Kapiluyu (Asmaradana mawi Wangsalan) & Lirik Gandrung Kapiluyu

0

 Kapiluyu (Asmaradana mawi Wangsalan) 

&

Lirik Gandrung Kapiluyu  






Kapiluyu (Asmaradana mawi Wangsalan) 

Jae wana poyang-paying,

ambujung impen mring ndika,

kadi palwa bebasane,

lumaku tanpa jinantra,

malakune anut dhalang,

mosak-masik kapiluyu,

siniwer mring wewayangan.


Kancuh duta narpati,

krama sengseming sasana,

adreng anganthi slirane,

sesandhingan andon rasa,

krama enten reruntungan,

pisang sajen lut linulut,

bareng angetung kartika.


Mangga ingkang kersa ngudhari wangsalanipun kula sumanggakaken ?


Woh-wohan Kapiluyu




Lirik Gandrung Kapiluyu  

(Tety S. Cipt. Sirin Como)

Kaya kenen temen wong mabok cinta

Ati sedih selalu gelisah

Kekasih ninggal lunga

Sampe kien ora nana berita


Ati kula tresna bli bisa sirna

Bayangane selalu ning mata

Kelingan selawase


Sing disayang ora nana melase

Duh kakang kulane cinta


#Reff

Kebayang awan lan bengi

Janjine arep dadi siji

Nang apa kien ngingkari

Sampe tega ninggal kari


Apa kakang wis bli tresna

Apa kakang wis ora cinta

Nangapa sampean dusta

Sing akhire gawe lara




Imajier Nuswantoro

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)