GAJAH DIBLANGKONI,
ISOH KOJAH RAISOH NGLAKONI
ꦒꦗꦃꦣꦶꦧ꧀ꦭꦁꦏꦺꦴꦤꦶ꧈
ꦆꦱꦺꦴꦃꦏꦺꦴꦗꦃꦫꦻꦱꦺꦴꦃꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤꦶ
Allah ta'ala paring dhawuh ;
یَـٰۤأَیُّهَا ٱلَّذِینَ ءَامَنُوا۟ لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفۡعَلُونَ (2) كَبُرَ مَقۡتًا عِندَ ٱللَّهِ أَن تَقُولُوا۟ مَا لَا تَفۡعَلُونَ (3)
Artinya :
"He wong wong kang padha iman, kena ngapa sira ngandha'ake perkara sing ora sira tindakake?
Yekti gedhe kamurkane Allah , nalika sira ngandha'ake perkara sing ora sira tindakake"
[Surat Ash-Shaf: 2-3]
Gajah diblangkoni, Wani kojah ra wani nglakoni
Blangkon kuwi kupluk saka batik tradisional wong Jawa. Sing nganggo lumrahe ya wong Jawa. Sanajan ta ana wong saka tlatah liya uga wong manca kang nganggo. Nanging ora saben dina kaya dene wong Jawa saiki. Mung kala-kala yen arep duwe gawe utawa ana pasugatan.
Mokal ana gajah nganggo blangkon. Merga endase gajah kuwi gedhe dene blangkon kuwi paling gedhe mung sak gedhene klapa. Mula, ora pantes yen gajah kuwi diblangkoni.
Unen-unen gajah diblangkoni kuwi ateges bisa kotbah ora bisa nglakoni. Bisa nuturi nanging ora bisa menehi tuladha becik. Mung pinter ngomong. Lucu nanging ora pantes.
Ada pepatah Jawa berbunyi 'gajah diblangkoni' yang artinya pandai berkotbah namun tak bisa memberi teladan yang baik sesuai dengan kotbah atau nasihat-nasihat yang dikatakan. Lucu dan tidak pantas.
Gajah diblangkoni pinter kotbah, ora pinter nglakoni; betapa banyak orang pinter sekali ngomong, tetapi miskin tindakan nyatanya. Parikan juga bermakna ukara nganggo tetembungan wangsalan; sebuah kalimat pendek namun maknanya atau maksudnya bersifat tersembunyi di balik kata-kata.
Imajier Nuswantoro