KIDUNG PASAMUAN JAWI

0

 KIDUNG PASAMUAN JAWI


Imajiner Nuswantoro



ALLAH IKU MAHAKWASA

Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali. Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji

Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci, kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathiYéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.

Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti, gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti. Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.

Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu, yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.



ALLAH MAHASUCI

1.  Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah punikiagung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya. Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati.

2. Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driyakawula nlangsani dosa. Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem.Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta.

3.  Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah kula sami nyadhong berkah. Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti kang paring gesang sejati. Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi nilar gesang lami.

4). Allah Mahaluhur, kula saos sokur, dalah pisungsung kang katur. Bandha sarta badan miwah kasagedan.dadosa kurban kang gesang. Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng Gusti.



ALLAH MBABARKEN KWASANYA

1. Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kènging brama,

nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarsèng Allah Mamulya.

Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara,

ngluwari tiyang siniya, temahan ngraosken begja.

Dènè tyang wangkot mbalèla siniksa bebendunya.

2. Allah mbèlani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang nèng jagad;

Pangèran ngrentahken berkah kang ngrimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah.

Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinendhes kaluwaran,

temah tan wonten panandhang ing rèhing Rati Kaswargan.

Dè para wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya.

3. Allah Ratu Kaadilan wus ngraosken pra adigang, temah kasurang-surang.

Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan.

Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa,

kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi.

Dalah kang swau mbalèla, nggih samya asung puja.

4. Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki.

Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti.

Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur,

Lestantuna nèng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa,

yèku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.



DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI

1. Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci. Sabatinku ngluhurna asmané. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna. Aja lali sagunging kadarmannya. Élingana sawiji-wijiné.

2. Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaraniranebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan,kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira

3. Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci, mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur, iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba.



DHUH PANGÈRAN

1. Dhuh Pangèran Ingkang Maha Suci, kula sami marek tetunggilan. Salir bangsa salumahing bumiamemuji asmané Pangèran.

2. Gusti tresna mring kula sadaya,saking kilèn miwah saking wétan, sami nunggil klayan Sang Pamarta



GUSTI KANG MURBENG DUMADI

1. Gusti kang murbeng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan panyuwun anampeni, sabdeng Gusti.



GUSTI, KAWULA SOWAN

1. Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman,dimen kula lestantun wonten ing kraharjan.

2. Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti, nanging ringkihing budi tansah memalangi. Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta, dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala.

3. Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri, namung karsa Paduka kang kula lampahi. Karahayon sejati pangajap kawula, sedya ngambah ing margi pitedah Paduka. Amin.



HALELUYA

1. Haleluya pangeran aneng papan pamujan, pinuji asmanya, dalah aneng akasa Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi, ngungkuli samudaya, munggweng swarga lan ing bumi

2. Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang mijilken swara. Geguritan wah beksannya makluk kang darbé nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haléluya !



HÉ, SARUPANING PRA UMAT

1. Hé, sarupaning praumat, padha mujia mring Allah. Hé, sakèhing para bangsa, asmané padha luhurna.

2. Wit sih-kadarmané Allah, luwih gedhé tumrap kita,langgeng kasetyané Allah, mila pinuji-pujia.



HE WONG SALUMAHING BUMI

1. He wong salumahing bumi padhasumyaka memuji lan ngabektia mring Allahkambi ngidung klawan bungah

2. Hyang Ma’agung dèn anggepa Allah kang nitahken kita. Kita umat kagungané, sarta ménda ngèn-ngènané.

3. Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena, wah marang ing pasucèné, klawan anggunggung asmané.

4. Dé Pengéran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya,wah kasetyané tan kendhat, tan gingsir trus ing akérat



KULA NGATURKEN SEMBAH

1. Kula ngaturken sembah, dhuh Pangeran Yehuwah, nggunggung asma Paduka Kang Maluhur Mamulya; Gustining makluk samya, klayan bingahing driya

2. Dhuh, Sang Yéhuwah, Gusti. Paduka kula puji ing dalu dalah rina. Agung sih kawlasanta, lubèr berkah Padukatumrah mring titah wrata.

3. Dhuh, Yéhuwah Pangéran, kawula ngidung girang. Wit sih-rahmat Paduka, kula samya waluya,luwar sing rèhing patisinungan gesang yekti.



KULA SAMI KEKEMPALAN

1. Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah.

2. Agung kanugrahanipun dhumateng para umat. Agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat.

3. Ngantos Kang Putra Kinasihi ngutus dhateng donya, ambabarken welas-asih, sinungken mring manungsa.

4. Supados sawarninirate tiyang kang pracaya mring Kang Putra, datan sima, nging gesang salaminya.



KULA SAMI KEKEMPALAN

Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah.



KULA SAMI SOWAN

1. Kula sami sowan, kaparing ana kakyatanmundhi timbalan. Mugi katedhakna pangwasaning Roh Paduka, nganthi kawula Wit pangreh Paduka saestu andayani temah kula kwawi nglampahi

2. Kula kasagedna ngundhangken sabda Paduka kalayan setya. Ngungkurken kadonyan, nyelaki dhampar kaswargan sumber kraharjan. Temah tyang sajagad, sagunging pra umat ngluhuraken Kang Amengku Rat.

3. Ingkang winartosan sageda manggih kraharjan wah katentreman. Wit kwaos Paduka kawilujengan kawula; kula sung puja. Mugi kapyarsakna pandonga Kawulo ing asma Sang Kristus. Amin.



KULA SAMYA TETUNGGILAN

Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran, wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan


REFF : 

Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti, wit ing ayom ing sihira sestu tentrem raharja.

Kula rinoban ing begja rinten-dalu tan kendhat,ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat

Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah, mangsa kang silih-gumanti, samukawis mung endah

Kawula nggih binerkahan lantaran mitra-kadang; sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan.




PAMUJI KONJUK GUSTI


1

Pinuji puji Gusti kang nitahken jagad raya

Nggih siyang dalah ratri tansah luber sihrahmatnya,

Donya gingsir wah sirna sihnya langgeng slaminya


2

Pinuji puji Gusti nggih Allah kang Mahamirah,

pra umat kang ngabekti tinuwukken klayan berkah,

salir ingkang pinanggya dados margining begja.


3

Pinuji-puji Gusti Hyang Maluhur Mahasuci,

kang nucekken manungsa srana tinebus sing dosa,

wah tinuntun mring swargi mrih kraharjan sejati.



KIDUNG 152 GUSTHI PEPADHANGING JAGAD


1

Gusti Pepadhanging jagad

Nyumerepken margine

Tyang ngupados karaharjan

Ing donya ngakerate

Gusti pyambak dados margi

Kula manggih kraharjan

Wonten alam donya ngriki

Ndungkap jaman klanggengan


2.

Gusti ingkang nglairaken

Asmanipun kang murba

Dados Bapake manusa

Rama kang wonten swarga

Kang Ma’asih Mahamirah

Pan sugih palimirma

Dhateng sagunging pra umat

Dhateng kula sadaya


3.

Gusti Pepadhanging jagad

Madhangken sagung jalmi

Kang kepengin katarimah

Dening Kang Mahasuci,

Kinen tresna maring Allah,

Ingkang trusing wardaya,

Kinen tresna mring sesami

Saminira sadaya


4.

Tyang rumaos kelepatan

Dhateng Kang Mahasuci

Ajrih kenging bebendhune,

Langkung peteng ing ati

Nanging Gusti kang madhangi

Dados Pangruwatipun

Temahan tiyang pitados.

Mesthi antuk apura


5.

Saiba peteng manahe

Tyang kang manggih cilaka

Tan kwawi prihatinira

Sambate: kaniaya

Sareng pitados ing Gusti

Tan kirang panglipure

Kumandel piwlase Allah

Dados padhang manahe


6.

Mugi cahyaning pepadhang

Kang mancur saking Gusti

Nunten enggal sumrambaha

Mring salumahing bumi

Angicalna pepetenging

Bodho miwah ing dosa

Amadhangi tyang sadarum

‘Pami cahyaning surya


7.

Kang mugi padhange Gusti

Nyunari kula, tansah

Ketawisa saking cipta

Wah pikajenging manah

Witne’ saking kalakuan

Iba ta begja kula

Yen ngambah margi kang padhang

Suminggah saking piala !



Imajiner Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)