LAKU LAN TUMINDAKE PUTRO
ꦭꦏꦸꦭꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏꦺꦥꦸꦠꦿꦺꦴ
1. Laku (laku njero)
Ojo ngaku (kumingsun) jalaran mratandani goro.
Ojo ngrumangsani, jalaran yen ngrumangsani tegese darbe rumongso sumbarang (widagdo ing patrap) malah wigar sabarang gati.
Ojo mungkir, tegese selak, kudu jujur sing temen-temenan, ono ucap ono uni.
Aksara Jawanipun :
꧇꧑꧇꧉ꦭꦏꦸ(ꦭꦏꦸꦚ꧀ꦗꦼꦫꦺꦴ)
꧋ꦎꦗꦺꦴꦔꦏꦸ(ꦏꦸꦩꦶꦁꦱꦸꦤ꧀)ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦩꦿꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦒꦺꦴꦫꦺꦴ꧉
꧋ꦎꦗꦺꦴꦔꦿꦸꦩꦁꦱꦤꦶ꧈ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦿꦸꦩꦁꦱꦤꦶꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦣꦂꦧꦺꦫꦸꦩꦺꦴꦁꦱꦺꦴꦱꦸꦩ꧀ꦧꦫꦁ(ꦮꦶꦣꦒ꧀ꦝꦺꦴꦆꦁꦥꦠꦿꦥ꧀)ꦩꦭꦃꦮꦶꦒꦂꦱꦧꦫꦁꦒꦠꦶ꧉
꧋ꦎꦗꦺꦴꦩꦸꦁꦏꦶꦂ꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦱꦺꦭꦏ꧀ꦏꦸꦣꦸꦗꦸꦗꦸꦂꦱꦶꦁꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤꦤ꧀ꦎꦤꦺꦴꦈꦕꦥ꧀ꦎꦤꦺꦴꦈꦤꦶ꧉
2. Tumindak (laku njobo)
Ojo gumunan, tegese gampang kepincut dening kepinginan, darbe kapribaden dewe.
Ojo wegah netepi (nuhoni) darmo minongko jejibahan.
Ojo wedi, yo iku tumekaning pasti.
Ojo mutung lamun ngalami kegagalan.
Aksara Jawanipun :
꧇꧒꧇꧉ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀(ꦭꦏꦸꦚ꧀ꦗꦺꦴꦧꦺꦴ)
꧋ꦎꦗꦺꦴꦒꦸꦩꦸꦤꦤ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦒꦩ꧀ꦥꦁꦏꦼꦥꦶꦚ꧀ꦕꦸꦠ꧀ꦝꦼꦤꦶꦁꦏꦼꦥꦶꦔꦶꦤꦤ꧀ꦣꦂꦧꦺꦏꦥꦿꦶꦧꦣꦺꦤ꧀ꦝꦼꦮꦼ꧉
꧋ꦎꦗꦺꦴꦮꦼꦒꦃꦤꦼꦠꦼꦥꦶ(ꦤꦸꦲꦺꦴꦤꦶ)ꦣꦂꦩꦺꦴꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦗꦼꦗꦶꦧꦲꦤ꧀꧈
꧋ꦎꦗꦺꦴꦮꦼꦣꦶ꧈ꦪꦺꦴꦆꦏꦸꦠꦸꦩꦺꦏꦤꦶꦁꦥꦱ꧀ꦠꦶ꧉
ꦎꦗꦺꦴꦩꦸꦠꦸꦁꦭꦩꦸꦤ꧀ꦔꦭꦩꦶꦏꦼꦒꦒꦭꦤ꧀꧈
Kudu biso ngrasuk busono loro
ꦏꦸꦣꦸꦧꦶꦱꦺꦴꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦧꦸꦱꦺꦴꦤꦺꦴꦭꦺꦴꦫꦺꦴ
1. Kasarjanan
Muluring nalar anane sepisan iku sir, lampahing iku cipto, lungiding iku budi, telu-teluning mau gembleng dadi siji, yo ingkono lungguhing biso tumindak opo wae kang wis dadi kewajibane (darmane dewe-dewe).
Aksara Jawanipun :
꧇꧑꧇꧉ꦏꦱꦂꦗꦤꦤ꧀
꧋ꦩꦸꦭꦸꦫꦶꦁꦤꦭꦂꦄꦤꦤꦺꦱꦼꦥꦶꦱꦤ꧀ꦆꦏꦸꦱꦶꦂ꧈ꦭꦩ꧀ꦥꦲꦶꦁꦆꦏꦸꦕꦶꦥ꧀ꦠꦺꦴ꧈ꦭꦸꦔꦶꦣꦶꦁꦆꦏꦸꦧꦸꦣꦶ꧈ꦠꦼꦭꦸꦠꦼꦭꦸꦤꦶꦁꦩꦻꦴꦒꦼꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦁꦣꦝꦶꦱꦶꦗꦶ꧈ꦪꦺꦴꦆꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦭꦸꦁꦒꦸꦲꦶꦁꦧꦶꦱꦺꦴꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦎꦥꦺꦴꦮꦌꦏꦁꦮꦶꦱ꧀ꦝꦣꦶꦏꦼꦮꦗꦶꦧꦤꦺ(ꦣꦂꦩꦤꦺꦣꦼꦮꦼꦣꦺꦮꦺ)꧉
2. Kasujanan
Tegese minongko kanggo panglimbang amargo bener luput, olo becik kuwi wis sinandang, tegese yo dadi darbene dewe lan kabeh kuwi mau ono, mulo murih biso runtute laku lan tumindak biso diwawas (ditimbang-timbang) kanti temenan, jalaran olo becik, bener luput biso diungkiri maneh, ingkono mau rogo kang wenang milih, yen tumindake bener sing bakal oleh kuwi yektine sopo ? nanging kosok baline, yen tumindake luput, sing bakal nompo yo sopo ?
Aksara Jawanipun :
꧇꧒꧇꧉ꦏꦱꦸꦗꦤꦤ꧀
꧋ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏꦁꦒꦺꦴꦥꦁꦭꦶꦩ꧀ꦧꦁꦄꦩꦂꦒꦺꦴꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦎꦭꦺꦴꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁ꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦪꦺꦴꦣꦝꦶꦣꦂꦧꦺꦤꦺꦣꦼꦮꦼꦭꦤ꧀ꦏꦧꦺꦃꦏꦸꦮꦶꦩꦻꦴꦎꦤꦺꦴ꧈ꦩꦸꦭꦺꦴꦩꦸꦫꦶꦃꦧꦶꦱꦺꦴꦫꦸꦤ꧀ꦠꦸꦠꦺꦭꦏꦸꦭꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦣꦶꦮꦮꦱ꧀(ꦣꦶꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁ)ꦏꦤ꧀ꦠꦶꦠꦼꦩꦼꦤꦤ꧀ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦎꦭꦺꦴꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦧꦶꦱꦺꦴꦣꦶꦈꦁꦏꦶꦫꦶꦩꦤꦺꦃ꧈ꦆꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦻꦴꦫꦺꦴꦒꦺꦴꦏꦁꦮꦼꦤꦁꦩꦶꦭꦶꦃ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏꦺꦧꦼꦤꦼꦂꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦎꦭꦺꦃꦏꦸꦮꦶꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦺꦱꦺꦴꦥꦺꦴ ? ꦤꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦭꦶꦤꦺ꧈ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦝꦏꦺꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦱꦶꦁꦧꦏꦭ꧀ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴꦪꦺꦴꦱꦺꦴꦥꦺꦴ ?
Saking Penghayat Kapribaden
ꦱꦏꦶꦁꦥꦼꦁꦲꦪꦠ꧀ꦏꦥꦿꦶꦧꦣꦺꦤ꧀
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ

