Petruk Madeg Pandhita
Wonten ing Mandap gegambaripun pentas wayang supados langkung cetho lan gamblang anggenipun wedhar babagan Petruk Madeg Pandhita :
Kocap kacarita, praja Ngamarta minangka punjere nagarane para Pandhawa, dumadakan konclang kaya katerak dahuru. Wis ana pirang-pirang wektu, Negara Amarta kena pageblug, katekan lara nggegirisi. Akeh para nayakane praja, sentana, dalah kawula kang nandhang cintraka. Kahanan mau kawiwitan saka murcane kabeh piyandele kadang Pandhawa, arupa sawernaning sanjata sekti. Para kadang Kurawa saka Ngastina, babar pisan ora duwe krenteg menehi pambiyantu marang para Pandhawa kang nandhang coba.
“Adhuh ketiwasan, Rama…!” Mangkono panjelihe Petruk, salah sijine paraga punakawan marang Kyai Semar, bapakke. Kala semana Ki Lurah Semar lagi sapejagong karo anak-anake, ya anake sing mbarep, Nala Gareng, lan si wuragil, Bagong.
“Weladhalah, ana apa, Le, kok mlayu-mlayu adus kringet karo bengak-bengok…??” pitakone Lurah Semar marang Petruk, anake sing nembe teka. Ambegane sajak ngaya.
“Kang Petruk lagi kumat, Ma. Biasa, nek tanggal tuwa ngene edane kumat. Iya ta Kang Gareng?” Celathune Bagong karo mesam-mesem.
“Hus, ngawur kowe Gong. Aja sembrono! Deloken kakangmu siji kuwi, kaya ora sabaene…”
“Lha wi tikna piye, Kang Garen, awan-awan panas ngene bengak-bengok karo mlayu beyayakan. Mangka awak dhewe lagi kajibah nunggoni nDara Arjuna kang lagi semadi neng papan kana…!”
“Iya bener kandhamu, Gong, ning sajake pancen ana sing wigati banget.”
“Wis..wis, aja malah padha regejegan Rungokno apa jalaarane sedulurmu iki mlayu-mlayu sajak kesusu !”
“Kaya wong dioyak macan…..” selane Gareng.
“Ora Kang, dioyak Yu Limbuk,kulon Pasar kae. Witikna bar mangan, ra gelem bayar …. !”
“Wis dha menenga ! Kowe kabeh wis tuwa, ning pancet wae kalakuwane !” Swarane lurah Semar santak, sajak murina.
“Wah katiwasan tenan, Rama.” Kandhane Petruk karo ngos-ngosan,ambegane kaya wong kang lara napas kumat asmane. “Kael ho Ma,… karo kowe kabeh Kang Gareng apa dene Bagos…”
“Den Mas Bagong, Truk ! Kok saenake dhewe, Bagong kok dadi Bagos! Nek bagus, iya…!
“Lha witikna kowe kuwi, lho Gong! Ana wong bingung,malah dikira edaaan!”
“Wis Truk, rasah dipaelu, adhimu siji kuwi.Cene rada kurang genep, kok..” Celathune Gareng.
“Tobaat tenan kowe kabeh, Gareng, Petruk, Bagong ! Aja malah dha uyon, ora prayoga. Kae lho Bendaramu bias keganggu olehe lagi nandhang prihatin! Wis ta Le, Petruk, Caritakna, kenangapa kok teka mlayu kaya ana sing wigati banget!”
Petruk, ya Ki Lurah Kanthong Bolong, banjur carita, sakwise ngunjal napas sauntara. Mangkene ceritane:
Saka pratikele Patih Sengkuni lan didhombani dening Pandhita Durna, Kurawa malah duwe panganggep yen kahanane praja Ngamarta iki mujudake sawijine kalodhangan kanggo nyirnakake para Pandhawa. Sadurunge kasil gawe cilakane kadang Pandhawa, para Kurawa satus lan narpati Basukarna kasoran ing Jurit, lan kaperjaya dening Sang Nagarangsang, ula naga saka kraton Cundharante kang gedhene tanpa upama.
Kala semana, Raden Arjuna nembe mangun semedi saperlu nuwun sih-kanugrahaning Jawata, awujud usada tumrap pageblug ana ing Praja Ngamarta,sarta baline kabeh pusaka kang ilang tanpa lari. Ing kono Raden Janaka banjur midhanget pasambate Patih Sengkuni dalah Pandhita Durna kang nembe ginawa mlayu dening Jim sakembaran. Kanthi migunakake minyak Jayengkaton, Raden Arjuna bias ngonangi playune Jim Pesatnyawa dalah Sambernyawa. Raden Arjuna enggal methuki Jim sakembaran, lan njaluk supaya Priyagung Ngastina lelorone dibebaske. Sulayane rembug, dadi perang. Eman Raden Arjuna asor yudane, lan gugur ana pabaratan.
Bareng nemoni Bendarane nemoni tiwas, Petruk, ya Ki Lurah KanthongBolong sigra cancut taliwanda. Senajan tata laire arupa batur utawa punakawan tumrap para kadang Pandhawa, Ki Lurah Petruk mono sejatine sawijine gandarwa saka nagara ing dhasare Samudra. Kanthi sangu pusaka sekti kembang Candra Urawan,duweke ratune Gandarwa, Petruk namur laku lan ngadegne pratapan anyar ana tepis wiring Praja Ngamarta. Ki Lurah Petruk madeg dadi Pendhita . Dheweke banjur sesilih ajar Panyukilan. Kejaba ulah tapa, Ajar Panyukilan kang awatak loman, dhemen aweh usada tumrap kawula kang nandhang lelara.
Dene ki Lurah Semar, Gareng, lan Bagong kang bingung awit Raden Arjuna nemoni tiwas, enggal-enggal sowan marang Praja Ngamarta nyuwun pambiyantune putra Pandhawa. Bareng nguningani yen Raden Arjuna tiwas,para satriya mau banjur ngamuk punggung ana praja Cundharante. Sakawit bias unggul yudane, nanging bareng dipapagake Sang Nagarangsang, Raden Werkudara, Raden Gatutkaca, Raden Antareja, Raden Setyaki, sarta para satriya liyane, kasoran lan tiwas ana madyane paprangan.
Sabanjure saka dhawuhe Prabu Kresna,Raden Abimanyu nyuwun sraya marang Ajar Panyukilan, saka patapan Kaangsinamur. Kadang Pandhawa lan kabeh para putra kang nemahi tiwas,diusadani dening Sang Ajar. Kabeh waluya temahe jati. Semono uga Adipati Karna kang nandhang wuta ,bias saras maneh.Pungkasane, Ajar Panyukilan uga pininta sraya dadi senapatine prang saka praja Ngamarta,saperlu ngadani paprangan lumawan praja Cundharante.
Kabeh tetungguling praja Cundharante bias kasor yudane dening Ajar Panyukilan. Ewa semono, bareng kena upase Nagarangsang, Ajar Panyukilan badhar dadi Ki lurah Petruk. Ki Lurah Petruk murina, banjur namakake pusaka kembang Candra Urawan marang Nagarangsang sak wadyabalane. Nagarangsang badhar dadi pusaka Dwarawati,pusakane Prabu Kresna awujud sanjata Cakra Baskara. Jim sakembaran bdhar dadi Raden Antasena dalah Raden Irawan. Semono uga para kadang Satriya Kajiman saka Cundharante kabeh malih rupa, bali wujud pusaka piyandele kadang Pandhawa. Ratune kajiman kang bela pati Urawan malih dadi cangkok Wijaya Kusuma,piyandele Parbu Kresna.
Gancare carita,Praja Ngamarta lan Dwarawati bali marang kahanan sakawit, gemah ripah loh jinawi,tata titi tentrem karta raharja.
Kapundut saking :
- (Dening Purnama Kahar, Kaadhaptasi saka Giyaran Ringgit Purwa, Dening Ki Dhalang Hadi Sugita)
- (Buku Siswa Sastra Basa, Adhedasar Pergub Jatim).
Imajier Nuswantoro