TULADHA PRANATA ADICARA SIRAMAN CALON PENGANTEN UGI PENJELASAN UGI PENJELASAN KE BAHASA INDONESIA
NGABEKTEN
Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger, putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep jejodoan, tak dongakno mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bagyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda. Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika :
1. Rama …………..
2. Biyung …………
3. Eyang …………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.
3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.
4. Katuran dumateng…….
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.
5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..
6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………
7. Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.
Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.
SESUCI MECAH KEDHI
Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.
PANGKAS RIKMA
Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri.
”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”
Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa,
PONDHONGAN
Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan.
”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa bawa priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.
NANEM RIKMA
”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”.
DULANG PUNGKASAN
”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada, nir ing sambikala
SADE DHAWET
Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak ………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .
Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”
Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet, dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.
Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.
Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.
Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….
PARA RAWUH PARA LENGGAH
Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun.
PENJELASAN BAHASA INDONESIA :
Pranata adicara (pembawa acara) siraman adalah pemandu jalannya ritual penyucian calon pengantin. Acara ini biasanya diisi dengan urutan baku: pembukaan, pasrah tinampi (serah terima air), sungkeman, siraman oleh keluarga, mecah kendi, potong rambut, dan diakhiri dodol dawet serta suapan terakhir.
Berikut adalah panduan lengkap dan susunan acara siraman (biasanya dilangsungkan dalam bahasa Jawa krama inggil) yang siap dipandu:
1. Pambuka (Pembukaan)
Pranata acara membuka prosesi dengan salam dan doa agar acara berjalan lancar.
"Bismillahirrohmanirrohim. Dhumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang pantes sinudarsana, saha para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan... Minangka purwakaning adicara, sumangga kita sesarengan manembah dhumateng Gusti Allah SWT."
2. Pasrah Panampi Tirta Perwitosari (Serah Terima Air)
Perwakilan keluarga calon pengantin menyerahkan air siraman kepada sesepuh atau orang tua. Air ini biasanya diambil dari 7 sumber (air pitu) yang dicampur bunga setaman.
"Katur dhumateng Bapa/Ibu [Nama Sesepuh], keparenga kula ngaturaken tirta wening saking pundi-pundi suci, minangka sarana siraman dhumateng calon pengantin..."
3. Sungkeman
Calon pengantin memohon doa restu kepada kedua orang tua.
"Wekdal menika, calon pengantin badal ngaturaken sungkem dhumateng ngarsanipun Bapa miwah Ibu, nyuwun agunging pangaksama saha nyuwun berkah pangestu..."
4. Siraman
Prosesi inti di mana calon pengantin disiram oleh orang tua dan sesepuh. Biasanya dimulai dari ayah, ibu, dan dilanjutkan para sesepuh ganjil (biasanya 7 orang).
"Pangandikanipun pranatacara: Sumangga kita wiwiti adicara siraman, kaping pisan dening Bapa, lajeng Ibu, saha para sesepuh kakung miwah putri ingkang piniji..."
5. Pecah Kendi lan Pangurasan (Pecah Kendi & Wudu)
Orang tua memecahkan kendi di depan calon pengantin sebagai tanda kebulatan tekad, dilanjutkan dengan wudu menggunakan air sisa siraman.
"Kendi pratala pecah, pratandha bilih calon pengantin sampun mantep jroning kalbu jumeneng minangka pangmah/prameswari ingkang satuhu..."
6. Potong Rikma (Potong Rambut)
Simbol membuang segala keburukan masa lalu.
"Kaparengna Bapa miwah Ibu nindakaken potong rikma, minangka pralambang bucal sengkala, ngicalaken sedaya tindak tanduk ingkang kirang prayogi."
7. Dodol Dawet (Jual Dawet)
Orang tua melayani tamu yang membeli dawet dengan kreweng (pecahan genteng) sebagai alat tukarnya. Ini melambangkan rezeki dan kemakmuran kelak.
"Sumangga para rawuh, wekdal menika adicara dodol dawet kawiwitan. Dawet dipun sade dening Ibu, lan ditumbas dening Bapa ngginakaken kreweng..."
8. Pungkasan (Penutup)
"Kanthi paripurnaning adicara dodol dawet, pranatacara ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh. Mbok bilih wonten kelepatan atur, kula nyuwun agunging samodra pangaksama."
Berikut adalah teks lengkap (cengkorongan) pranata adicara siraman nggunakake basa Jawa krama alus (gaya Surakarta/Yogyakarta) ingkang saged langsung dipunwaos:
TEKS PRANATA ADICARA SIRAMAN
1. Pambuka (Pembukaan)
“Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh,
Dhumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah sinudarsana. Para panyengkuyung, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan.
Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngunjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah Ingkang Maha Welas Asih, awit paringipun berkah lan rahmat, saengga kita saged kempal manunggal wonten ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala, saperlu amirsani adicara siraman calon penganten putri/kakung nggih menika nimas/bagus [Nama Calon Penganten].”
2. Sungkeman (Nyuwun Widinipun Tiang Sepuh)
“Para rawuh ingkang dahat kinurmatan, adicara ingkang kapisan nggih menika sungkeman.
Dhumateng calon penganten, keparenga sowan wonten ngarsanipun rama lan ibu, saperlu nyuwun agunging pangaksama saking sedaya kalepatan, saha nyuwun berkah pangestu anggenipun badhe nindakaken dhompo bebrayan agung.
(Sela sawetara/hening – musik ketawang/laras slendro).
Katon dhumateng rama lan ibu paring pandom lan donga pangestu dhumateng putranipun, mugi-mugi lampahing gesang ingkang enggal tansah pinaringan kabagyan.”
3. Racikan Tirta Perwitosari (Mencampur Air)
“Adicara salajengipun nggih menika ngracik tirta suci perwitosari. Tirta menika dipunpundhut saking pitung sumber, dipunbumboni sekar setaman ingkang wangi ganda arum.
Dhumateng bapa lan ibu, keparenga ngracik lan nyampuraken tirta suci menika minangka sarana reresik raga lan jiwa calon penganten.”
4. Inti Siraman (Prosesi Penyucian)
“Saking donga lan pangestu, wekdal menika dipunwiwiti adicara inti nggih menika siraman. Calon penganten sampun pinarak wonten ing papan siraman.
Ingkang kapisan, siraman dipuntindakaken dening Rama [Nama Ayah].
Ingkang kaping kalih, dipunlajengaken dening Ibu [Nama Ibu].
Salajengipun, dipunaturi dhumateng para sesepuh pinilih:
[Nama Sesepuh 1]
[Nama Sesepuh 2]
[Nama Sesepuh 3]
[Nama Sesepuh 4]
[Nama Sesepuh 5]
Mugi-mugi, winor tirta suci menika, saged ngicalaken sedaya sukerta, sengkala, lan regetan ingkang wonten ing dhiri calon penganten.”
5. Nesuci / Wudhu lan Mecah Kendi
“Sasampunipun reresik raga, bapa/ibu badhe maringi toya wudhu saking kendi pratala.
(Selesai wudhu)
Salajengipun, bapa badhe mecah kendi pratala menika kanthi ngendika: 'Wis pecah pamore'.”
6. Potong Rikma (Potong Rambut)
“Adicara salajengipun nggih menika potong rikma utawi potong rambut calon penganten dening rama lan ibu. Potong rikma menika gadhah pralambang bucal sedaya tindak-tanduk ingkang kirang prayogi ing masa lalu, saengga siyap mlebet ing gesang ingkang enggal.”
7. Dhodhol Dawet (Jualan Dawet)
“Para rawuh ingkang minulyo, minangka pungkasaning ritual, sumangga kita pirsani adicara dhodhol dawet. Ibu ingkang nyadé dawet, dene Rama ingkang mapag pambayar ngginakaken kreweng utawi pecahan gendheng.
Menika pralambang bilih bapa lan ibu paring patuladhan babagan pados rejeki ingkang halal lan gotong royong ing kulawarga. Dhumateng para tamu, kasumanggaken tumbas dawet menika.”
8. Panutup (Penutup)
*“Kanthi paripurnanipun adicara dhodhol dawet, mila sampun rampung adicara siraman ing ari menika. *
Kula minangka pranata adicara, nyuwun gunging samodra pangaksama menawi wonten kirang subasita, kirang trapsila, lan kalepatan atur anggen kula mandhegaken adicara.
Wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.”
Imajiner Nuswantoro

