng panjenengan sami secaos sinambungan teng penyeratan serat-serat selajengipun.


Wonten wasitaning sastra lami ingkang mungele ‘Sastra jendra hayuning rat pangruwating diyu, witing guna saka kawruh dayaning satuhu’. Mboten sanes pengajeng kaula, mugia buku puniki wonten mupangatipun kangge sinten kemawon ingkang maos, khususe guru-guru sekolah dasar. Seliyane mekaten, mugia basa Cerbon punika mboten mawon saged dikaji dateng anak putu Cerbon piyambak, nanging ugi saged dados bahan kajian putra bangsa.

(Mangga nyanggakaken)



Imajiner Nuswantoro


Nepangaken Rineka Tembang


A.   Purwaka Basa

Pamedare ingkang sinerat punika saking cumantakaning manah kaula aniru para pujangga ingkang sampun kawentar teng tatar Nuswantara sanadyan dahat muda ing batining kaula kang kepareng ginunggung. Datan sumerap bakal katah ingkang ngesemi. Kaula sumejah angrumpaka punika serat sinareng panggean basa kang kalantur-lantur tur katula-tula. Nanging, serat punika kaula susun kalawan tinalaten, rinuruh kalawan ririh, ngajengaken amrih padanging sasmita rencang juragan guru selebeting mucalaken muatan lokal basa Cerbon marang siswanipun.


Kaula nuhun agungipun pangapunten dumateng sedaya pihak mbok bilih serat ingkang kaula wastani Nepangaken Rineka Tembang punika dereng sreg ing manahipun panjenengan sedaya, amargi kewinatesan wekdal, bea, lan kesanggeman kaula minangka janma biasa ingkang mboten luput saking lepat. Kewinatesan literatur ugi ngrupiaken bancang pakewuh ingkang dahat mengaruhi dateng kasampurnaning penyusunan buku punika. Mila, kaula nuhun wontene samubarang rupi tanggapan, kritik, lan saran dumateng para pamaos dahat kaula ajengaken ngatos andadosaken kasampurnaning penyusunan buku selajengipun.


Wonten wasitaning sastra lami ingkang mungele Sastra jendra hayuning rat pangruwating diyu, witing guna saka kawruh dayaning satuhu. Mboten sanes pengajeng kaula, mugia serat puniki wonten mupangatipun kangge sinten kemawon ingkang maos, khususipun guru-guru sekolah dasar. Seliyanipun mekaten, mugia basa Cerbon punika mboten mawon saged dikaji dateng anak putu Cerbon piyambak, nanging ugi saged dados bahan kajian putra bangsa.

(Mangga nyanggakaken)


 

B.   Tembang

Tembang ngrupiaken setunggale jinis puisi arupi tetembangan (dendang) kang disukani lelagu lan ditembangaken. Teng selebete sastra Jawi enggal, tembang punika saged dibagi dados tigang golongan, nggih niku tembang ageng (sekar ageng), tembang alit (sekar alit), lan tembang dolanan. Tembang alit nggih niku tembang kang diatur secara enggal. Pengaturan punika kados dene pengaturan cacahe padalisan lan vokal teng pengker padalisan. Kalebet teng tembang alit nggih niku macapat atanapi pupuh.


Macapat ngrupiaken wangun puisi Jawi tradisional kang unggal padae (bait) gadah padalisan ukara (gatra) kang sampui temtos. Unggal gatra gadah cacah kecap (guru wilangan) kang sampun temtos lan kepungkes kaliyan mungele sanjak akir (guru lagu, guru swanten) kang sampuh temtos. Kalebet teng macapa punika nggih niku pupuh kados dene Asmarandana, Kinanti, Dangdanggula, Maskumambang, lan sapanunggalane.


Tembang ageng atanapi sekar ageng nggih niku tembang kang dumasaraken teng cacahe padalisan, kecap, lan vocal teng pengkere padalisan. Tembang ageng atanapi sekar ageng punika asal-usule saking tembang-tembangan jaman kerajaan Surakarta. Kalebet teng tembang srekar ageng punika kados dene tembang Kawi, kados dene suluk, murwa, kekawin, nyandra, renggan, sloka,  jonggrang, kidung, lan sanes-sanese.


1.    Pupuh

Istilah pupuh punika asale saking basa Sansekerta kang artose tembang. Pupuh punika ngrupiaken salah setunggale asil kebinangkitan sastra Cerbon kang asale saking Mataram, mlebet teng tatar Cerbone punika kantun kaliyan seni wayang, seni batik, katut panta-panta basa atanapi undak usuking basa. Pupuh ngrupiaken setunggaling jenis komposisi tembang macapat kang gadah watek lan karakteristik saluyu kaliyan kegunaane piyambek-piyambek.


Pupuh diwangun dening basa ugeran, nggih niku diwangun kaliyan patokan-patokan pupuh. Anadene geguritan nggih niku jejer atanapi pokok kang didamel dangding Pupuh saged dibentenaken dados pitulas maceme. Kepitulas pupuh punika nggih niku Asmarandana (Kasmaran), Dandanggula, Kinanti, Mijil, Pucung, Gambuh, Pangkur, Sinom, Maskumambang, Dudukwuluh, Durma, Wirangrong, Gurisa, Megatruh, Ladrang, Jurudemung, lan Lambang.


Seliyane kaiket dening watek piyambek, unggal pupuh ugi kaiket dening wontene guru lagu lan guru wilangan. Kang dimaksad kaliyan guru lagu nggih niku swanten panungtung teng unggal pedalisan, dangding atanapi swanten (rima) akhir kang wontene teng pengker padalisan (baris). Pedalisan nggih niku jejeran teng unggal pada, ari pada nggih niku bait.  Anadene kang dimaksad kaliyan guru wilangan nggih niku cacahe engang atanapi kecap (suku kata) kang wonten teng unggal barise atanapi padalisane. Pupuh ugi keiket dening cacahe baris atanapi larik kang wonten teng padae.


Pada puniku sami kaliyan kuplet, strophe, atanapi bait teng puisi. Misale pupuh asmarandana, pupuh puniki gadah pitung larik unggal setunggal padae. Baris kaping setunggal guru lague (i) lan guru wilangane (8), baris kaping kalih guru lague (a) lan guru wilangane (8), baris kaping tiga guru lague (e) lan guru wilangane (8), baris sekawan gadah guru lagu (a) guru wilangane (8), baris kaping gangsal gadah guru lagu (a) lan guru wilangane (8), baris kaping nenem gadah guru lagu (u) gulu wilangane (9), lan baris kaping pitu gadah guru lagu (a) lan guru wilangane (8).


Sebagian para seniman lan budayawan kang wonten teng tatar Cirebon nyebataken cacahe pupuh punika sejatine langkung saking pitulas. Nanging pinten jumblah kang pestie dereng wonten kang nylidiki. Pramila punika ngenai jumblah pupuh punika piyambek mbotek susah dipertentangaken keranten budayawan atanapi seniman punika gadah panggeran piyambek-piyambek. Teng hal punika, penyusun nyajiaken pupuh punika pupuh kang pitulas cacahe, hal punika saluyu kaliyan tembang laras kang diciptaaken M.A. Salmun kados teng andap puniki.


Kinanti mijil uga ladrang

Sinom gambuh maskumambang

Balakbak, gurisa lambang pang

Kur durma, juru demung wirangrong

Megatruh pucung

pangdawane dangdanggula

kang sedeng asmarandana

samono pupuh kang ana

pitulas cacah sadaya.



a.     Asmarandana

Pupuh asmarandana ngrupiaken satunggale wangun pupuh atanapi komposisi tembang macapat kang gadah watek birahi, sipat welas asih, kasmaran, birahi, lan ketresnan. Pupuh asmarandana biasa ditembangaken dening para nem-neman kang siweg mabok kasmaran kaliyan lawan jinise. Pupuh asmarandana gadah pitung padalisan atanapi pitung baris kang wonten teng setunggal padae.


Misale :

Muji syukur mring Hyang Widhi            (8.i)

Mengeti pendaking warsa                      (8.a)

Ganti taun ing wancine                          (8.e)

Berkah slamet lan wilagang                   (8.a)

Pinaring Maha Kuwasa                          (8.a)

Gusti Allah Kang Maha Agung               (9.u)

Ancipta sabumi alam                             (8.a)



b.    Dangdanggula

Pupuh dangdanggula gadah watek kagungan lan bungah. Pupuh dangdanggula gadah sedasah padalisan kang setunggal padae. Pupuh puniki biasa ditembangaken dening tiyang kang siweg kagungan atanapi kanugrahan kesaean atanapi kebecikan kang nimbulaken raos bungah merwata suta marang tiyase.


Misale :

Sun anggurit sekatahing gending                   (10.i)

Tembang kasmaran, dandang, lan durma      (10.a)

Mijil, pangkur, lan sinome                               (8.e)

Menggalang lawan pucung                             (7.u)

Kinanti kanggonireki                                       (8.i)

Miwah tembang perlambang                          (7.a)

Dudukwuluh, gambuh                                     (6.u)

Sekatahe tembang rolas                                  (8.a)

Kang siji tembang rincikaneng buri                 (11.i)

Ingkang ngaran mbok ladrang                        (7.a)



c.     Kinanti

Pupuh kinanti baiasa diangge dening tiyang kangge ngungkapaken segala peraosan priatin, ngarep-ngarep, nunggu, lan ngentosi. Pupuh puniki gadah nem padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Kinanti liring pitutur                             (8.u)

Kenteng rambat menyan kuning          (8.i)

Awasenang kang pratela                      (8.a)

Ngelenga wiring ning buri                    (8.i)

Cecangkok wohing kelapa                    (8.a)

Kang dadi patokan urip                        (8.i)


Yen wus tinitah dadi wong agung

Aja sira nggunggung diri

Aja raket lan wong ala

Kang ala lakunireki

Nora wurung ngajak-ngajak

Satemah anulari



d.     Mijil

Pupuh mijil gadah nem padalisan kang setunggal padae. Pupuh puniki gadah watek susah, sedih, cilaka, sepi, lan jempling. Pupuh puniki biasae ditembangaken dening tiyang kang siweg ketiban kesusahan lan kesepian.


Misale :

Dedalane guna klawan sekti         (10.i)

Kudu andap asor                           (6.i)

Wani ngalah duwur wekasane      (10.e)

Tumungkula yan dipundukani      (10.i)

Bapang densimpangi                    (6.i)

Ana catur mungkur                       (6.u)


Poma kaki dipun eling

Ing pituturing gong

Sira uga satria arane

Kudu anteng jatmika ing budi

Ruruh sarwa wasis

Samubarangipun



e.    Pucung

Pupuh pucung biasae diangge kange badekan. Hal punika keranten ukara-ukara yang wonten peng padae ngandung tetenger kang upami ukara punika diteliti kelawan telaten dados tetenger khusus kang tumempel teng banda kang dimaksad. Wonten kalane pupuh puniki gadah sekawan larik, nanging wonten ugi kang diwincik dados nem padalisan kang teng setunggal padae. Wontene rubeda puniki boten ngirangi cacahe enggang atanapi kecap teng padae. Pupuh puniki wateke piwuruk, piwulangan, wara-wara, kaget, lan pangeling-ngeling.


Misale :

Bapa pucung dudu watu dudu gunung       (12.a)

Sagkanmu ing sebrang                                (6.a)

Ngon-ingone sang bupati                            (8.i)

Yen lumaku si pucung lembeyan grana       (12.a)



f.      Gambuh

Pupuh gambuh ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kiang gadah watek tambuh laku, bingung, keder, lan samar polah. Pupuh puniki gadah gangsal padalisan unggal padae.


Misale :

Aja nganti kabanjur                                  (7.u)

Barang polah ingkang ora jujur                (10.u)

Yen kabanjur sayekti kojur tan becik         (12.i)

Becik ngupayaa iku                                   (8.u)

Pitutur ingkang sayektos                           (8.o)


Tutur becik iku

Sayektine apantes tiniru

Nadyan metu saking wong sudra papeki

Lamon becik nggone muruk

Iku pantes sira anggo



g.     Pangkur

Tembang pangkur biasae ditembangaken kangge nggugah sumangete para prajurit sederenge maju perang. Wateke pupuh pangkur puniki laku lampah kang dialingi nepsu, amarah, atanapi sayogi pakarang bade ngadepi perang. Pupuh pangkur gadah pitung padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Sekar pangkur kang winarna                      (8.a)

Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip       (11.i)

Ala lan becik puniku                                    (8.u)

Prayoga kawruhana                                     (6.a)

Adat waton puniku dipun kadulu                 (11.u)

Miwah ingkang tata karma                          (8.a)

Den kaesti siyang latri                                  (8.i)


Singgasinggah kala singgah

Suminggaha durga samya sumingkir

Singa ama sima wulu

Sing suku asirah

Sing atenggak lawan sira ambuntut

Pada sira suminggaha

Muliha mring asalneki



h.     Sinom

Pupuh sinom wateke bungah, seneng, gumbira, bagja, lan suka cita. Pupuh sinom biasae diangge dening para nem-neman kangge ngungkapaken isi atie kang siweg bingah werwata suta. Pupuh puniki gadah sangang padalisan unggal padae.


Misale :

Ambeke kang wus utama                      (8.a)

Tan ngendak gunaning janmi               (8.i)

Amiguna ing aguna                               (8.a)

Sasolahe kudu bati                                 (8.i)

Pintere den alingi                                   (8.i)

Bodohe dinokok ngayun                         (8.u)

Pamrihe den inaa                                   (7.a)

Aja na ngarani bangkit                           (8.i)

Suka lila den inaa sepada-pada             (12.a)


Ingsun uga tan mangkana

Balilu kang sun alingi

Kabisan sun dokok ngarsa

Isin menek den arani

Balilu ing sujanmi

Naging batin ingsun cubluk

Suprandene jroning tyas

Lumaku sinebut wasis

Tanpa ngrasa prandene sugih carita



i.     Maskumambang

Pupuh maskumambang ngrupiaken setunggale wangun komposisi tembang macapat kang biasae diangge dening tiyang kang siweg samar rasa kangge ngungkapaken isi atie, nyriosaken cerios-cerios sedih, lan priatin kang sanget. Anadene watek pupuh maskumambang nggih niku priatin, sesambat, lara ati, lan nelangsa. Pupuh maskumambang gadah sekawan padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Nadyan silih bapa, biyung, kaki, nini           (12.i)

Sadulur myang sanak                                   (6.a)

Kalamun muruk tan becik                            (8.i)

Nora pantes yen den nuta                            (8.a)


Wong tan manut pituturing wong tuwa ugi

Pan nemu duraka

Ing dunya praptaning akir

Tan wurung kasurang-surang



j.    Dudukwuluh

Pupuh duduk wuluh ngrupiaken setunggaling komposisi tembang macapat kang gadah watek piwulang, pituduh, lan piwuruk dumateng sapepada. Pupuh dudukwuluh gadah gangsal padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Wong ngawula ing ratu luwih pakewuh    (12.u)

Nora kena minggrang-minggring              (8.i)

Kudu mantep sartanipun                           (8.u)

Satya tuhu marang gusti                           (8.i)

Dipun miturut sapakon                              (8.o)


Samubarang karyaning sang aprabu

Sayekti kudu nglakoni

Supatah artine iku

Wong kang pada-pada ngabdi

Pegaweyane pan saos



k.     Durma

Pupuh durma ngrupiaken pupuh kang gadah pitung padalisan unggal padae. Pupuh puniki isie nyriosaken cerios-cerios kekerasan, akas-akasan, lan geguletan. Pupuh puniki wateke laku lampah dursila, ngambek, tukaran, geguletan, lan peperangan.


Misale :

Enjing muni swarane wong ing ayudan          (12.a)

Kendang kelawan beri                                     (7.i)

Gong gemuruh gangsa                                    (6.a)

Dedeg kaya butulan                                         (7.a)

Pangrihe kuda lan esti                                     (8.i)

Sumenger aban mimis                                     (7.1)



l.     Wirangrong

Pupuh wirangrong puniku setunggaling pupuh kang gadah watek isin, wirang, apes, lan rugi. Pupuh wirangrong gadah nem padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Den samya marsudeng budi                           (8.i)

Weweka dipun waspaos                                  (8.o)

Aja dumeh-dumeh bias muwus                       (10.u)

Yen tan pantes ugi                                           (6.i)

Sanadyan mung sakecap                                 (7.a)

Yen tan pantes prenahira                                (8.a)


Kudu golek masa ugi

Panggonan lamun miraos

Lawan aja age sira muwus

Durunge den kaesti

Aja age kawedal

Yeng durung pantes ing rowang



m.    Gurisa

Pupuh gurisa nggih niku setunggale wangun komposisi tembang macapat kang gadah wolung padalisan unggal padae. Pupuh puniki gadah watek tambah kesel, plangguran, lan pengangguran.


Misale :

Anak putu angestokena                                   (8.a)

Warah wuruke si bapa                                     (8.a)

Aja na ingkang sembrana                               (8.a)

Marang wuruke wong tuwa                             (8.a)

Ing lair batin den baas                                     (8.a)

Anganggo wuruking bapa                               (8.a)

Teguhana ing jroning nala                               (8.a)

Pada nedyaa sentosa                                        (8.a)


Aja na kurang panrima

Ing pepesthening sarira

Yen saking Hyang Mahamulya

Nitahken ing badanira

Lawan dipunawas uga

Asor unggul waras lara

Tanapi begja cilaka

Urip klawan antaka



n.    Megatruh

Pupuh megtaruh ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kang gadah gangsal padalisan unggal padae. Pupuh puniki biasae ditembangaken kangge nyriosaken cirios-cerios atanapi peraosan kuciwa lan nelangsa.


Misale :

Lir pinegat rohingsun yen kedah tutur      (12.u)

Nyriosaken lampahneki                                   (8.i)

Pangeran Ahmad misuwur                             (8.u)

Binucal mring Ambon nagri                           (8.i)

Den Landa tinuduh ngrongrong                   (8.o)


Baka sewot pangamuke bakal liwung

Bagus Serit Bagus Rangin

Landa gurawalan gupuh

Sraya ingkang den upadi

Supadi sirep palagon



o.     Ladrang

Pupuh ladrang ngrupiaken setunggaling wangun komposisi tembang macapat kang gadah gangsal padalisan unggal padae. Pupuh puniki gadah watek banyolan, guyon, lan gegonjakan.


Misale :

Kang utama wong ngaurip kudu mieling     (12.i)

Kawarasan kamulyan                                           (7.a)

Iku mungguh kang mieling                                 (8.i)

Ngemutana mring prentahe                               (8.e)

Pituduh urip ning alam dunya                           (12.a)


Eling-eling wong kang eling kaya nyanding

Kawarasan kawulyan

Nglangsani nyumbadani

Linakonan sakajate

Ning karsa tan sulaya sida cipta



p.    Juru Demung

Juru demung grupiaken salah setunggale wangun komposisi tembang macapat kang gadah watek keduhung lan getun. Pupuh puniki gadah pitung padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Juru demung mangun warga           (8.a)

Sejahtera tur rahayu                             (8.u)

Nir rubeda nir bebendu                        (8.u)

Kulawarga rinencana                           (8.a)

Putra loro rama ibu                                (8.u)

Kuwen aran catur warga                     (8.a)

Sedya esti satuhu                                      (8.u)



q.     Lambang

Lambang ngrupiaken setunggale wangun pupuh awangun komposisi tembang macapat kang gadah watek kados ladrang cumi pupuh lambang langkung motah tinimbang ladrang. Pupuh puniki gadah sekawan padalisan kang setunggal padae.


Misale :

Nalika kula kondangan                        (8.a)

Kepanggih lan rerencangan              (8.a)

Kula mlampah sesarengan                 (8.a)

Bari ngguyu gegonjakan                     (8.a)



2.   Tembang Dolanan

Tembang dolanan nggih niku sejenis tetembangan kang dilampahaken dening lare-lare alit nalika nglampahaken dolanan teng plataran utamie teng waktos wulan siweg mencorong padang-padange. Biasae tembang punika disaluyuaken kaliyan jenise dolanan.


Misale :

Rembe Genjong


Rembe genjong, mature-turi putri

Belendang kang doyan madang

Sap sinten kenang babon

Babone pating geleyor

Ora uwoh ora godong

Godonge pating pelesnong

Ana wajik kamirisik

Ada dodol kamirongkol

Gebdis-gendis kaya lulu

Lulu kamidemek

Kembang apa?

Kembang-kembang … si … oli …

Tunggangane gajah belang

Cucunduke melati putih

Riwe-riwe pandan sare

Ditonton payunge rembe

Rembe walu pepe

Jangan jantung disureni

Belendang kang doyan madang

Belendang kang doyan madang



3.    Suluk

Katah tafsiran mangenani suluk kang dikedalaken dening para ahli sastra. Satjadibrata (1948) njelasaken nyaniya suluk punika sami kaliyan seloka, nggih niku perlambang kang biasae ditembangakern dening dalang teng selebete pakeliran pedalangan wayang. Salmun (1961) njelasaken yen suluk punika asale saking basa Arab kang artose sami kaliyan seloka saking basa Sansekerta. Semantawis punika, Probo Hardjono njelasaken nyaniya suluk punika asale saking tembung ‘su’ kang artose sae atanapi bagus, lan ‘luk’ kang artose cengkok atanapi ornamen lagu.


Teng pedalangan Jawa Kilen, suluk dilambangaken kaliyan waktos nepangaken salah setunggale tokoh wayang dumateng para pemirsa. Minangka contoh, suluke dalang waktos nepangaken Yudhistira ngangge suluk kados teng andap puniki.


Misale :

Sinten bisekaning ratu hing Amarta?

Ajujuluk Prabu Yudhistira, Dharma Kesuma, Dharmaputra, Kontea, Puntedewa, Samiaji, Dharmaji, inggih tunggal

Mula jejuluk Prabu Yudhistira : ratu mustikaning prajurit.

Mila jejuluk Ratu Dhrama Kesuma : ratu kados sekar kesuma, nengsemi rupane, arum gandane.

………….



4.    Murwa

Murwa nggih niku wacana kang biasae ditembangaken dening dalang kangge ngawiti cerios atanapi setuggale adegan waktos nglampahaken pakeliran wayang. Wacana punika ngangge basa Jawi Kuna (kawi) keranten saestune dipendet saking bagian pupuh atanapi satunggale pupuh, atanapi wecana kang wonten kekawin atanapi sastra purwa.


Misale :

Sun rep datapitana, teng pundi-pundi ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka namaning sawiji, adi iku linuwih, dasa sepuluh, purwa namaning kawitan. Mula bubukaning carita, tan sanes wonten ing dalem kasatrian Madukara. Adeging Sang Narpati Adipati Arjuna, Dananjaya, Panengah Pandawa, inggih tunggal.


Mungguh kasatrian Madukara kenging kabasakaken panjang apunjung pasir awukir. Panjang namaning dawa, apunjung iku duwur, pasir namaning laut, awukir namaning gunung. Ngantos ndadosaken kasatrian Madukara satungaling nagri kang tata tentrem karta raharja, gemah ripah loh jinawi. Tan kirang satunggaling punapa.


Sang Adipati Arjuna kairing garwane kekalih, Dewi Wara Sumbadra kaliyan Dewi Wara Srikandi, sareng ingkang wonten dateng pangayunane, mboten sanes, ingkang putra Raden Abimanyu, Raden Angkawijaya inggih tungal.


Wayah sumperate mega malang payiose Sang Adipati Arjuna lir lamparkan ceti bedaya srinti manggung. Warni-warni babaktane. Wonten ingkang mbakta payung kuning tunggule naga sepasang, wonten ingkang mbakta pengidon sepasang. Wonten ingkang ngiring kebo bule sepasang, andadosaken paseban panawaka sesek jubel supenuh. Sesek wis ngarani, jubel iku kebek. Lir samudra wutah ing daratan mekaten. Malah sebane kelabu siloka. Silokane sata grana. Sata namaning ayam, grana namaning ulung. Lir kadya ayam ningal ulung. Crek…. ajrih mekaten.



5.    Kekawin

Miturut Satjadibrata (1948) kekawin atanapi kekawen nggih niku lagu kang ditembangaken dening dalang sedeng basa kang diangge teng padalisane ngangge basa Kawi. Kekawin ngrupiaken singkatan saking kekawian (tetembangan), puisi (verse) basa Kawi kang biasae ditembangaken dalang waktos ngewontenaken pakeliran wayang (Kamus Umum Basa Sunda : 1976). Sedeng Soepanadi njelasaken yen kekawin punika asale saking kekawihan nggih niku setunggale wangun lagu pasundan kang iramae tandak (ritmis).


Pengertosan umum punika kirang langkunge wonten kesejajaran kaliyan artos kekawin miturut keterangan sanes. Kekawin punika tetembangan kang ngangge basa Jawi Kuna (Kawi)  kang disebat sekar. Sekar ngrupiaken pengaruh saking sastra Hindu Kuna. Kekawin biasae ngangge patokan-patokan guru lan lagu. Guru nggih niku unggal tembung kang gadah swanten dawa, sedeng lagu nggih niku vokal kang gadah swanten cendek (Ensiklopedi Indonesia 3, 1982). Anadene miturut Poerbatjaraka lan Tardjan Hadidjaja (1957) kekawin artose nembang arupi tembang ageng kang biasa diangge teng kitab-kitab Hindu Kuna dumasar syarat-syarat kang alunan iramae angger atanapi mboten kenging robih sekedikipun .


Misale :

Kembang sungsang dina kunang

tineretes ing sosoca

desang linu buni bengkah

salya pinandha mang wira yudha

pejah dening Kalimasada

(Salmun, 1961)


Kembang sungsang kadia kunang

Gotaka rawis wayang

Makuta binokasri tineretes ing sosoca

Mubyar lir parade tinabur

Mancur lir emas sinangling

(Surawisastra, 1982)


Kembang sungsang, gotaka rawis wayang

rap kidap purwa mandra

mandra winulan sasoroting kadya sang Diwangkara

kadya Sangiang Latri

kapajuti gumbira imah-imah

mega ancala sapucuking gunung

Apa selokane ingkang dadi ratu?

apanjang, apunjung, pasir awukir

panjang iku jembar

apunjung iku duwur

pasir iku namaning laut

awukir iku namaning gunung

ratu kaceluk eka, adi, dasa, purwa

eka hartine sawiji, mboten wonten malih ingkang nyasani

adi tegesipun inggih sae ingkang linuwih

dasa artine sepuluh

purwa namaning kawitan

tegese sampun misuwur katah naminipun.

sang nalendra kaceluk ka awun-awun koncara janapria

………………..



6.    Nyandra

Istilah nyandra punika selerese sami kaliyan suluk. Para dalang (khususe dalang wayang Sunda) asring nggentos istilah suluk sareng nyandra. Nyandra piyambek artose ndeskripsiaken (njelasaken klawan rinci), (Elan Surawisastra).


Misale :

Kacarios selebeting Kraton Amarta

ingkang jumeneng nalendra

mangkon kaprabon nyakrawati ngabahu denda

kakoncara jenengan Prabu Yudhistira, Dharmaputra, Kontea, Puntadewa, Samiaji, Dharmaji, inggih tunggal.

Yudhistira hartosna mustikang prajurit

Dharma Kesuma hartosna lir kembang lucu rupana

tur seungit manis ngadalingding


Teng basa atanapi sastra Cerbon wonten istilah kang disebat candrane tiyang. Candrane tiyang punika arupi pepindan atanapi metafora kang dipigunakaken setunggale tiyang kangge ndeskripsikaken (nggambaraken kelawan pertela) atanapi ngulas kainanane setungale tiyang. Anadene kang dicandarakaken punika biasae tiyang istri. Teng andap puniki ngrupiaken candarane tiyang kang biasa inucapaken sedinten-dinten, lumrahe pepindan punika diungkapaken kaliyan pianggean tembung : kados dene, kadya, lir, lir kadya, lan sanes-sanese.


Misale :

Alise kaya dene wulan tumanggal

Atine kaya dene mas patlikur

Batuke lir kadya wulan tanggal patbelase

Tangane kaya dene gondewa pinentang

Lambene kaya dene kepundung abang

Untune kaya dene wijil timun

Tandange lir kadya merak kasimpar

Matane kaya dene dammar kanginan

Kulite lir penda kunir bosok

Cungure kaya bawang sesiung

Rambute andan-andanan lir mayang inurai

Susune kaya dene semanggar waru

Bokonge lir kadya merang segedeng

Wentise kaya pupu walang

Janggute kaya dene tawon gumantung

Jrijie kaya pucukeng eri

Mlakue kaya macan luwe

Pupue kaya dene pupu walang

Endase, endas maesan



7.    Renggan

Renggan ugi grupiaken setunggale tembang kang biasa ditembangaken dening dalang waktos pakeliran wayang. Istilah renggan ditafsiraken saking basa Sansekerta. Renggan asale saking tembung ‘rengga’ kang artose hias (Salmun, 1961) lan (Atik Supanadi, 1978). Istilah renggan asring disebat rerenggan, dwipurwa saking renggan. Katah suluk teng pedalangan Jawi Kilen kang disebat renggan. Saluyu kaliyan artose, renggan punika ditembangaken dalang kangge nyukani pemanis teng pakeliran wayang. Suasana sepi teng setunggale keprabon biasae diiringi kaliyan renggan kados teng andap puniki.


Misale :

Gedong duwur kari samun

Pagulingan sepi tingtrim

Pepetetan samya murag

Blimbing wuluh lan jeruk manis


Aja nangis

Nangisi sing ora anana

Luhira tumiping pipi

Kampuh jingga pinarada


Yen kembang, kembang melati

Aja den buwang aja den larung

Pependeman ng pungkuran

Tandurane wuluh gading

Rebeng-rebeng cinandak

Layang kekiriman

Wis winaca perlambange


Ya ngilo, ya kasmaran

Kasmaran rupa sejati

Perlambang sinungkemi

Pring paesan tunggal

Duh, kasmaran



8.    Sloka

Sloka asale saking tembung ‘saloka’, artose sami kaliyan pribasa nanging langkung cendak. Seloka ngrupiaken wangun puitis saking bangsa Melayu buhun, isie punika pepetah atanapi jarwadasa kang gadah unsur geguyonan, sindiran atanapi ecean. 


Misale :

Sebane kenging kaslokakaken sata grana. Sata namaning sawung, grana namaning wulung. Artose kados sawung ningal ulung, nggih niku ngraos kawedosen.

Kawontane atanapi suasanae kenging dislokakaken badra irawan. Badra namaning wulan, irawan namaning mega. Suasanae kados wulan katutup ing mega, artose riyem-riyem mekaten.

Tiyang punika saged dislokakaken catur manggala. Catur punika sekawan, manggala punika pengageng, artose kados piageng kang gadah kuwasa ngakimi pinter dados penghulu.

Pedamelane kengeng kaslokakaken wulan madangi jagat. Artose pedamelane punika kengelan nagging kangge mupangate tiyang katah.

Pangandikane kenging kaslokakaken eka sabda. Eka namaning sawiji, sabda namaning pangandikan, artose pangandikane tiyang tanos kang cecek setunggal, atanapi kang sampun kedadosan mboten bakal kedadosan malih.

Tingkahe punika saged dislokakaken maling sandi. Maling punika doyan nyenyolong, sandi punika samar, artose anggene memaling nanging mboten ketara.

Pangandikane keng kaslokakaken ngreka wacana. Ngreka puniku nganggit, wecana puniku omongan, artose omongane mboten saged dipercanten.

Sabare kenging kaslokakaken ngunjara setan. Ngunjara punika menjara, setan punika nepsu, artose saged ngekang nepsu.

Kepotusane saged dislokani nyirna wedana. Nyirna punika ngicalaken, wedana punika tiyang kang gadah, artose kepotusane mboten mbakta mupangat.

Payiose kenging kaslokakaken lir ceti bedaya sriti manggung. Ceti bedaya punika ceti kang siweg njoged, sriti manggung punika sriti kang sampun sae mungele, artose warni-warni bebaktane.

Negrie kenging kaslokakaken panjang apunjung pasir awukir. Panjang namaning dawa, punjung namaning inggil, pasir namaning segara, awukir namaning gunung, artose negrie wera jembar dikubengi segara lang gunung, ugi tata tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi.

Impen punika kenging kaslokakaken dora sembada. Dora namaning bobad, sembada namaning pantes, artose impen punika bobad-bobad pantes.




Imajiner Nuswantoro 



Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)