Kisah Putri Sedhah Mirah (Boso Jawi)
Ing Dongeng Rakyat ana sawetara crita ngenani sawijining paraga sing aran " Putri Sedhah Mirah ".
Iki mung salah sijine crita asal saka Rakyat Blambangan.
Kacarita Sultan Mataram wis bola-bali nyoba nelukake Kraton Blambangan, nanging tansah gagar wigar tanpa gawe.
Wektu iku Adipati Kinenten saka kadipaten Pasuruan nganakake pemberontakan marang Kasultanan Mataram, bab mau ana sebabe jalaran kejaba kepengin Merdika uga oleh bantuwan saka Kadipaten Blambangan.
Bab mau ndadekake Sultan Mataram sing wektu iku diasta Dening Kanjeng Panembahan Senopati duka nuli prentah marang Raden Mas Jolang lan Ki Juru Martani nyirep pokale Adipati Pasuruan mau.
Adipati Pasuruan wis klakon Teluk kari nrenggalani Adipati Siyung Laut ing Blambangan.
Mula Raden Mas Jolang banjur mepak Wadyabala nedya ngukum Adipati Blambangan.
BACA JUGA :
Makam Pesarean Sedah Merah di Kediri
Kisah Putri Sedhah Mirah (Boso Jawi)
.
Ing Kraton Blambangan, Prabu Siyung laut prentah marang Patih Jathasura lan adhine, Haryo Bendung Adipati Asembagus ngirit Prajurit segelar sepapan nrenggalani Prajurit Mataram sing nedya nyerbu Kraton Blambangan.
Klakon campuh yuda, andher pati, Prajurit Kasultanan Mataram lumawan Prajurit Blambangan.
Ing kono Prajurit Mataram kuwalahan ngadhepi kridhane prajurit Blambangan, malah Mas Jolang lan Ki Juru Martani keplayu ngunduri jurit.
Senopati Blambangan sing ngoyak playune wong loro mau tanpa guna.
Nganti sawijining dina, Mas Jolang kasil mlebu ing Tamansari.
Ing Tamansari Mas Jolang ketemu karo Putri Sedhah Mirah sing akhire kalorone nibakake katresnan.
Nanging eman keluwarga Kraton Blambangan, mangerteni yen Tamansari klebon Duratmaka nyidra asmara Putri Sedhah Mirah, lan mas Jolang kasil dicekel, nanging krana penangise Sang putri Sedhah Mirah marang ramane, Prabu Siyung Laut kepeksa paring pangestu Putrine ginarwa dening Raden Mas Jolang.
Prabu Siung Laut
Prabu Siung Laut, utawa Prabu Siung Manoro, iku tokoh legenda sing digambarake minangka salah sawijining panguwasa Kraton Blambangan, Banyuwangi, asli saka Kediri.
Miturut crita rakyat, Blambangan ngalami limang raja berturut-turut, kalebu Prabu Siung Manoro lan Prabu Kebo Mancuet.
Perlu dicathet menawa crita-crita bab Prabu Siung Laut luwih adhedhasar legendha, tradhisi lisan, utawa "percintaan sejarah" (campuran fakta lan folklor) tinimbang cathetan sejarah faktual sing didokumentasikake kanthi tulisan ing prasasti.
Ganti kang cinarita playune Ki Juru Martani nuju arah Kidul kulon karo bengak-bengok ngundang Raden Mas Jolang (basa. Jawa: celuk-celuk), nanging ora ana wangsulan, tanpa asil.
Miturut crita, papane Ki Juru Martani ngundang-undang Mas Jolang iku disebut Desa Benculuk (saiki mlebu wilayah Kecamatan Cluring, Banyuwangi).
Sawetara iku Patih Jathasura
Sing kepengin ngendhih kawibawane Prabu Siyung laut lan kepengin ngepek bojo Putri Sedhah Mirah kaya oleh dalan.
Nalika ngoyak mungsuh didherekake salah sijine putra raja, aran Raden Mas Kembar.
Ana ing tengah alas Raden Mas Kembar diperjaya sarana dilimpe. sebab Raden Mas Kembar, minangka sandhungan anggone kepengin dadi Ratu lan ngrabi Putri Sedhah Mirah.
Tiwase Raden Mas Kembar nyebabake Prabu Siyung Laut sedhih penggalihe, banget anggone mikir ditinggal seda Putrane wusana njalari owah engetan (setengah edan) wekasan gerah dadi lan sedane.
Kalodhangan mau dipigunakake dening Patih Jathasura nyedhaki Putri Sedhah Mirah, krana Prabu Siyung Laut nate janji bakal njodhokake Patih Jathasura karo putri Sedhah Mirah.
Sawise klakon mlebu ing tamansari Patih Jathasura nemoni putri Sedhah Mirah.
Kuciwa atine Patih Jathasura bareng ngerti Putri Sedhah Mirah pranyata wis dadi Garwane Raden Mas Jolang lan Duwe putra sing isih cilik.
Kamangka Raden Mas Jolang iku tilas mungsuhe Kraton Blambangan.
Muntab atine Patih Jathasura ngunus curiga ditamakake Putri Sedhah Mirah dadi lan tiwase.
Sawetara Raden Mas Jolang kasil nylametake putrane ( asile jejodhoan karo Putri Sedhah Mirah).
Patih Jathasura sawise mateni Putri Sedhah Mirah terus tumuju Kadipaten Asembagus nemoni Haryo Bendung gawe pitenah menawa Putri Sedhah Mirah wis dipateni prajurit Mataram.
Mireng Putri Sedhah Mirah tiwas dening prajurit Mataram, Adipati Asembagus Bramantya duka yayah sinipi. Sigra ngirit Wadyabala segelar sepapan nglurug kadipaten Blambangan nedya males ukum patine Putri Sedhah Mirah.
Ana satengahe dalan Haryo Bendung ketemu Ki Juru Martani.
Ing kono Ki Juru Martani crita kedadeyan sak benere.
" Heh Kaki Bendung, Aku Ki Juru Martani. Mangertiya kaki Sira iku isih putra ponakanku dhewe.
Aja salah tampa menawa sejatine Putri Sedhah Mirah ora dipateni dening wong Mataram, Nanging dipateni dhewe karo Patih Jathasura sing uga kakangmu dhewe Awit Patih Jathasura melik kepengin dadi bojone Putri Sedhah Mirah".
" Menapa leres Dhawuh penjenengan saget kula Ugemi Paman Juru…?
Kanthi paseksene sawetara Emban lan Juru Taman ndadekake Haryo Bendung Duka dene diapusi Patih Jathasura.
Sawise mangerteni Dhodhok seleh-e Perkara sing sabenere
Haryo Bendung runtik atine rumangsa kapusan dening pakartine Patih Jathasura kang nyebar Pitenah.
Sang Adipati Haryo Bendung mutusake nedya males ukum marang Ki Patih Jathasura kang wis tumindak nalisir saka angger-angger-ing kautaman.
Wani nggonjak Asmara marang Putri Sedhah Mirah.
Sawatara suwe Haryo Bendung nggoleki Patih Jathasura pungkasane ketemu nalika Patih Blambangan mau lagi ngrudapeksa garwane Ki Juru Martani.
Nyai Juru Martani malah dipateni pisan.
Nyekseni kanyatan mau Harya Bendung ora bisa ngampet nepsune nganti dadi prang tandhing kang wekasan Patih Jathasura tumekeng pati ketaman pusakane Haryo Bendung.
Sirep dahuru ing Kadipaten Blambangan.
Sateruse Raden Mas Jolang, Ki Juru Martani lan Haryo Bendung nganakake sesambungan kang becik.
Mbesuke putrane Mas Jolang dipundhut mantu didhaupake karo salah siji putrine Haryo Bendung.
Kanthi mengkono antarane Kesultanan Mataram lan Kadipaten Blambangan.
Luwih Tentrem Nata para kawula ne.
Kesultanan Mataram sing mapan ing Jawa Tengah lan Kadipaten Blambangan ing Jawa wetan.
Liding Crita
(Liding crita (Jawa) secara harfiah tegese inti saka crita, pokok crita, utawa pesen moral sing diwedharake ing crita. Iki nuduhake nilai-nilai luhur, pitutur, utawa kesimpulan utama sing bisa dipikolehi dening pamaca utawa pamireng saka alur crita).
Dongeng rakyat Blambangan, Putri Sedhah Mirah klebu “Roman Sejarah”.
Dene dongeng rakyat Putri Sedhah Mirah lan bumi Mataram, uga ketemune Putri Sedhah Mirah karo Raden Mas Jolang putra Kesultanan Mataram saengga ana sesambungan asmara (percintaan) mujudake roman sejarah gabungan crita sejarah sabenere (faktual) lan crita rekan (dongeng rakyat).
Prayogyane dipilah-pilah.
Antarane crita Sejarah lan crita sing dudu sejarah, supaya ora tumpang tindhih.
Sebab crita Sejarah (faktual) bisa dadi dhasar nemtokake sejarah kang sabenere.
Dene Dongeng rakyat kaya sing tinulis ing ndhuwur minangka jangkep ing crita sing sipate hiburan kanggo patuladhan tumrap masyarakat.
BRAy Sedah Mirah
B.R.Ay Adipati Sedah Mirah angsal kasugihan ingkang ageng nalika sugengipun. Saliyané misuwur amarga kaendahane, dheweke uga trampil ing diplomasi lan nduweni kaprigelan sing jero, menehi karisma lan wibawa sing luar biasa. Minangka pemimpin, dheweke ditresnani dening rakyate, ditresnani dening rajane, diajeni dening kanca-kancane, lan diwedeni dening mungsuh. BRAy Adipati Sedah Mirah minangka pujangga, panulis Buku Ponconiti. Dhèwèké uga kondhang minangka sing nduwèni naskah-naskah suci Susuhunan, kayata Wulang Reh Yasan Dalem PB IV lan Serat Babad Centhini, sing ditulis nalika jaman PB V. Kawicaksanané ing babagan pencak silat, ndadèkaké gelar Adipati. Amargi pakaryanipun wonten ing maneka bidang, mliginipun spiritual, BRAy Adipati Sedah Mirah dipunpitadosi dening Kraton kangge nindakaken tugas mimpin upacara sakral lan ritual, inggih menika Adhang Dhandhang Kyai Duda utawi masak sekul kanthi piranti ingkang awujud kukusan saha dhandhang ingkang dipundamel saking tembaga. Dhandhang Kyai Duda yaiku pusaka warisan saka Ki Ageng Tarub lan garwane yaiku bidadari Dewi Nawang Wulan. Saka dhandhang pusaka iki, bidadari Dewi Nawang Wulan masak sega mung siji butir nanging sega kuwi bisa dipangan wong akeh. Salajengipun BRAy Adipati Sedah Mirah mimpin adicara labuh sedaya tinggalan adhang dhandhang Kyai Duda dhateng pesisir kidul, tepatipun wonten ing pantai Parangkusumo. Acara iki cukup langka amarga mung dianakake saben 8 taun utawa saben wolung taun sepisan.
Mengaten babagan ringkesan crita BRAy Adipati Sedah Mirah. Sedah Mirah menika kathah sanget, nanging sakmenika kula pribadi namung kenal kalih. Salah sijine punggawa Keraton Kidul jenenge Nyai Sedah Mirah, lan sijine punggawa jenenge Nyai Nitipiro.
Panêmbahan Hanyakrawati
Sri Susuhunan Adi Prabu Hanyakrawati Senapati-ing-Ngalaga Mataram (lair: Kotagede, ?- séda: Krapyak, 1613) iku raja Kasultanan Mataram kaping kalih, jumeneng nata wiwit taun 1601 dumugi 1613. Dhèwèké uga asring sinebut sacara anumerta minangka Panembahan Seda ing Krapyak, utawa mung ing Panembahan Seda Krapyak, utawa mung Panembahan Seda Krapyak. Panjenenganipun punika rama Sultan Agung, raja paling gedhe ing Mataram lan pahlawan nasional Indonesia.
Trah silsilah kulawarga
Prabu Hanyakrawati asma asline yaiku Raden Mas Jolang, putrane Panembahan Senapati, raja pertama ing Kasultanan Mataram. Ibune yaiku Ratu Mas Waskitajawi, putrine Ki Ageng Panjawi, patih Pati. Wong tuwane Mas Jolang kuwi sedulur.
Nalika njabat dadi Adipati Anom (putra mahkota), Mas Jolang krama karo Ratu Tulungayu putri Ponorogo. Ananging palakrama mau ora ngasilake putra, sanajan Mas Jolang wis janji yen dadi raja, kalungguhan Adipati Anom bakal diwarisake putrane Ratu Tulungayu.
Mas Jolang lajeng krama malih, kaliyan Dyah Banowati, putrinipun Pangeran Benawa, ratu ing Pajang. Dyah Banowati kang banjur ngasta gelar Ratu Mas Hadi, peputra Raden Mas Rangsang lan Ratu Pandansari (banjur garwane Pangeran Pekik).
Patang taun sawise Mas Jolang jumeneng nata, Ratu Tulungayu peputra Raden Mas Wuryah, kang sinebut Adipati Martapura. Kamangka nalika iku kalungguhan Adipati Anom dicekel dening Mas Rangsang. Silsilah Panembahan Hanyakrawati Versi Mangkunegaran
Trah silsilah lengkap
Panembahan Hadi Prabu Hanyokrowati/Panembahan Seda ing Krapyak (Sultan Mataram kaping 2, 1601-1613) krama karo Ratu Tulung Ayu lan Dyah Banowati/Ratu Mas Hadi (putu saka Raden Joko Tingkir lan Ratu Mas Cempaka), lan kagungan putra 12:
Sultan Agung/Raden Mas Djatmika (1593-1645), Sultan Mataram kaping 3 (1613-1645), dhaup kaliyan Kanjeng Ratu Kulon/Ratu Mas Tinumpak (putrinipun Ratu Cirebon kaping 4 sasampunipun Sunan Gunung Jati). Kanjeng Ratu Batang/Ratu Ayu Wetan/Ratu Kulon ingkang kaping 2, kagungan putra 9 :
- Raden Mas Sahwawrat / Pangeran Temenggong Pajang
- Raden Mas Kasim / Pangeran Demang Tanpa Nangkil
- Pangeran Ronggo Kajiwan
- Gusti Ratu Ayu Winongan
- Pangeran Ngabehi Loring Pasar
- Pangeran Ngabehi Loring Pasar
- Sunan Prabu Amangkurat Agung / Amangkurat I / Raden Mas Sayidin (Sultan Mataram ke 4, 1646-1677) wafat 13 Juli 1677 di Banyumas.
- Sunan Prabu Mangkurat II / Sunan Amral / Raden Mas Rahmat (Sunan Kartasura ke 1, 1677-1703)
- Sunan Prabu Amangkurat III (Sunan Kartasura ke 2, 1703-1705)
- Susuhunan Pakubuwono I / Pangeran Puger / Raden Mas Drajat (Sunan Kartasura ke 3, 1704-1719)
- Raden Mas Sengkuk
- Prabu Amangkurat IV (Mangkurat Jawi) wafat 20 April 1726
- Kanjeng Pangeran Arya Mangkunegara (Mangkunegara I, 1757-1795)
- Gusti Raden Ayu Suroloyo, di Brebes
- Gusti Raden Ayu Wiradigda
- Gusti Pangeran Hario Hangabehi
- Gusti Pangeran Hario Pamot
- Gusti Pangeran Hario Diponegoro
- Gusti Pangeran Hario Danupaya
- Sri Susuhunan Pakubuwono II / Raden Mas Prabasuyasa (Sunan Surakarta ke 1, 1726-1742)
- Gusti Pangeran Hario Hadinagoro
- Gusti Kanjeng Ratu Maduretno, Garwa Pangeran Hindranata
- Gusti Raden Ajeng Kacihing, Dewasa Sedho
- Gusti Pangeran Hario Hadiwijoyo
- Gusti Raden Mas Subronto, Wafat Dalam Usia Dewasa
- Gusti Pangeran Hario Buminoto
- Pangeran Hario Mangkubumi Hamengku Buwono I (Sultan Yogyakarta Ke 1, 1717-1792)
- Sultan Dandunmatengsari
- Gusti Raden Ayu Megatsari
- Gusti Raden Ayu Purubaya
- Gusti Raden Ayu Pakuningrat di Sampang
- Gusti Pangeran Hario Cokronegoro
- Gusti Pangeran Hario Silarong
- Gusti Pangeran Hario Prangwadono
- Gusti Raden Ayu Suryawinata di Demak
- Gusti Pangeran Hario Panular
- Gusti Pangeran Hario Mangkukusumo
- Gusti Raden Mas Jaka
- Gusti Raden Ayu Sujonopuro
- Gusti Pangeran Hario Dipawinoto
- Gusti Raden Ayu Adipati Danureja I
- Pangeran Diposonto / Ki Ageng Notokusumo
- Raden Ayu Lembah
- Raden Ayu Himpun
- Raden Suryokusumo
- Pangeran Blitar
- Pangeran Dipanegara Madiun
- Pangeran Purbaya
- Kyai Adipati Nitiadiningrat I Raden Garudo (groedo)
- Raden Suryokusumo
- Tumenggung Honggowongso / Joko Sangrib (Kentol Surawijaya)
- Gusti Raden Ayu Pamot
- Pangeran Martosana
- Pangeran Singasari
- Pangeran Silarong
- Pangeran Notoprojo
- Pangeran Satoto
- Pangeran Hario Panular
- Gusti Raden Ayu Adip Sindurejo
- Raden Ayu Bendara Kaleting Kuning
- Gusti Raden Ayu Mangkuyudo
- Gusti Raden Ayu Adipati Mangkupraja
- Pangeran Hario Mataram
- Bandara Raden Ayu Danureja / Bra. Bendara
- Gusti Raden Ayu Wiromenggolo / R.Aj. Pusuh
- Gusti Raden Ayu Wiromantri
- Pangeran Danupoyo/Raden Mas Alit
- Pangeran Mangkubumi
- Pangeran Bumidirja
- Pangeran Arya Martapura / Raden Mas Wuryah (1605-1688)
- Ratu Mas Sekar / Ratu Pandansari
- Kanjeng Ratu Mas Sekar
- Pangeran Bhuminata
- Pangeran Notopuro
- Pangeran Pamenang
- Pangeran Sularong / Raden Mas Chakra (wafat Desember 1669)
- Gusti Ratu Wirokusumo
- Pangeran Pringoloyo
Peranan wiwitan
Mas Jolang diutus bapake kanggo ngadhepi pambrontakan dening pamane ibune, Adipati Pragola saka Pati, ing taun 1600.
Pambrontakan punika dipunwiwiti saking kramanipun Panembahan Senapati kaliyan Retno Dumilah, putri saking Madiun, dados permaisuri ingkang kaping kalih. Pragola ngamuk, wedi yen posisine adhine (Ratu Mas Waskitajawi) diancam. Dheweke mbalela lan mratelakake kamardikan Pati saka Mataram.
Panembahan Senapati nugasake Mas Jolang kanggo numpes kraman Pragola. Nanging, dheweke ora bisa ngalahake kekuwatan gaib pamane. Dheweke malah semaput amarga tatu nalika ngadhepi Pragola lan kepeksa mundur dening pasukane.
Pambrontakan Adipati Pragola wusanane ditumpes dening Panembahan Senapati dhewe.
Pambrontakan Pangeran Puger
Pangeran Puger ingkang asma Raden Mas Kentol Kejuron punika putra kaping kalihipun Panembahan Senapati, miyos saking selir nama Nyai Adisara. Nalika semana, putrane Senapati kang kapisan yaiku Raden Rangga Samudra (lair saka Rara Semangkin), wis suwe seda. Iki ndadekake Pangeran Puger dadi putra pambarep, rumangsa nduweni hak sing luwih dhuwur ing tahta Kasultanan Mataram tinimbang Mas Jolang.
Panembahan Senapati seda ing taun 1601 lan diganti dening Mas Jolang dadi raja Mataram sabanjure kanthi gelar Prabu Hanyakrawati. Janjian iki banget nglarani Pangeran Puger, sing ora gelem rawuh ing rapat-rapat negara. Sadar bab iku, Hanyakrawati ngangkat adhine dadi Adipati Demak.
Senadyan mangkono, Pangeran Puger isih mbalela ing taun 1602. Perang sadulur pecah antarane Mataram lan Demak. Pungkasane, ing taun 1605, Pangeran Puger dicekel lan dibuwang menyang Kudus.
Ana kraman maneh ing taun 1607, dipimpin dening Pangeran Jayaraga (alias Raden Mas Barthotot), adhine Hanyakrawati, bupati Ponorogo. Pambrontakan iki ditumpes dening adhine liyane, Pangeran Pringgalaya (alias Raden Mas Julik, putrane Retno Dumilah). Jayaraga dicekel lan dibuwang menyang Mesjid Watu ing Pulo Nusakambangan.
Serang Surabaya
Surabaya biyen dikenal kanthi sawetara jeneng, sing paling tuwa kacathet minangka Curabhaya ing prasasti Trowulan I (1358 M). Suwe-suwe, wilayah kasebut dikenal kanthi jeneng Ujung Galuh (Jung-Ya-Lu), banjur ejaane berkembang dadi Surabaia, Soerabaia, Seoarabaja, lan pungkasane Surabaja nalika jaman kolonial Walanda.
Ing taun 1610, Hanyakrawati nglajengake upaya bapake kanggo nelukake Surabaya, mungsuh Mataram sing paling kuat. Serangan-serangan sing ditindakake nganti pungkasane pemerintahane ing taun 1613 mung ngrusak ekonomi Surabaya nanging ora bisa ngrusak kutha kasebut.
Serangan taun 1613 njalari pos-pos VOC ing Gresik lan Jortan kobong. Minangka njaluk ngapura, Hanyakrawati ngidini VOC nggawe pos dagang anyar ing Jepara. Dheweke uga nyoba nggawe hubungan karo markas VOC ing Ambon.
Pati ing Krapyak
Prabu Hanyakrawati seda ing taun 1613 amarga kacilakan nalika mburu kidang ing Alas Krapyak. Mula kanthi anumerta diparingi gelar Panembahan Seda ing Krapyak. Dikubur ing Pasarean Mataram.
Putrane sing diangkat dadi raja sabanjure yaiku Mas Rangsang. Nanging amarga sadurunge wis janji karo putrane marang garwa sepisanan (Ratu Tulungayu), Mas Wuryah diangkat dadi raja sedina, kanthi gelar Adipati Martopuro.
Sawise jumeneng nata sedina, Adipati Martopuro diganti dening Mas Rangsang, kang luwih misuwur kanthi asma Sultan Agung.
Cathetan
Pangeran Puger, kakange Prabu Hanyakrawati, kang mbalela ing taun 1602-1605, ora kena kacampuran karo Pangeran Puger, kang jejuluk Pakubuwana I. Pangeran Puger Pakubuwana I iku putune Hanyakrawati, kang urip ing tembe mburi. Panjenenganipun jumeneng nata ing Kasunanan Kartasura wiwit taun 1705-1719.
BRAy Adipati Sedah Mirah (Pujangga Kita Ponconiti) :
BRAy Adipati Sedah Mirah adalah seorang pujangga, beliaulah penulis Kitab Ponconiti. Selain itu beliau juga dikenal sebagai pemegang babon serat yasan dalem Susuhunan seperti kitab Wulang Reh yasan dalem PB IV, dan serat babad Centhini yang ditulis semasa PB V.
2. Wulangreh (2)
Sumber Referensi :
Dinukil oleh Tim Pustaka Jawatimuran dari koleksi Deposit – Badan Perpustakaan dan Kearsipan Provinsi Jawa Timur: Tri Asih Rahayu, Spd, Gema Blambangan, Majalah Pemerintah Kabupaten Dati II Banyuwangi, GB No. 069/1997. Banyuwangi: Humas Pemerintah Kabupaten Dati II Banyuwangi, 1997. hlm. 43-45.
Imajiner Nuswantoro




