Pengeran Kang Maha Kuwasa
ꦥꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦏꦁꦩꦲꦏꦸꦮꦱ
Pengeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewe-dhewe.
Pengeran Kang Maha Kuwasa, dalam bahasa Indonesia berarti Tuhan Yang Maha Kuasa atau Allah Yang Maha Kuasa. Ini adalah istilah yang digunakan untuk menggambarkan Tuhan sebagai sumber segala kekuatan dan kemampuan, serta sebagai penguasa mutlak atas alam semesta.
Penjelasan kosa kata istilah :
- Pengeran : Istilah ini merujuk pada Tuhan atau Allah.
- Kang Maha Kuwasa : Merupakan sifat-sifat Tuhan yang menunjukkan kekuasaan dan kebesaran-Nya. "Maha" berarti sangat atau besar, dan "Kuwasa" berarti kuat, berkuasa, atau memiliki kemampuan.
- Tuhan Yang Maha Kuasa : Jadi, Pangeran Kang Maha Kuwasa adalah Tuhan yang memiliki kekuatan, kemampuan, dan kekuasaan yang sangat besar, melampaui semua makhluk di alam semesta.
Contoh Penggunaan :
- "Pangeran Kang Maha Kuwasa paring rahmat marang kita." (Tuhan Yang Maha Kuasa memberi rahmat kepada kita.)
- "Kita kudu ngabekti Pangeran Kang Maha Kuwasa." (Kita harus menyembah Tuhan Yang Maha Kuasa.)
Babagan Pengeran (Ketuhanan) :
- Pengeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. (Tuhan itu tunggal, ada di mana-mana, yang menciptakan jagad raya seisinya, disembah seluruh manusia sejagad dengan caranya masing-masing)
- Pengeran iku ana ing ngendi papan, aneng siro uga ana pangeran, nanging aja siro wani ngaku pangeran. (Tuhan ada di mana saja, di dalam dirimu juga ada, namun kamu jangan berani mengaku sebagai Tuhan)
- Pengeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan. (Tuhan itu berada jauh namun tidak ada jarak, dekat tidak bersentuhan)
- Pengeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi. (Tuhan itu abadi dan tak bisa diperumpamakan, menjadi asal dan tujuan kehidupan)
- Pengeran iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu Pangeran. (Tuhan itu bisa mewujud namun perwujudannya bukan Tuhan)
- Pengeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata. (Tuhan berkuasa tanpa alat dan pembantu, mencipta alam dan seluruh isinya, yang tampak dan tidak tampak)
- Pengeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane. (Tuhan itu tidak membeda-bedakan (pilih kasih) kepada seluruh umat manusia)
- Pengeran iku maha welas lan maha asih, hayuning bawana marga saka kanugrahaning Pangeran. (Tuhan Maha Belas-Kasih, bumi terpelihara berkat anugrah Tuhan)
- Pengeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning
Pangeran ora ana sing bisa murungake. (Tuhan itu Mahakuasa, takdir ditentukan atas kehendak Tuhan, tiada yang bisa membatalkan kehendak Tuhan)
- Urip iku saka Pengeran, bali marang Pangeran. (Kehidupan berasal dari Tuhan dan akan kembali kepada Tuhan)
- Pengeran iku ora sare. (Tuhan tidak pernah tidur)
- Beda-beda pandumaning dumadi. (Tuhan membagi anugrah yang berbeda-beda)
- Pasrah marang Pengeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Pengeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Pengeran. (Pasrah kepada Tuhan bukan berarti enggan bekerja, namun percaya bahwa Tuhan Menentukan)
- Pengeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mulo kudu ngurmat biyung ira. (Tuhan mencipta manusia dengan media ibumu, oleh sebab itu hormatilah ibumu)
- Sing bisa dadi utusaning Pengeran iku ora mung jalma manungsa wae. (Yang bisa menjadi utusan Tuhan bukan hanya manusia saja)
- Purwa madya wasana. (zaman awal/ sunyaruri, zaman tengah/ mercapada, zaman akhir/ keabadian)
- Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pengeran kang murbeng jagad. (Berubahnya keadaan itu atas kehendak Tuhan yang mencipta alam)
- Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku wis ora ana sing bisa murungake. (Tak ada kesaktian yang menyamai takdir Tuhan, sebab takdir itu tidak ada yang bisa membatalkan)
- Bener kang asale saka Pengeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan. (Bener yang menurut Tuhan itu bila tidak memiliki sifat angkara murka dan gemar membuat kesengsaraan orang lain)
- Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing Pengeran lan bener saka kang lagi kuwasa. (Kebenaran di dunia ada dua macam, yakni benar menurut Tuhan dan benar menurut penguasa)
- Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo benering Pengeran lan kang ora cocok karo benering Pangeran. (Benar menurut penguasa juga memiliki dua macam jenis yakni cocok dengan kebenaran menurut Tuhan dan tidak cocok dengan kebenaran Tuhan)
- Yen cocok karo benering Pengeran iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Pengeran iku ateges titisaning brahala. (Kebenaran yang sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, itu berarti tuhan yang mewujud, namun bila tidak sesuai dengan kebenaran menurut Tuhan, berarti penjelmaan angkara)
- Pengeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Pengeran. (Tuhan itu bukan dewa atau manusia, namun segala yang Ada (dewa dan manusia) adanya berasal dari Tuhan.
- Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Pengeran. (Keburukan dan kebaikan merupakan satu kesatuan, semua itu sudah menjadi rumus/kehendak Tuhan)
- Manungsa iku saka dating Pengeran mula uga darbe sipating Pengeran. (Manusia berasal dari zat Tuhan, maka manusia memiliki sifat-sifat Tuhan)
- Pengeran iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding Pangeran. (Tidak ada yang menyerupai Tuhan, maka janganlah melukiskan dan menggambarkan wujud tuhan)
- Pengeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe pangira yen manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran. (Tuhan berkuasa tanpa perlu pembantu, maka jangan menganggap manusia menjadi wakil Tuhan di bumi)
- Pengeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa. (Tuhan itu Mahakuasa, sementara itu manusia hanyalah bisa)
- Pengeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa. (Tuhan mampu merubah keadaan apa saja tanpa bisa dibayangkan/perumpamakan)
- Pangeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake. (Tuhan mampu merusak keadaan yang tidak diperlukan lagi, dan bisa membuat keadaan baru yang diperlukan)
- Watu kayu iku darbe dating Pengeran, nanging dudu Pangeran. (Batu dan kayu adalah milik zat Tuhan, namun bukanlah Tuhan)
Manungsa iku bisa kadunungan dating Pengeran, nanging aja darbe pangira yen manungsa mau bisa diarani Pangeran. (Di dalam manusia dapat bersemayam zat Tuhan, akan tetapi jangan merasa bila manusia boleh disebut Tuhan)
- Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pengeran, mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus. (Makhluk halus dan makhluk kasar/wadag semuanya berasal dari tuhan, maka dari itu jangan menyembah makhluk halus, namun juga jangan menghina makluk halus)
- Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata, dene liyane kalebu titah alus. (Semua yang tampak oleh mata termasuk makhluk kasat mata, sedangkan lainnya termasuk makhluk halus)
- Pengeran iku menangake manungsa senajan kaya ngapa. (Tuhan memenangkan manusia walaupun seperti apa manusia itu)
- Pengeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah alus mau. (Tuhan memberikan pengetahuan kepada manusia tentang eksistensi makhluk halus)
- Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe ora darbe penyuwun marang Pengeran supaya titah alus mau ngejawantah. (Makhluk halus tidak bisa menjadi manusia bila manusia tidak punya permohonan kepada Tuhan agar makhluk halus menampakkan diri)
- Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pengeran. (Siapa yang berani merubah keadaan yang terjadi, bukanlah sembarang orang, namun sebagai “utusan” tuhan)
- Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku, ing tembe bakal tampa kanugrahaning Pengeran. (Siapa saja yang bersedia melaksanakan kebaikan dan juga mau “lelaku” prihatin, kelak akan memperoleh anugrah tuhan)
- Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo iki ono sing ngatur. (siapa yang belum paham, lalu menganggap sipat kandel itu sebagai rambu-rambu hidup, yang demikian itu sesungguhnya belum memahami bila di dunia ini ada yang mengatur)
- Sakabehing ngelmu iku asale saka Pengeran kang Mahakuwasa. (Semua ilmu berasal dari Tuhan yang Mahakuasa)
- Sing sapa mikani anane Pengeran, kalebu urip kang sempurna. (Siapa yang mengetahui adanya Tuhan, termasuk hidup dalam kesempurnaan).
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ