Bathara Kala
Bathara Guru tidak bisa dimangsa oleh Bathara Kala karena memiliki ilmu pengetahuan, yaitu memiliki sebuah cangkriman (pepatah) yang tidak bisa ditebak oleh Sang Kala.
Bunyi cangkrimannya adalah :
Daka woh Diki (wit gede wo cilik)
Diki woh Daka (wit cilik wo gede)
Aksara Jawanipun :
꧋ꦣꦏꦮꦺꦴꦃꦣꦶꦏꦶ(ꦮꦶꦠ꧀ꦒꦼꦣꦺꦮꦺꦴꦕꦶꦭꦶꦏ꧀)
꧋ꦣꦶꦏꦶꦮꦺꦴꦃꦣꦏ(ꦮꦶꦠ꧀ꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ꦮꦺꦴꦒꦼꦣꦺ)
Dandang Bolong :
Lakon murwakala, kisah Bathara kala.
Bethari Durga lagi halan halan menunggangi lembu Andini, sementara di kahyangan sana Bathara guru terpesona melihat Bethari Durga yang lagi halan halan menikmati cakrawala purnama,
Tanpa sungkan2 lagi Bathara guru nggandol dibelakang Bethari Durga, karena sudah saking nafsu, muncrat si air mani jatuh di laut dan menjadi sosok yang dikenal sebagai Bathara kala
Bathara Kala
Mugi sadaya sih karaharjan tansah sumandhing ing Panjenengan sadaya dhalah kula.
Para Kadang pandhemen ringgit ingkang satuhu luhur ing budi, kaludhangan punika kula badhe nyobi caos andharan ringkes ngengingi miyosipun Bathara Kala.
Andharan punika namung salah satunggaling sanggit cariyos ateges wonten sanggit cariyos sanesipun, pramila menawi wonten bentenipun kula namung nyumanggakaken dhateng para nupiksa sadaya.
Bathara Kala punika putra Bathara Guru ingkang jejeripun pinangka dewa ingkang murba wasesa wekdal.
Tembung Kala asal saking anggadhuh basa Sanskerta ingkang maknanipun wekdal. Wonten wekdal sae lan ugi wonten wekdal awon tumrapipun saben tiyang. Menawi tetiyang kenging panandhang kanthi maneka warni sabab, kadosta kacilakan, sakit, damel awon lan salajengipun, karan tetiyang kala wau nandhang wekdal ingkang awon (naas) Saben tiyang tartamtu ngupados supados saget mbucal naas kala wau, nyingkiraken na'as, lan ngupados gesang salebetipun karahayon lan katentreman.
Wekdal punika kados dene curiga ingkang landhep, menawi mboten saged ingkang ngginakaken saged damel tatu tumrap diri pribadinipun piyambak. Nanging menawi bangkit anggenipun ngginakaken sanyata nuwuhaken karaharjan.
Batara Kala asring dipungambaraken wewujudan raseksa ingkang gung aluhur nggegirisi. Ing filsafat Hindhu, Kala mujudaken gegambaran menawi sok sintena kemawon mboten bade kuwawi ngendhani ukum karma. Menawi sampun tibaning pesthi tartamtu dumados, pramila ing wekdal punika ugi Bathara Kala badhe andugeni tetiyang ingkang sampun dumugi pesthi .
Kacariosaken mula bukanipun dumados Batara Kala. Nalikanipun Batara Guru lan ingkang garwa, Dewi Uma nggegana anjajah bumiloka sarana nitih Lembu Andini, ngantos wekdal badhe serap surya ing ngingiling jalanidhi. Angin tumiyup santer nyilakaken nyampingipun ingkang garwa Dewi Uma. Batara Guru kumesar salebeting nala pirsa kaelokanipun sariranipun ingkang garwa. Penjenenganipun supe bilih pinangka rajaning dewa Suralaya lan taksih nitih Lembu Andini, lajeng meksa ingkang garwa sacumbana wonten gigiring Lembu Andini nuruti hardaning krodha asmara. Dewi Uma duwa lam mboten kersa hangladosi sacumbana jalaran mboten ing papanipun.
Dewi Uma nyingkiri ingkang garwa ingkang nembe kagubel nepsu asmara. Bathara Guru mboten kiyat ngampah hardaning nepsu satemah kamanipun Batara Guru medal lan dhawah ing samodra.
Batara Guru duka yayah sinipi dhateng Dewi Uma. Pramila kewedal sabdanira dhateng Dewi Uma . Dewi Uma dipunsotaken dados raseksi. Batara Guru lajeng nundhung saking kahyangan Jonggringsalaka lan kapapanaken ing Kahyuwangan Setra Gondomayit, ugi kaparingan asma Bathari Durga ugi kasebut Hyang Premoni.
Rahsa (Kama) salah ingkang dhawah nyebur samodra binarung kalayan dhatenging lesus lan mendhung ampak-ampak angendanu. Samodra kados kinebur umub pindha Kawah Candradimuka. Saking kersaning Ingkang Akarya Jagad kama salah manjalma dados bayi raseksa ingkang dangu-dangu tuwuh dados raseksa gung aluhur. Bayi raseksa kala wau asalipun sanes saking kandhutanipun Dewi Uma, nanging samodra ingkang dados guwa garbanipun.
Batara Guru pirsa kedadosan punika lajeng dhawuh Batara Narada ngerigaken wadya kadhewatan Suralaya merjaya raseksa kasebut. Wadya bala kadhewatan sigra hanamakaken saliring bedhama, ananging sedaya mboten saged damel busiking kulit. Malahan raseksa saged nyerep sekawan anasir inggih punika Guntur Geni , Guntur Banyu , Guntur Bayu lan Guntur Bumi . Saking sekawan prakawis punika ndadosaken piyambakipun sekti mandra guna mboten tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.
Narada lajeng ngunduraken wadya dhateng kahyangan Suralaya. Sang Kanekaputra nyariosaken sedaya lelampahan dhateng Bathara Guru.
Dumadakan kahyangan Suralaya dipungegeraken kaliyan dhatengipun raseksa gung aluhur nggegirisi. Raseksa punika mboten sanes inggih raseksa saking samodra kala wau . Bathara guru lajeng miyos mapagaken raseksa kala wau.
Kanthi matak aji kemayan raseksa saged kapikut Sanghyang jagad nata,
Raseksa nglumpruk tanpa daya nggereng-gereng sambat nyuwun pangapura.
Dening Bathara Guru lidahipun Bathara Kala dipunputung. Putungan lidah dipuncipta Batara Guru
Dados senjata panah Pasopati. Lajeng siyung kanan kaputung dipuncipta senjata keris nama Kalanadhah, lan putungan siyung kering dipuncipta dados keris nama Kaladhete.
Sang Jagadnata lajeng mulihaken kakiyatanipun lan dipun akeni pinangka putranipun lan kaparingan nama Bathara Kala.
Bathara Kala ingkang ugi kawastanan Bathara Kala Rudra lajeng nyuwun tedha. Tedhanipun awujud manungsa.
Batara Guru maringi palilah Batara Kala namung sawates manungsa ingkang kalebet sukerta, inghih punika tiyang ingkang :
• Julung caplok inggih punika lare ingkang lair sareng kaliyan serap surya.
• Julung kembang inggih punika lare ingkang lair sareng jumedhuling surya.
• Ontang anting inghih punika anak tunggal jaler utawi estri.
• Kendhana-kendhini inghih punika anak kalih jaler estri
• Uger-uger lawang inggih punika anak kalih jaler sedaya.
• Kembang sepasang inggih punika anak kalih estri sedaya..
Gotong mayit anak tiga jaler utawi estri sedaya.
• Pandawa inggih punika anak gangsal jaler sedaya.
• Pandawa panca gati anak gangsal estri sedaya.
• Pancuran kapit sendang inggih punika anak tiga jaleripun wonten tengah
• Sedang kapit pancuran anak tiga estrinipun wonten tengah.
Saramba anak sekawan jaler sedaya.
Sarimpi anak sekawan estri sedaya.
Lan taksih kathah malih sanesipun ingkang kalebet sukerta.
Saking kathahipun lajeng Bathara Guru menggalih bilih mekaten manungsa saged cures dipun mangsa Sang Hyang Kala.
Kawusanananipun Bathara Guru damel mantram sekti ingkang kaserat ing palarapanipun ( wonten ugi ingkang cariyos kaserat ing jaja) Bathara Kala, kanthi wewaler sok sintena ingkang saged maos mantram kala wau kedah pun anggep pinangka bapakipun.
Kasunyatanipun namung sekedhik ingkang saged maos, pramila kurbanipun taksih kathah.
Batara Guru lajeng tumurun ing donya, namur lampah dados dhalang kanthi asma Ki Dalang Kandhabuwana. Bathara Kala saged puntelukaken Ki Dalang, lajeng dipundhawuhi gesang ing wana Krendhawahana. Bathara Kala sarujuk lan manut, mboten badhe ngganggu damel tiyang-tiyang sukerta ingkang sampun kadhaku putra Ki Dalang, inggih punika para lare sukerta ingkang sampun nglampahi Ruwatan Murwakala.
Kajawi Sang Jagad Giri Nata paring tedha penjenenganipun ugi paring sisihan. Sintenta susihanipun? Mboten sanes inggih Dewi Uma ingkang sampun dipunsotaken dados awujud raseksi ingkang karan Bathari Durga.
Nah ing ngriki saged pinangka pawangsulan kangge pitakenan Apa bethara "Kala iku bojone ibune dhewe?" Wangsulanipun sanes. Amargi punika kedadosapn saking kamanipun Bathara Guru nanging wujud kama salah, bathari durga mboten ngandhut Bathara Kala ,ugi Bathari durga sampun pun pegat kaliyan Bethara Guru.
Makaten para kadang sekedhik atur kula, kula ambali malih menawi wonten bentening cariyos nyumanggakaken jalaran ringhit punika cakrikipun cariyos saged maneka warni.
Tebah siti sekul binuntel ron klapa, apuranta bilih wonten lepat kula.
Pepuntoning atur mugi rahayu ingkang sami pinanggih. Jaya jaya wijayanti, jaya bangsa sanuswantara nagari.
(Kapethik saking maneka sumber kalebet gambar ringgit ing ngandhap)
Saka Kala
Sang Kala adalah putera dari Batara Guru. Dikisahkan, suatu saat menjelang senja, Batara Guru dan Dewi Uma pergi menghibur diri dengan menunggang lembu Andini mengangkasa melihat pemandangan alam. Tidak sengaja saat di atas lautan, angin menyingkap kain Dewi Uma. Batara Guru tergiur melihat betis istrinya, ia kemudian merayu Dewi Uma dan mengajaknya memadu kasih saat itu juga di atas penggung Lembu Andini. Namun Dewi Uma menolak ajakan suaminya karena ia merasa bahwa hal itu tidak pantas.
Batara Guru terus berusaha merayu, namun Dewi Uma tetap berusaha menghindar, akhirnya karena tidak bisa lagi menahan hasratnya, keluarlah air kama (mani) Batara Guru dan jatuh ke laut.
Penolakan Dewi Uma membuat Batara Guru kesal dan marah. Mereka kemudian bertengkar. Dalam keadaan marah, Dewi Uma mengatakan bahwa perbuatan Batara Guru hanya pantas dilakukan oleh makhluk bertaring panjang. Apa yang diucapkan Dewi Uma menjadi kenyataan, kemarahan Batara Guru semakin memuncak setelah ia menyadari taringnya tumbuh menjadi panjang. Batara Guru pun membalas mengutuk Dewi Uma menjadi seorang raksesi.
Dewi Uma yang sudah berwujud raksasa oleh Batara Guru ditukar jiwanya dengan Sang Hyang Permoni yang berwajah cantik namun berhati dengki dan culas. Dewi Uma kemudian diberi gelar batari Durga.
Sedangkan air mani Batara Guru yang jatuh ke laut lahir seorang anak yang berwujud raksasa yang sangat menyeramkan. Raksasa itu ke kahyangan Jonggringsaloka dan mengamuk serta meminta tiga permintaan. Raksasa itu minta untuk diakui sebagai anak, diberi nama dan diberi seorang istri.
Batara Guru pun mengakui raksasa tersebut sebagai puteranya dan diberi nama Batara Kala. Batara Kala kemudian dijodohkan dengan Dewi Uma yang telah menjadi raksasa yang bergelar Betari Durga. Keduanya kemudian ditempatkan di kahyangan Setra Gondomayit dan menguasai segala jenis jin, gandarwa dan makhluk halus lainnya.
Ketika Batara Kala meminta makanan, maka Batara Guru member makanan tetapi ditentukan yaitu :
- Anak ontang-anting (anak satu-satunya/semata wayang)
- Pandawa Lima yaitu anak lima laki-lakisemua tau anak lima puteri semua
- Kedono-kedini, anak yaitu laki-laki dan perempuan.
Itulah yang menjadi makanan Batara Kala yang biasa disebut bocah Sukerta (Jawa). Oleh karena itu menurut kepercayaan masyarakat Jawa, untuk menghindari dari mangsa Batara Kala, bocah sukerta harus diruwat dengan menggelar pertunjukkan wayang kulit dengan lakon Murwakala atau Ruwatan.
Rahayu nir ing sambikolo
Imajiner Nuswantoro