SERAT DARMAWASITA
(Tembang Macapat Gubahan K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV)
Serat Darmawasita adalah karya sastra Jawa klasik berbentuk tembang (macapat) gubahan K.G.P.A.A. Mangkunagoro IV. Secara etimologis, "darma" berarti kewajiban atau kebajikan, dan "wasita" berarti nasihat. Serat ini berisi petuah dan ajaran moral tentang tata krama dalam berumah tangga, etika sosial, serta cara menjaga keharmonisan hidup.
Naskah ini utamanya memuat ajaran moral yang dibagi ke dalam tiga pupuh (tembang) utama, yaitu:
1. Dhandhanggula (berisi 12 bait).
2. Kinanthi (berisi 10 bait).
3. Mijil (berisi 20 bait).
Ajaran utama dalam Serat Darmawasita menekankan pentingnya komunikasi yang baik antarpasangan, pemahaman hak dan kewajiban dalam pernikahan, bersikap rendah hati, serta menjauhi perilaku yang memicu permusuhan.
Dhandhanggula
1. mrih sarkara pamardining siwi | winursita dènira manitra | nujwari Salasa Wage | tri wêlas sasi Mulud | kasanga Dal sangkalèng warsi | winêling anêngaa | sariranta iku | mring iki wasitaningwang | marang sira putrèngsun jalu lan èstri | muga padha ngèstokna ||
2. rèhne sira wus diwasa sami | sumurupa lakoning agêsang | sun tuturi kamulane | manungsa èstri jalu | pêpantaran dènnya dumadi | nèng donya nut agama | jalu èstri dhaup | măngka kanthining agêsang | lawan kinèn marsudi dawakkên wiji | ginawan budidaya ||
3. yeka măngka srananing dumadi | tumanduke marang saniskara | manungsa apa kajate | sinêmbadan sakayun | yèn dumunung mring wolung warni | ingaran asthagina | iku têgêsipun | wolung pedah tumrapira | marang janma margane mrih sandhang bukti | kang dhingin winicara ||
4. panggaotan gêlaring pambudi | warna-warna sakaconggahira | nut ing jaman kalakone | rigên ping kalihipun | dadi pamrih marang pakolih | katri gêmi garapnya | margane mrih cukup | papat nastiti papriksa | iku dadi margane wêruh ing pasthi | lima wruh etung ika ||
5. watêk adoh mring butuh saari | kaping nênêm tabêri têtanya | ngundhakkên marang kawruhe | ping pitu nyêgah kayun | pêpenginan kang tanpa kardi | tan boros marang arta | sugih watêkipun | ping wolu nêmên ing sêja | watêkira sarwa glis ingkang kinapti | yèn bisa kang mangkana ||
6. angêdohkên durtaning kang ati | anyêdhakkên rahayuning badan | dèn andêl mring sêsamane | lan malih wêkas ingsun | aja tuman utang lan silih | anyudakkên darajat | camah wêkasipun | kasoran prabawanira | mring kang potang lawan kang sira silihi | nyatane angrêrêpa ||
7. luwih lara-laraning kang ati | ora kaya wong tininggal arta | kang wus ilang piandêle | lipure mung yèn turu | lamun tangi sungkawa malih | yaiku ukumira | wong nglirwakkên tuduh | ingkang aran budidaya | têmah papa asor dènira dumadi | tan amor lan sêsama ||
8. kaduwunge saya angranuhi | sanalika kadi suduk jiwa | èngêt mring kaluputane | yèn kêna putraningsun | aja kadi kang wus winuni | dupèh wus darbe sira | panci pancèn cukup | bêcik linawan gaota | kang supaya kayumananing dumadi | manulak mring sangsaya ||
9. rambah malih warsitaning siwi | kawikana patraping agêsang | kang kanggo ing salawase | manising netya luruh | angêdohkên mring salah tampi | wong kang trapsilèng tata | tan agawe rêngu | wicara lus kang mardawa | iku datan kasêndhu marang sêsami | wong kang rumakêt ika ||
10. karya rêsêp mring rewange linggih | wong kang manut mring caraning băngsa | watêk jêmbar pasabane | wong andhap asor iku | yêkti olèh panganggêp bêcik | wong mênêng iku nyata | nèng jaban pakewuh | wong prasaja solahira | iku ora gawe ewa kang ningali | wong nganggo têpanira ||
11. angêdohkên mring dosa sayêkti | wong kang èngêt iku watêkira | adoh marang bilaine | mangkana sulangipun | wong kang amrih arjaning dhiri | yèku pangulahira | batin ugêripun | ing lair grêbaning basa | yeka aran kalakuan ingkang bêcik | margane mring utama ||
12. pêpuntone gonira dumadi | ngugêmana mring catur upaya | mrih tan bingung pamundhine | kang dhingin wêkas ingsun | anirua marang kang bêcik | kapindho anuruta | mring kang bênêr iku | katri gugua kang nyata | kaping pate miliha ingkang pakolih | dadi kanthi nèng donya ||
Kinanthi
1. dene wulang kang dumunung | pasuwitan jalu èstri | lamun srêgêp watêkira | tan karya gêla kang nuding | pêthêl iku datan dadya | jalaran duka sayêkti ||
2. têgên iku watêkipun | akarya lêga kang nuding | wêkêl marganing pitaya | dene ta pangati-ati | angêdohkên kaluputan | iku margane lêstari ||
3. lawan malih wulangipun | margane wong kanggêp nglaki | dudu guna japa măntra | pèlèt dhuyung sarat dhêsthi | dumunung nèng patrapira | kadi kang winahya iki ||
4. wong wadon kalamun manut | yêkti rinêmênan nglaki | miturut marganing wêlas | mituhu marganing asih | mantêp marganirèng trêsna | yèn têmên dèn andêl nglaki ||
5. dudu pangkat dudu turun | dudu brana lawan warni | ugêre wong palakrama | wruhanta dhuh anak mami | mung nurut nyondhongi karsa | rumêksa kalayan wadi ||
6. basa nurut karêpipun | apa sapakoning laki | ingkang wajib linêksanan | tan suwala lan baribin | lêjaring netya sarănta | tur rampung tan pindho kardi ||
7. dene condhong têgêsipun | ngrujuki karsaning laki | saniskara solahbawa | tan nyatur nyampah maoni | apa kang lagi rinênan | opènana kang gumati ||
8. wong rumêksa dunungipun | sabarang darbèking laki | miwah sariraning priya | kang wajib sira kawruhi | wujud warna cacahira | êndi bubuhaning èstri ||
9. wruha sangkan paranipun | pangrumate dèn nastiti | apadene guna kaya | tumanjane dèn patitis | karana bangsaning arta | iku jiwanirèng lair ||
10. basa wadi wantahipun | solah bawa kang piningit | yèn kalair dadya ala | saru tuwin anglingsêmi | marma sira dèn abisa | nyimpên wadi ywa kawijil ||
Mijil
1. wulang èstri kang wus palakrami | lamun pinitados | amêngkoni mring bale-wismane | among putra maru sêntanabdi | dèn angati-ati | ing sadurungipun ||
2. tinampanan waspadakna dhingin | solahbawaning wong | ingkang bakal winêngku dhèwèke | miwah watak pambêkane sami | sinuksma ing batin | sarta dipun wanuh ||
3. lan takona padatan ingkang wis | caraning lêlakon | miwah apa saru-sêsikune | sêsirikan kang tan dèn rêmêni | rungokêna dhingin | dadi tan pakewuh ||
4. tumrap ing rèh pamanduming wanci | tatane ing kono | umatura dhingin mring priyane | yèn panuju ana ing asêpi | ywa kongsi baribin | saru yèn rinungu ||
5. bokmanawa lingsêm têmah runtik | dadi tanpantuk don | dene lamun ingulap netyane | datan rêngu lilih ing panggalih | banjurna dera ngling | lawan têmbung alus ||
6. anyuwuna wulang wêwalêring | gonira lêlados | lawan êndi kang dèn wênangake | marang sira wajibing pawèstri | anggonên salami | dimèn aja padu ||
7..awit wruha kukume jêng nabi | kalamun wong wadon | ora wênang andhaku darbèkke | priya lamun durung dèn lilani | mangkono wong laki | tan wênang andhaku ||
8. mring gawane wong wadon kang asli | tan kêna dèn êmor | lamun durung ana palilahe | yèn sajroning salaki sarabi | wimbuh rajatadi | iku jênêngipun ||
9. gana-gini padha andarbèni | lanang lawan wadon | wit sangkane săngka sakarone | nging wêwênang isih anèng laki | marma ywa gêgampil | rajatadi mau ||
10. gana-gini ekral kang jagèni | saduman wong wadon | kang rong duman wong lanang kang darbe | lamun duwe anak jalu èstri | bapa kang ngwènèhi | sandhang panganipun ||
11. pama pêgat mati tuwin urip | gonira jêjodhon | iku ora sun tutur kukume | wêwênange ana ing surambi | ing mêngko balèni | tutur ingsun mau ||
12. yèn wus sira winulang winêling | wêwalêre condhong | lan priyanta ing bab pamêngkune | bale-wisma putra maru abdi | lawan rajatadi | miwah kayanipun ||
13. iku lagi tampanana nuli | kang nastiti batos | tinulisan apa saanane | tadhah putra sêlir santanabdi | miwah rajatadi | kagunganing kakung ||
14. yèn wus slêsih gonira nampani | sarta wis waspaos | aturêna layang pratelane | mring priyanta paran ingkang kapti | ngêntènana malih | mring pangatagipun ||
15. kang supaya aja dèn arani | wong wadon sumanggoh | bokmanawa gêla ing batine | bêcik apa ginrayangan melik | mring kayaning laki | tan yogya satuhu ||
16. ing sanadyan lakinira bêcik | momong mring wong wadon | wekanana kang mrina liyane | jêr manungsa datan nunggil kapti | ana ala bêcik | ing panêmunipun ||
17. lamun kinèn banjur ambawani | ywa age rumêngkoh | lulusêna lir mau-maune | aja nyuda aja amuwuhi | tampanana batin | ngajarna awakmu ||
18. êndi ingkang pinitayan nguni | amêngku ing kono | lêstarèkna ywa lirip atine | slondhohana lêlipurên ing sih | mrih trimaning ati | kêna sira tantun ||
19. yèn wus cakêp acakup pikiring | wong sajroning kono | lawan uwis mêtu piandêle | marang sira ora walangati | iku sira lagi | ngêtrap pranatanmu ||
20. wêwatone nyăngga sandhang bukti | nganakkên kaprabon | jalu èstri sapangkat-pangkate | iku saking pamêtu sêsasi | utawa sawarsi | pira gunggungipun ||
Imajiner Nuswantoro


