SINGIR / SYI'R PIWULANG UTAMA & SINGIR / SYI'R NABI

0

SINGIR / SYI'R PIWULANG UTAMA & SINGIR / SYI'R NABI



Singir / Syi'r (basa ngarab'e) merupakan salah satu gaya aliran sastra Jawa berbentuk puisi tradisional sebagai turunan dari syair (dalam ranah kesusastraan Melayu) atau syi'r (dalam ranah kesusastraan Parsi-Arab).

Singir memiliki dua arti, yaitu sebagai  :

1. Gaya Sastra Jawa dan.

2. Sebagai seni suara dalam upacara tahlilan.


1. Gaya Karakteristik Sastra Jawa

Singir merupakan puisi tradisional Jawa yang merupakan turunan dari syair dalam kesusastraan Melayu atau syi'r dalam kesusastraan Parsi-Arab. Singir mengandung ajaran-ajaran Islam seperti tauhid, fiqih, tarikh, akhlaq, dan ajaran Islam lainnya. Singir ditulis dengan aksara pegon, yaitu aksara Arab dalam bahasa Jawa. 

2. Seni Suara Dalam Upacara Tahlilan

Singir merupakan salah satu bentuk seni suara Jawa yang biasa disajikan dalam upacara tahlilan. Singir merupakan bagian dari seni Sholawatan. Singiran biasanya dimainkan saat bacaan tahlilan (la ilahailallah). Singiran diawali dengan laras pelog, dilanjutkan dengan laras slendro, dan diakhiri dengan laras pelog. 



Dalam ranah kesusastraan Jawa terdapat sebuah genre yang termasuk dalam ranah kesusastraan Jawa tradisional Islam yakni singir. Bentuk genre ini diduga berasal dari syair, bentuk seni sastra Melayu, sebagai akibat persentuhan sastra Jawa dengan sastra Melayu. Singir sebagai salah satu bentuk kesusastraan tradisional Jawa pada umumnya berisi tentang ajaran-ajaran agama Islam, semisal syari'at, tasawuf, teologi, dan ajaran Islam lainnya untuk digunakan sebagai wacana pembentuknya. Singir Piwulang Utama adalah salah satu contoh sastra singir. Berisikan ajaran-ajaran tentang Islam, seperti tema-tema tentang Tuhan. Singir Piwulang Utama ini diterbitkan dalam bentuk fisik buku cetak. 


Buku yang dimaksud terdapat pada Ruang Naskah dan Koleksi Buku-buku Lama, Perpustakaan Pusat Universitas Indonesia. Terdaftar sebagai Koleksi Buku-buku Lama dengan kode BKL.0376, IS.38. 

Pengarang dari Singir Piwulang Utama ini bernama Ki Mukhamad Suhudi, seorang Naib atau penghulu dalam termin bahasa Indonesia yang berasal dari Desa Sumberlawang, Sragen, Jawa Tengah. Penulis akan membicarakan penggambaran aspek ketuhanan melalui perilaku subjek lirik (pencerita). 



https://syehhakediri.blogspot.com/2024/09/singir-piwulang-utama-singir-nabi.html

 

(بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ)

Bismillahirrahmanirrahim

"Dengan menyebut nama Allah yang Maha Pengasih lagi Maha Penyayang"

 

 

I.

 

1.        Sun miwitti anebut Asmané Gusti, Allah ingkang Maha Murah Maha Asuci.

2.        Kapindhonényuwunken rahmat salami, marang Gusti Kangjeng Nabu Muhammadi.

3.        Almastafa Gustiné kang para Nabi, lan Gustiné para mukmin para wali.

4.        Lawan malih nyuwunken rahmat salami, marang para kawula wargané Nabi.

5.        Lan sakabat  Abu Bakar Ngumar Ali, lan sakabat Ngusman Asakrabé sami.

6.        Dipun anggit dadossa singkir puniki, ngélingngaken marang bocah lanang éstri.

7.        Aja padha sira wegah angulatti, marang ngilmu kapinterran kang utami.

8.        Angajiya rina wengi aja wedi, marang sayah bungahé katemu buri.

9.        Becik bocah lanang wadon padha ngaji, kang tumemen dares([i]) aja nganti lali.

10.   Yén angaji aja aja pisan wani-wani, ageguyon mundhak metengngaken ati.

11.   Ati peteng atossé ngungkulli wesi, yén diwulang bola-bali ora ngerti.

12.   Ingkang nganggit singir Mukhama Suhudi, naib Lawang ingkang ora darbé ngilmi.

13.   Pekir miskin omahé among sawiji, isih atep trocoh akéh anelessi.

14.   Ibnulkhag Kirgita Sasmita Ngabéhi, Mantri ukur pangrembé Surakarta di.

 

 

II.

 

1.        Lan dén anggit singir puniki supaya, ngejogaken kautaman kang sanyata.

2.        Marang bocah kang seja luru utama, ngaji ngilmu agama Islam kang mulya.

3.        Supayané ing buri ora nelongsa, kuru tuwa awak rusak akéh dosa.

4.        Yén wus mati dén larak marang neraka, sambat-sambat adhuh biyung adhuh bapa.

5.        Panas temen geni neraka punika, tikel pitung puluh lan geni ing dunnya.

6.        Tambah-tambah dén cokot kelabang ula, ing naraka akéh klabang sarta ula.

7.        Rina wengi sambatté ngaru ara, padha getun lelakonné ana dunnya.

8.        Ana dunnya karêmmé mung suka-suka, néng akhirat nemu siksa banget lara.

9.        Ya mulané wiwit bocah ngelantiha, mring saréngat agama Islam kang mulya.

10.   Kang sapisan nglakoni salat lelima, subuh luhur ngasar mahrib sarta ngisa.

11.   Saben dina yén pot  annuli kalaha, ([ii]) sabab iku yén kok tinggal dadi dosa.

12.   Wong kang tinggal ing salat wektu lelima, luwih ala katimbang céléng lan sona.

13.   Kapindhoné sira padha puwasaha, sasi ramlan tumeka dina riyaya.

14.   Telung puluh dina gunggungngé puwasa, yén amokah wajib padha ngalanana.

15.   Awit iku puwasa laku utama, bisa nydakaken hawa nafsu ala.

 

 

III.

 

1.        Ping teluné kudu bekti bapa babu, sabab iku ingkang awéh banyu susu.

2.        Saben bengi biyungmu tan antuk turu, nalikané sira misih bayi kuru.

3.        Yén anangis cangkemmu nganti mecucu, embokkira ati susah awak lesu.

4.        Yén wis meneng nangismu nuli dipangku, dipun dulang dipun géndhong mloka mlaku.

5.        Saben dina embokmu angobé jamu, ora étung pait getir padhes linu.

6.        Kang dén suprih énakka banyuné susu, supayané sira lagang awak lemu.

7.        Kaping patté kudu bekti marang guru, sabab guru ingkang awéh wuruk ngilmu.

8.        Guru iku becik digugu ditiru, lamun bener pamulangngé kang satuhu.

9.        Guru ingkang sugih kojah tanpa laku, angge ladrah manut marang hawa nafsu.

10.   Iku sira aja padha mélu-mélu, uwong fasék ora kena ditetiru.

11.   Sarta malih sira aja dhemen nesu, awit nesu marissaken tukar padu.

12.   Yén wus padu cangkemmé pating pacucu, suwé-suwé matang abang nekak gulu.

 

 

IV.

 

1.  Sira padha ngedhohana solah mrusul, kapindhoné duwéni watek bregudul.

2.  Wong bregudul adatté akéh kang kethul, bocah mrusul atiné akéh kang jugul

3.  Wegah nyambut gawé maca ngaji macul, gadhangnganné lawas-lawas dadi penthal.

4.  Ana pasar saben dina unthal-unthal, jejogéddan dén tanggap sekehing bakul.

5.  Ora becik watekké bocah marusul, lumuh nyambut gawé sebarang lan mikul.

6.  Dhemen ngutil dodollanné para bakul, yé konangngan endhassé mesthi dipukul.

7.  Kawirangan lan kelaran ajekukul, snejan nangis saben dina mata bendul .

8.  Sanak sarta sadulurrira tan berdul, néng tanganné pulisi tan bisa ucul.

 

 

V.

 

1.        Luwih becik watekké bocah kang suci, dhasar bagus sregep sakolah lan ngaji.

2.        Yén anderês di apalken bola-bali, ora uwis kalamun during mangerti.

3.        Yén diwulang ati madhep aniténni, supaya ing buri ora nganti lali.

4.        Bocah becik dhemen sakolah ngaji, bésuk tuwa sawah omba sugih pari.

5.        Sugih wedhus sugih kebo sugih sapi, ora suwé lamun magang dadi pyayi.

6.        Lamun dhemen dagang utawa tetani, ina sallah sira sinung sugih rijki.

7.        Rêjeki kalal ingkang dadi munfangatti, marang sira bapa biyung kaki nini.

8.        Lamun sira ngupaya rijki kharammi, ora wurung ing buri dadi mlaratti.

9.        Rêjeki kram kaya riba lan ngapussi, jukuk barang liyané ora kanthi idi.

10.   Kulinanen wiwit bocah aja wani, ngucap goroh mangan karam lan ngapussi.

11.   Sabab lamun kulina nyolong ngapussi, mesthi bakal dadi mungsuhé pulisi.

12.   Yén konangan endhassé dipun gembelli, yén kacekel dibonda malebu buwi.

 

 

VI.

 

1.  éling-éling sira padha dipun éling, aja padha sira wani nyolong maling.

2.  Maling iku atiné gerimang griming, lagi mbabah yén konangan di tempiling.

3.  Endhas lara awak cape ngolang ngaling, tangi grégah pelayuné sipat kuping.

4.  Yén gregetten sing duwé omah tan éling, yén kacekel sira mesthi di jeruwing.

5.  Dipun tabok di bacok dipun tempiling, masthi sira bakal dadi mati jengking.

6.  Gulasarran anéng lemah gulung koming, patinira utama patiné kucing.

7.  Sanak sarta sadulurrira tan uning, iya iku alané wong dadi maling.

 

 

VII.

 

1.        Néng akhirat dipun siksa Gusti Allah, sabab uwis dhéwékké nglakonni salah.

2.        Néng neraka sambat  sambat ora betah, geni panas awak gosong ora pejah.

3.        Mangan geni weteng murup mutah mutah, wis mangkono ukummé wong laku salah.

4.        Saben dina mangan getih  wokkan nanah, rasa pait ambu bacin kaya jitah.

5.        Kayu jagkum godhong kaya kuping gajah, yén dipangan dadi geni weteng bedhah.

6.        Béda wong kang nglakonni salat ngibadah, ésuk sore maca Kur’an ora wegah.

7.        Marang dulur sanak raket gelem ngalah, sarta malih bekti bapa biyung embah.

8.        Mrinf maksiyat mangan karam bisa nyegah, angedohi kelakuhan kang tan genah.

9.        Yén diajak  kancané nglakonni salah, ora gelem yén di gething ora susah.

10.   Wong mangkono antuk nugrahanning Allah, lan sufangattira Kangjeng Rasullilah.

11.   Ing akhirat oléh suwarga kang éndah, anéng ono nemu nikmat ati bungah.

12.   Uwong ana suwarga tan duwé susuh, ingkang ana kajaba bungah-bungah.

13.   Iya iku walessé wong kang wus sayah, anglakonni kabecikkan lan ngibadah.

14.   Néng suwarga antuk widadari éndah, sarta juru laden bagus-bagus kathah.

15.   Lan pangannan minumman lan buwah-buwah, rasa nikmat legi gurih seger sumyah.

 

 

VIII.

 

1.  Béda klawan wong kinudrat dadi kapir, lamun weruh kabecikkan pan sumingkir.

2.  Yén di wruk marang bener ora mikir, senengnganné ésuk sore among polesir.

3.  Marang Allah rasullullah wani mungkir, iya iku gadangngan dadi pak kusir.

4.  Saben dina guwah dhuwit kaya pasir, éndi anggrong anggeppé kaya kuntru lir.

5.  Wong mangkono butuh buri ora mikir, lawas-lawas bondha énthék mocar-macir.

6.  Ing wusana dadi mlarat dadi pekir, among kari jarik siji ting saluwir.

7.  Pungkassanné duwé tékad wani gangsir, ora wurung yén kacekel dipun sepir.

 

 

IX.

 

1.  Mula wajib lanang wadon luru ngilmu, aja uwis yén durung ilang bodhomu.

2.  Ngupayaha ngilmu  marang para guru, ingkang ngalim sarta saléh ahli laku.

3.  Aja éman Manawa kélangan sangu, aja wegah weteng luwé sayah mlaku.

4.  Wong angaji aja duwé ati malu, kang telatén aja wegah lan kesusu.

5.  Suwé-suwé ati padhang bisa klebu, ing wusana sira  ngalim sugih ngilmu.

 

 

X.

 

1.  Poma-poma sakéhing biyung lan bapa, amerdiya marang wayah putranira.

2.  Saben dina aja bosen  aja kemba, awéh wuruk ing piwulang kang prayoga.

3.  Mupung-mupung misih cilik anakkira, yén wus kasép akéh tutur tan kumama.

4.  Sabab among gugu karêppé priyongga, yén dicegah wani mampang ing wong tuwa.

5.  Watak ala saya tuwa saya dodra, dhemen pitnah marga ora wedi dosa.

6.  Maksiyat lan mangan karam banget suka, anurutti hawa nafsu sabendina.

 

 

XI.

 

1.        Lamun dhemen duwé anak jujur, aja wegah saben dina awéh tutur.

2.        Wiwit bocah sadurungngé kasép ngumur, awit lamun kasép tuwa ati kuwur.

3.        Bocah iki kekudangngen dadi luhur, sugih arta beras pari sarta batur.

4.        Bisa momong bapa biyung lan sadulur, sugih arta beras pari sarta batur.

5.        Aja nganti anak kaduwung kabanjur, kurang ngajar ati wangkal andaludur.

6.        Yén kebanjur marang kabecikkan mungkur, iku susah bapa biyung dadi kojur.

7.        Sanajanna bapa biyung wus néng kubur, meksa misih dadi pisuh kowar kawur.

8.        Iya iku bathiné wong tinggal tutur, marang para anak putu lan sadulur.

9.        Luwih abot siksané Hyang Maha Luhur, néng akhirat tanapi ana ing kubur.

10.   Siksa kubur lan akhirat wus tinutur, ana kitab sarta kadhis kang wus mashur.

 

 

XII.

 

1.           Ora gampang tinitah dadi wong tuwa, sabab wajib warah wuruk marang putra.

2.           Meruhaken marang wajibbing manungsa, kang linakon saben bengi lan raina.

3.           Iya iku barang kang dén dhawuhena, déning sarak agama Islam kang mulya.

4.           Lan ngedohi cegahanning agama, awit iku andadékaké sangsara.

5.           Kaya madat madon lan main punika, mangan karan lan maling darbékking liya.

6.           Wong madatti saya tuwa saya meka, awak rusak kuru gering daging suda.

7.           Yén keladdan sugih nesu sugih duka, gawé susah anak bojo saben dina.

8.           Sarta malih gelis dadiné rêkasa, yén wus tuwa dalinding metu bollira.

9.           Mangap mangap nyawané ana jelagra, ing wusana mata mlérék nyawa lunga.

10.       Uwong madon luwih gedhé dosanira, néng akhirat tompa siksa banget lara.

11.       Néng dunnyané uga wus nandhang duduka, boros dhuwit lara bengang luwih lara.

12.       Lamun banget bengang mungguh marang grana, irung pisek awak rusak mata wuta.

13.       Néng dunnyané wus tan kaprah lan manungsa, iku durung siksané néng akirira.

14.       Uwong main ngabotohan sapadhanya, iku uga andadékakén sangsara.

15.       kang sapisan borossaken marang arta, kapindhoné nerak walerré agama.

16.       Sarta gawé kapiranning nyambut karya, kaping patté nerak cegahing agama.

17.       Lamun kalah mesthi rugi mesthi tuna, nanging lamun menang dhuwit dadi riba.

18.       Barang riba luwih jembar luwih ala, ora dadi munfangatti kang sanyata.

 

 

VIII.

 

1.           Uwong mangan karam utawa manganni, iku uga andadékaken bilahi.

2.           Barang karam kaya riba lan ngapussi, sarta mangan daging kéwan kang tan suci.

3.           Wong manganni mangan kang tanpa dudugi, luwih ngekat pametuné saben sasi.

4.           Suwé-suwé utang akéh saya ndadi, wusané dadi nistha tanpa aji.

5.           Uwong maling iku banget tan prayogi, ana dunnyané akhirat nemu blai.

6.           Néng dunnyané dadi mungsuhé pulisi, sarta dadi rêrêgeddé wong ing désa.

7.           Uong maling ngampak nayap lan ngapussi, iku kabéh dadi satruning Hyang Widhi.

8.           Mula wajib bpa biyung amarsudi, marang anak wiwit cilik dikon ngaji.

9.           Dikon ngaji marang pondhok kang utami, dén pasrahken marang guru marang kyai.

10.       Saben sasi sangu aja nganti lali, yén wus enték nuli agé dikirimmi.

11.       Supayané bocah ketungkulla ngaji, ora pijer ketungkul ngulatti riski.(rêjeki).

12.       Aja éman aja owel anyangonni, marang lungo mondhok golék ngilmi.

13.       Anak lanang ingkang soléh angabekti, marang Allah miturut dhawuhé Nabi.

14.       Munfagatté iku bisa murakabbi, marang bapa biyung kaki kang wus mati.

15.       Di aranni ngamal jariyah puniki, wus mangkono kamurahanné Hyang Widi.

16.       Anak ngalim ahli tongat marang Gusti, iya iku kanugrahan kang sejati.

 

 

XIV.

 

1.  Sebalikké wong kang duwé anak bodhuh, marang ngamal lan ngibadah banget tambuh.

2.  Marang ngilmu kabecikan ora weruh, marga saka bapa biyung banget lumuh.

3.  Amarsudi mulang muruk awéh weruh, ingkang dadi mungfangat tibaning sepuh.

4.  Anak lamun wus kebanjur gedhé sepuh, mongka misih banget bodho ati kisruh.

5.  Iku bakal ora wurung  dadi mungsuh, mring wong tuwa banget wani lan anutuh.

6.  Yén dikongkon yén diwulang bekah-bekuh, yén diperdi kabecikkan ora saguh.

7.  Karêmmanné calunthangngan dhemen misuh, dhemen nongga omong kosong golék suguh.

8.  Tingkah watakking ala aja kapatuh, aja nganti sinebut aran wong ngutuh.

 

 

XV.

 

1.        Lamun sira kinadar dadi priyayi, dadi lurah utawa dadiya mantra.

2.        Onder dhistrik tanapi panéwu ugi, ingkang abar welas asih marang kuli.

3.        Marang bawah utawa marang sesame, nanging aja ninggal dedugi prayogi.

4.        Koma-koma tepa slira aja lali, yénnindakké paprétahan kang setiti.

5.        Lamun ana luputté si para kuli, sawatara lagi ping sawiji.

6.        Pangapuranen nanging wénéhana janji, lamun ngaping pindho utawa balénni.

7.        Tindakena apa benerré kang mesthi, aja pilih asih marang liyanéki.

8.        Sarta manéh aja sira wani-wani, anampanni rurubané para kuli.

9.        Kaya rupa dhuwit sarta beras pari, sabab iku dadi wisa kang sajati.

10.   Awit sira wis diblonja  saben sasi, déning ratu kang dadékkaken priyayi.

11.   Blonja dhuwit samurwatté pangkatnéki, wit-iwitten matuné kang saben ari.

Snajanna blonja akéh saben sasi, nanging nanjakkaken dhuwit tan prayogi.

Saben dina guwak dhuwit kaya wedhi, tanpa pétung pametuné saben ari.

Mesthi baé bakal mlarat bakal dadi, sugih utang yén nuju blanjané dugi.

Wong kang nangih teka lunga wira-wiri, blonja enték ditangissi anak rabi.

 

 

XVI.

 

1.        Senajanna blonja kedhil sawatara, nanging sira tawakal sabar narima.

2.        Bisa nyegah hawa nafsu ingkang ala, nanjakkaken dhuwit mawiya duduga.

3.        Samurwatté pangkatmu lan blanjanira, aja rikuh nindakken barang prayoga.

4.        Lamun ana kancamu watekké ala, amoyokki marang laku kang utama.

5.        Iku sira wajib padha ngedohana.

6.        Luwih éwuh tinitah dadi manungsa, arang kuwat nyegah hawa nafsu ala.

7.        Nanging lamun dilambarri lan agama, ngelakonni ngibadah salat lilima.

8.        Anyingkirri cecegahanning agama, anglakonni barang kang didhawuhena.

9.        Déning sarak agama islam kang mulya, insaallah bisa nyegah sawatara.

10.   Marang hawa nafsu kang ora prayoga, kang dadékken kamlarattan burinira.

 

 

XVII.

 

1.        Titi tamat panganggitté singir iki, wektu ngasar dina isnén rêjeb sasi.

2.        Séwu telung atus telung puluh siji, punjul papat taun hijrahé jeng nabi.

3.        Ya Allahu Pangéran ingkang sajati, ingkang sipat welas asih marang abdi.

4.        Ingkang murba amisésa nguwasani, marang jagad saisiné kang dumadi.

5.        Ing paduka kula nyuwun pangaksami, ing sadaya dosa lahir batin kami.

6.        Dosa kula kadhos wedining jaladri, agengngipun lir péndah gengnging rêdi.

7.        Saben dinten saben dalu tansah dugi, mongka ngamal kasaénan sepa sepi.

8.        Sarta ulun nyuwun ing paduka Gusti, mugi Allah ngapuraha lan ngasihi.

9.        Dhateng bapa biyung kula kaki nini, ingkang ngitik-itik kula wiwit bayi.

10.   Saha malih kawula nyuwun ya robbi, tuwan mugi paringnga rohmat salami.

11.   Dhateng Gusthi kangjeng Nabi Mukamaddi, rasullullah utussan tuwan sajati.

12.   Sumarambah para sakabatté nabi, lan kawula warga ajmangina ugi. 

 

 

 

TAMBAHAN GURITTAN :

Papénget marang para mudha, lagu witting klapa,  10 : pada.

 

1.  Urip iku wajibbé aluru ngilmu, bisa madhangngi atimu, aja kléru, bisa ngedohké babendu, kinasihan mring Gustimu.

2.  Nanagiya rasamu dimén karasa, rasakena urippira, anéng dunnya, padha dhemen cidra, cidra iku nemu papa.

3.  Cacawissa ngilmu kang bakal kok gawa, ngamal saléh kang prayoga, adhuh nyawa, iku dadi kanthénnira, sélannira mring Hyang Suksma.

4.  Rurumangsaha yén yén sira iku kawula, ngawulaha mring Hyang Suksma, adhuh nyawa, turuttén sadhawuhira, lamun teman nemu begja.

5.  Kanthénnanna tékad mulya kongsi onya, lamun oranya nemu papa, aja gela, sira nora bisa duwa, siksané Gusti kang kwasa.

6.  Dunungngenna uripmu aja sembrana, lara pénak kang anyongga, ya mung sira, nora nana kang amrina, mulané padha dén yitna.

7.  Tatakonna ngilmu islam kang sanyata, mring kang wasis ing agama, adhuh nyawa nora susah nganggo béya, sira tompa wulang cetha.

8.  Sinauwa agama islam kang mulya, pirantiné urippira, adhuh nyawa, aja pijer nguja hawa, nurutti ati kang  murka.

9.  Weruhanana jronning kuran lan tindakna, yén tan weruh oléh siksa, anéng nraka, ing naraka isi mawa, panassé kagila-gila.

10.      Lakonnana dhawuhé Gusti kang mulya, lamun temen mesthi begja, adhuh raga, begja kirrat begja dunnya, Gusti Allah nora cidra.

11.      Pituturé panuntunmu luwih cetha, Jeng Mukhammad Nabi kita, adhuh konca, ayo padha lumaksana, supaya padha katrima.

12.      Dhedherrana ati suci aja mléya, mleya iku tan prayoga, adhuh konca, sira bakal tan katrima, nora wurung tompa duka.

13.      Jangkahira aja wegah sambékala, lamun wegah tan tumeka, kajattira, apa baé kang kok sedya, anggonmu nyuwun nugraha.

14.      Yitnannana dunnya iki akéh godha, wujuddé arupa-rupa, adhuh konca, cegahen kang nganti sirna, supaya aja kumama.

15.      Nyunyuwunna mring Gusti Allah kang asma, kwasané tannana padha, adhuh nyawa, bisa gawé waras lara, apa kowé tan karasa.

16.      Marénnana gonmu padha laku ala, iku gawé apessira, adhuh nyawa, sira nora duwé daya, uripmu tansah cilaka.

17.      Gondhellana taliné Hyang Maha Mulya, tali iku dhawuhira, adhuh konca, kitab Kuran kang sampurna, pranatanné kang kuwasa.

18.      Mbumburuha kabecikkan aja kemba, kang paédah marang sira, adhuh nya, lamun temen nora kemba, sira bakal tompa swarga.

19.      Ngolégendhuk mupung sira isih mudha, ywa katungkul suka-suka, anéng dunnya, dunnya iku bakal sirna, ginulung ingkang kuwasa.

20.      Ngélingngana yén sira bakal palastra, jronning pati ana begja, lan cilaka, mula agé tumadangnga, luru ngilmu kang sampurna.

21.      Panutup nulis kanthi dedonga, mugi kang samya amaca, samya asal pitutuduh ingkang sanyata, saking Allah kang miyarsa. 

 

TAMMAT WALLAHUAKLAM

 

Catetan :

[i] Derês (dares) tembung Ngarab tegessé: anglayahaké

[ii] Kala, tembung ngarab tegessé: nyahur

 

 

Saking Referensi :

Wiriddan saka wawaton Islam

Anggitanné : Mukhamad Suhudi

Abdi dalem Naib ing Sumber Lawang, Sragen Surakarta

Cap-capan kaping pisan 1857 (1344 – 1926)

Kawetokaké déning : MARDIKINTAKA – SURAKARTA

 

 

 

 

SINGIR NABI


https://syehhakediri.blogspot.com/2024/09/singir-piwulang-utama-singir-nabi.html


Singir Nabi merupakan naskah pegon adaptasi dari puisi arab yang mirip dengan syair Melayu. Istilah singir-an diserap dari bahasa Arab yakni syi'ir yang berarti lagu atau puisi. Masyarakat Jawa lebih mengenal singir daripada syi‟ir.


Singir Nabi (SN) adalah naskah pegon yang diadaptasi dari puisi Arab yang mirip dengan syair Melayu. Istilah "singir-an" berasal dari bahasa Arab, yaitu syi'ir yang berarti puisi atau lagu. 

Teks SN dapat diteliti dari berbagai bidang ilmu, seperti filologi dan sastra. Penelitian terhadap teks SN diharapkan dapat memperkaya hasil penelitian di berbagai bidang ilmu tersebut. 



1.        Bismillahirrahmanirrahiim, ibtida’i miwiti ingsun, muji ing Allah kelawan nuwun, ikilah singir ing Kanjeng Gusti, mula dèn singir parasé nabi, mula dèn pikir sarta dèn titi, bisaha terang kaya kang ngerti, Nabi Muhammad ingkang sinelir, arep dèn tutur ana ing singir, putera jaleré Kiyahi Abdullah, pinuterakken ana ing Makkah, durungé lahir Jeng Rasulullah, dèn tilar séda Radèn Abdillah, nalika séda Radèn Abdillah, iku beneré ana abuwak, dèn sarèkaken ana Madinah, kari rerandhan Dèwi Aminah, sarta angandhut Jeng Rasulullah, tur masih tetep ana ing Makkah.

2.        Sawusé lahir menyang ngunainah, dèn susokaken Dèwi Halimah, lawasé lawas bali nyang Makkah, dèn aturaken Dèwi Aminah, dèn ajak lunga maring Madinah, ibuné séda ana abuwak, sandhing kang raka Radèn Abdillah, dèn sarèkaken ana Madinah, Nabi Muhammad bali nyang Makkah, malasan garwa Dèwi Khodijah, sawusé dadi nabi utusan, lan keparingan kitab Quran, sarta baliné sèket syariat, para sahabat padha mufakat, Abu Bakar Umar Utsman Ali, padha percaya syariat nabi, tetkala paras nabi sinelir, iku dèntutur ana ing singir, wong mukmin suwiji matur sahabat, ing Abu Bakar kebat anjawab, ya Abu Bakar ratu mukmin, ing dhawuh tuwan kula kepèngin.

3.        Kala yèn paras Jeng Rasulullah, dinané sasi niku punapa, duk miwah kuluk kang pundi, dènparingaken ing Kanjeng Nabi, ya Abu Bakar iku ngandika, ing wong kang mukmin kang padha teka, tetkala paras Nabi Muhammad, bakdané kondur king perang lahad, ing dina itsnain wus ana Makkah, iku konduré saking Madinah, jeng gusti darus Quran sak saat, maka katekan ing malaikat, Jabrail bekta kalimat ayat, dèn paringaken Nabi Muhammad, puniki warni ayaté Quran, dèn paringaken kekasih tuwan, mukhalliqiina ru’usakum, wamuqashshiriina laa takhaafuuna, meneng jeng nabi amung sak saat, dhedhawuhna ing malaikat, ya Jabrail kebat umatur, maka jeng nabi kinon acukur.

4.        Yèn kula cukur kersané Allah, ya Jabrail matur ing Allah, Nabi Muhammad kasihé Allah, Jabrail maras Jeng Rasulullah, nabi ngandika ing malaikat, sampéyan tuwan ingkang lumampah, kuluk kula niku kang pundi, rèhné tuwan kinon marasi, ya Jabrail matur ing Allah, nuwun kuluk Jeng Rasulullah, ya ilahi anta pangéran, pundi kuluk kasihé tuwan, Nabi Muhammad ingkang sinelir, dhawuh pangéran ing Jabarail, kebat lungaha nyang suwarga, sira methika godhong kastuba, ingkang saklembar gawé kuluki, kasih ingsun maring parasé, nuli Jabrail nyang suwarga, methik godhongé kayu kastuba, amung saklembar lir sutera ijo, dèn kulukna iku angago.

5.        Dènaturaken nabi wekasan, kasihé Allah kinon kulukan, ya Jabrail maras Jeng Nabi, sangalas ramdlan tanggalé sasi, sahabat papat marek ningali, tetkala maras rima Jeng nabi, réma saklembar dhak runtuh bumi, suwiji réma tan ana bumi, nuli ngandika Nabi Muhammad, takon hikmahé ing malaikat, merga dhak runtuh ana ing bumi, Jabrail matur ing kanjeng gusti, kathahé rambut tuwan wuninga, niku sakkethi lan telung leksa, lan telung èwu lan telung atus, lan telung puluh telu dènurus, pertaman pangéran ing widadari, ing suwarga aja na kèri, he widadari padha mudhuna, nyanga ing Makkah padha nontona, olehé paras Nabi Muhammad, ingkang marasi ya malaikat.

6.        Sira meraka jaluk rambuté, saklembar ya akèh tsawabé, sira talèkna ing lengenira, sakèh dosamu ingsun sepura, sing sapa simpen ing caritané, ingsun sepura sakèh dosané, ikilah paras ing Kanjeng Nabi, ngerawatana bakal yèn mati, tetkala ngalap ing malaikat, ngambil nyawané bésok sekarat, lan luput siksa ana ing kubur, sabab dosané iku wus lebur, mungkar wa nakir tidhak nakoni, sabab wus olèh syafa‟at nabi, lan sun paring kamulyan donya, terus akhirat iku suwarga, sebarang gawéhan nyang gelis dadi, lawasé urip dhak kurang rezeki, yèn dhak gelem simpen ing ceritané, olèhè paras haditsé nabi, sasat asengit ing awak ingsun, sabab dhak dhemen ing kasih ingsun.

7.        Sing sapa mahido kafir matiné, sabab uripé mamang atiné, a’udzubillahi ngelindhung ing allah, aja kasi kufur ing Allah, lan muga-muga allah nulungi, ing wong kang nulis carita iki, lanang lan wadon kang gelem maca, syafaat nabi dèn paringana, khatamé syiir ing dina rebo, nyerambahana ing anak bojo, tanggal ping wolu ing sasi rejeb, syafa’at nabi dènarep-arep, pukul wolu pasaran legi, bisaha mati dèn aku ngabdi, hijrahé sèwu telung atusé, lan rong puluh telu punjulé, saking sejané iki dèn tata, dadi wong maca iku katata, sabab dhak kanthi lafal makna, dadi wong maca iku dhak tuna, mulané iki tak singiraken, amerih yèn maca iku dhak kaken.

8.        Supaya rahab bocah gisau, sabab macané kanthi ing lagu, dadi bék kerep olèhé maca, semangsa kerep nyang gelis bisa, paras dèn singir nular ing jawan, salah beneré wallahu alam, saking bodhoné dhak bisa ngaji, wani anyingir parasé nabi, pira salahé nuwun ngapura, maring Pangéran Kang Maha Mulya, saking sejané iku dèn tata, tibané jawan ingkang dèn waca, sakbisa-bisa aja dèn wada, luwih kurangé dèn wuwuhana, sawusé tutug singir dèn paras, ingsun tambahi singir syafa’at, liyané singir donga Jeng Nabi, dèn ngamalaken rina lan wengi, kalané lungguh Jeng Rasulullah, ana jeroné masjid Madinah, dhawuhna donga ana ing syarah, andhawuhaken ingkang fadliilah.

9.        Ya Jabrail ngaturi salam, Nabi Muhammad mangsuli salam, Nabi Mahammad mugi katura, kathah tsawabé punika donga, lanang lan wadon padha macaha, ing donga iki kang samben dina, utawa sawulan maca sapisan, utawa rong wulan maca sapisan, utawa satahun maca sapisan, lan sak umuré maca sapisan, aja tan ora sira macaha, senajan sepisan anggeré bisa, yèn dhak bisa maca donga tulisan, maka simpena iki tulisan, maka ngereksa Allah ta’aalaa, malah ngebeki lawang a’la, widadari dadi cadhangan, sartané padha anampa talam, ingkang dèn tampa talam kencana, isi panganan saking suwarga, dèn cadhagaken ing wong kang maca, donga Jeng Nabi kang katerima.

10.   Allah ta’aalaa nekani karep, yèn maca iku ingkang seregep, lan akèh-akèh iku tsawabé, lamun dèn waca iku dongané, dhak kurang rezeki kang selawasé, dèn padhangaken iku atiné, dèn panjingaken ing suwarga, kala sekarat iku dhak lara, mungkar wa nakir idhak nakoni, dina kiyamat idhak nakoni, lan selamet ing pancabaya, jin lan sétan dhak niya-niya, Allah ta’aalaa anyugihaken, ikilah donga dèn ngamalaken, sartanè luput sakèhé bilahi, bésuk kiyamat luput ing geni, Allah ta’aalaa ambagusana, wong kang seregep angapalna, sing sapa mamang pesthinè kufur, dhawuhé nabi dhak kena nyingkur, kabèhé tsawab idhak nulisi, banyu segara dèn-gawé mangsi.

11.   Sakèhé kayon dèn-gawè kalam, sakèhé godhong dèn-gawé papan, yekti dhak cukup iku dèn tulis, sakèhé ganjaran dhak bisa milis, lamun wus hafal ing donga iki, sakèhé sètan iku dhak wani, lan lamun ana sateruné metu, maka wacanen mali ping pitu, dadi saterumu iku dhak wani, Allah ta’aalaa kang ngudanèni, gusti Hasan ngandikakaken, lan Sayyid Ali wus ngapalaken, Allah ngandika aja kon lali, weruhna dosa maring awwali, kelawan darus kang wali-wali, simpen parasé ing Kanjeng Nabi, supaya weruh maring bodhoné, maring si dosa siji-sijiné, sakèhé wong mukmin padha mufakat, nyuwun syafa’at Nabi Muhammad.

12.   Ngandika Allah ingsun ngasihi, wong kang ngupaya carita nabi, wong munafik aja tuturi, sabab agamané idhak ngerti, sing sapa simpen ing carita nabi, maka selamet ing sak umuré, maka sun paring rahmat sak leksa, saben wengi lawan dèn reksa, sing dhak gelem simpen ing caritané, ingsun kurangi ing sak isiné, lan sun kurangi sandhang pangané, sakèh perabot jero omahé, yèn wong kang dhemen carita rusul, olèhé paras ing Kanjeng Rasul, jin sétan iku dhak wani, tur dadi syahid bésok mati, lan yèn lara nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.

13.   Lamun sira arep lelungan, pesthi selamet ing kala lungan, lawan selamet maring kesasar, miwah selamet sakèhé bégal, sato galak dharat dhak wani buru, lan sato galak jeroné banyu, malaikat sèwu ingkang ngereksa, wong kang ngupaya iki carita, kekasih ingsun Nabi Muhammad, olèhé paras dadi syafa’at, lan lamun sira saba nyang guru, aja lali paras jeng ratu, dadi selamet dhak kena bendu, sarta welas maring ragamu, lamun ana wong kena wesi, kelakuhané tulisan iki, lan banyu adhem tur ingkang tawa, dèn inumaken maring kang lara, insya Allah nyang gelis waras, olèh berkaté nabi peparas.

14.   Poma dipoma nyang ngupayaha, paras Jeng Nabi kang dèn ngupaya, yèn dhak duwé nyiliha sira, angupayaha ing kanca sira, lamun wong mukmin ngupaya cerita, amèrih nyimpeni iki carita, maka sun paring ing wong kang bisa, ana akhirat idhak dèn siksa, sing gelem maca ing donga iki, dèn-gawé sangu bésuk yèn mati, iki wus khatam donga dèn syarah, atas dhawuhé Jeng Rasulullah, akèhé mung wolu likur, ing buri iki donga dèn tutur, bismillahirrahmanirrahiim, allahu allahu al-azizu al-hakiimu, allahu allahu al-maliku al-qudduusu.

15.   Allahu allahu al-ghafuuru al-waduudu, allahu allahu al-syakuuru al-haliimu, allahu allahu al-shamadu, allahu allahu al-hamiidu al-khabiiru, allahu allahu sayyidu al-jabbaaru, allahu allahu al-ilaika al-khabiiru, allahu allahu al-kabiiru al-akbaru, allahu allahu al-qaadiru al-wahhaabu, allahu allahu al-waahidu al-qohhaaru, allahu allahu al-azhiimu al-qudduusu, allahu allahu al-khaaliqu al-mubiinu, allahu allahu al-„aliyyu al-muta‟aali, allahu allahu al-zhaahiru al-baathinu, allahu allahu al-awwalu al-aakhiru, allahu allahu al-baari‟u al-mushowwiru, allahu allahu al-maliku al-qudduusu al-raufu, allahu allahu al-mukminu al-muhaiminu, allahu allahu al-raufu al-rahiimu.

16.   Allahu allahu al-baa‟itsu al-waaritsu, allahu allahu al-dayyaanu, allahu allahu al-syahaadatu, allahu allahu al-qaabidlu al-kariimu, allahu allahu al-khallaaqu, allahu allahu al-hakiimu, allahu allahu al-qawiyyu al-muniiru, allahu allahu muhammadu rasulullah, laa ilaaha illallahu muhammadu rasulullahu shallallahu „alaihi wasallamu wa „ala aalihi wa ashhaabihi ajma’iina. aamiin. wallahu al-haliim.

 

 

 

 

ꦏꦱꦺꦫꦠ꧀ꦈꦭꦁꦣꦼꦤꦶꦁ꧇ꦆꦩꦗꦶꦪꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ

Kaserat ulang dening : Imajier Nuswantoro

 

 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)