KIDUNG MARMATI
ꦏꦶꦣꦸꦁꦩꦂꦩꦠꦶ
1. Ana kidung ing kadang Marmarti, among tuwuh ing kawasanira, nganakaken saciptane, kakang kawah punika, kang kumeksa sarisa-mami, anekakaken sedya, ing kawasanipun, adhi ari-ari ika, amayungi laku ing kawasaneki, ngenakaken pangarah.
2. Punah Getih ing rahina wengi, ngrerewangi ulah kang kawasa, andadekaken karsane, Puser kawasanipun nguyu-uyu, sabawa-mami, anuruti panedha, kawasanereku, sangkep kadang ingsun papat, kalimane pancer wus dadi sawiji, tunggal sawujud ingwang.
3. Mangkya kadang-ingsun kang umijil, saking marga hina pareng samya, sadina amor enggone, kalawan kadang ingsun, ingkang ora umijil saking, marga hina punika kumpule lan ingsun, dadi Makdum-sarpin sira, wewayanganing Zat reke dadya kanthi, saparan datan pisah.
4. Yen angidung sarwi den pepetri, amemuleya golong lelima, takir ponthang wewadhahe, iwak-iwakanipun, ulam tasik rawa myang kali, lawan ulam bengawan, mawa gantalipun, rong supit winung-kusana, dadya limang wungkus artanya nyaduwit, sawungkuse punika.
5. Tumpangena ponthang anyawiji, dadya limang wungkus ponthang lima, sinung sekar cepakane toro saponthang ipun, kembang boreh dupa ywa kari, memetri ujubira, dongane Majemu, poma dipun lakonana, saben nuju dina kalahiraneki, agung sawabe uga.
6. Balik lamun ora den lakoni, kadangireku samya rencana, temah ura saciptane, sasedyanira wurung, lawan luput pangarahneki, sakarsanira wigar, anggagar tanpantuk, barang ing sakayunira, marma kaki eling-elingen sayekti, supaya waluyaa.
Kawasan adalah kata yang diulang ulang.
Kawasanipun : makna kawasa dalam tradisi Jawa berarti semua yang ada di bumi ini adalah kehendak dan kuasa dari Tuhan yang Maha Esa, termasuk keberadaan saudara kembar dari manusia yang kasat mata maupun yang tidak kasat mata.
Imajiner Nuswantoro