MULO BUKANE JAGAD AGUNG SANGKAN PARANING DUMADI

0


MULO BUKANE JAGAD AGUNG SANGKAN PARANING DUMADI

 


 




Mulo bukane dumadine jagat agung.

Duk nalikane jaman isih awang uwung sing ono mung Gusti Pengeran.

Kahanan awang-uwung ora kasat ing mripat kasar tan keno kinoyo ngopo, nanging ono, jalaran ono doyo panguawasane, Gusti banjur nyipto wewujudan telu cacahe, sak banjure gusti ugo banjur manunggal ing kahanan telung warno mau kang di arani trimurti (telu-teluning atunggal).

 

Telu warnane, ugo telu katone ugo telu pakartine, nanging tungal yo kang murbo lan waseso yoiku gusti kang moho tunggal.

1.    Wewujudan kang sepisan kang paring asmo suryo (srengenge) anduweni doyo panguoso panguripan sagunging dumadi, kasar lan lembut kabeh soko doyo panguwasane suryo.

2.    Wewujudan kang kapindo keno diarani condro (Rembulan) duwe panguwoso pangayoman,menehi sandang pangan lan kemakmuran, ngopeni lan ngipuk-ipuk.

3.    Wewujudan kang katelu, diarani kartiko (LINTANG) duwe doyo keadilan lan pepati, tugase nyirnak ake sekabehe wewujudan kang sipate ora langgeng.

 

Telu-telune doyo panguwoso iku mau mubengg hanyokro manggilingan, mubeng terus ganti-gemanti ora ono pedote.

 

Suryo akaryo gesang, diopeni lan di ayomi dening condro, terus di sirnak ake dening kartiko, kahanan mangkono terus lumaku ora ono kendate nganti selawas-lawase.

1.    Suryo sakliyane duwe doyo panguwoso panguripan ugo duwe doyo panas,lan doyo panas mau biso mujudake geni, kang sakteruse tibo ing awang-uwung antarikso.

2.    Condro sakliyane duwe doyo panguwoso angayomi ugo duwe doyo adem sak banjure doyo adem mau biso awujud banyu,wusanane ugo tiboing awang-uwung antarikso.

3.    Kartiko (LINTANG) sakliiyane duwe doyo adil lan pepati ugo duwe doyo (HOWO SUWUNG / NETRAL) KANG SINEBUT ANGIN, angin mau ugo banjur tibo ing antarikso ono ing alam awang-uwung.

 

Wewujudan 3 telung warno mau sakteruse kumpul dadi siji ono ing antarikso, katiup ing angin soko duwur-mangisor, soko kidul-mangalor, soko etan mangulon, suwe-suwe geni, banyu, howo mau mandeg, ono ing tengah-tengahe jagad, GUMANTUNG TANNPO CANTELAN, yo wewujudan iku mau kang di arani  MAHMA.

 

SUWE-SUWE MAHMA mau banjur nngintip (ngerak) dene intip mau mujudake pamelikan, koyo to wesi, waja, emas, perak, lan liyo liyane. Suwe-suwe pamelikan mau ugo ngremboko mujudake watu, watu ngrembbooko mujud ake pasir, pasir ugo ngremboko mujud ake lemah.

Sarehne mahma mau wewujudan kang panas banget kamongko dibuntel dene watu pasir lan lemah, suwene suwe banjur nguap mujud ake banyu lan ngrembes menyang pasir nganti tekan lemah sak teruse lemah kang karembesan banyu lan keno kasunaran dayane suryo suwe-suwe ing lapisane bumi biso nukulake tetukulan kang warno-warno.

 

Yo kahanan wewujudan kang koyo mangkono mau ing sakteruse di arani BUMI LAPIIS PITU BUMI SAP PITU :

1.    MAHMA.

2.    PAMELIK'AN.

3.    WATU.

4.    PASIR

5.    LEMAH.

6.    BANYU

7.    TETUKULAN.

 

Dene bumi iku anduweni cahyo ireng koyo mangkono iku asal usule JAGAD AGUNG.

 

Lan mobah musik'e bumi kuwi di atur marang doyo panguwasane suryo,lan keno di arani TOTO SURYO.

LENGKAPIPUN ALAM SEMESTA MENIKO kadunungan cahyo SEMBURAT PAPAT WARNANE yoiku :

1.    Abang asal soko SURYO.

2.    Kuning asal soko CONDRO/REMBULAN).

3.    Putih asal soko KARTIKO.

4.    IRENG asal soko BUMI.

 

Sarehne cahyyo papat mau sing ora biso mantulake cahyane mung cahyo ireng, mulo cahyo abang, putih lan kuning mantulake cahyane marang cahyo kang ireng yo cahyaning bumi yo iki kang sinebut DUMADINE JAGAD AGUNG SANGKAN PARANING DUMADI.

 

 

BABAGAAN MULO BUKANE JAGAD ALIT BAWANA SETRA/BADAN WADAG (SANGKAN PARANING DUMADI)

Ing bab gumelaring jagad agung wis kito mangerteni yen kedadeyane bumi iku asal soko geni sing cahyane abang lan dayane panas, banyu sing cahyane kuning sing dayane addem,angin sing cahyaning putih sing duwe doyo hampa (netral).

 

Kumpule geni-banyu lan angin(hawa) mujudake MAHMA, yoiku uripe bumi sing biso ngremboko mujud ake wadah bumi lapis pitu. kumpule doyo panas adem lan angin (hampa) mujudake CIPTO, ROSO, LAN KARSO, kumpule DAT, yoiku bebakalane URIP SAGUNG DUMADI.

Kumpule cahyo 3 warno : abang, kuning, putih.

Mujudake SUKSMO, yoiku badan alus,diarani (urip abadan alus) yoiku poro titah dewo batara lan dewi, jin pri prayangan.

 

Doyo panas, adem, lan hawa (netral) sak durunge manunggal dadi siji wujud DAT, doyo kasebut sumebar ngebak'i antarikso (AWANG-UWUNG) utowo yen sak iki diarani (ATOM, ELEKTRON, NEUTRON).

 

Kumpule cahyo 4 (papat) warno mujud ake NAFSU, yoiku sing digunakake dene URIPe manungso abadan wadag.

Cahyo mau rupane abang, kuning, putih lan ireng.

Kumpule sari-sarine geni banyu angin lan bumi mujudake badan wadag (badan kasar) yoiku sing digunakake manungso urip abadan wadag.

Sak durunge jagad gumelar iki kadunungan titah abadan wadag, sing ono luwih disik titah abadan alus yoiku, SUKSMO, dene titah tiah mau ing zaman semono diarani dewo-dewi, betoro-betari, jin priprayangan lan sakpinunggalane.

Antarane titah-titah mau sing duwur tatarane yoiku dewo-dewi, betoro-betari, dene uripe poro titahh mau (titah abadan alus) mapane ora angambah bumi, sarto tangkar-tumangkarane ora liiwat hukum kelahiran (kodrat kelahiran nanging liwat hukum sabda.

 

 

KAHANAN MAU NGANTI PIRANG-PIRANG ATUS TAUN

Suwe-suwe ono salah sawijine dewo lan batoro ingkang nandang kalepatan gede marang gusti, soko panguwasane Sang Hyang tunggal dewo mau kasabdo dadi MANUNGSO ABADAN WADAG lan manggon ing bumi lan sak teruse hukume nganggo hukum kelahiran (KODRAT KELAHIRAN) dene dewo-dewi kang kasabdo mau keno diarani MANU.

 

Jeneng MANU mau manut hukume kodrat soko panjelmane poro dewo/batoro kang abadan wadag dene jeneng MANUNGSO adedasar hukume kodrat, tangtumangkare, MANU dadi MANUNGSO LUMRAH, adedeasar hukum kelahiran.

Dene poro MANU kang numangkarakake manungso wiwitan adedasar hukume kodrat kelahiran diarani SWAYAMBU MANU.

 

 

MULO BUKANE BADAN ALUS (SANGKAN PARANING DUMADI)

Kumpule ROSO, CIPTO, LAN KARSO, mujudake DAT, sing asale soko doyone trimurti (SURYO CONDRO LAN KARTIKO).

Iyo DAT iku suci meh podo karo sucine hyang MOHO SUCI, jalaran pancen DAT mau asal soko dayane GUSTI (keno disebut DAT ALLAH).

Mung bedane yen sucine GUSTI ngebaki bawono (jagad) dene DAT SUCINE mung ngebaki badan wadag sak kojur, Gusti Kang Moho AGUNG nguwasani jagad sak isine dene DAT nguwasani badan wadag sak isine, iyo DAT mau sing dadi utusane GUSTI, supoyo MEMAYU HAYUNING BAWONO, sak isine sarono hukum kelahiran lan hukum sabda.

 

Hukum kelahiran nggunakake badan kasar.

Hukum sabda nggunakake badan alus SUKSMO yen DAT nandang kaluputan (keno karmo) tumuli dadi utusan liwat hukum sabdo nganggo badan SUKSMO.

KARMA iku soko tembung KARYA MANAH karma puniko SOKO PANGUWASANE PIKIRAN (DIPUN PIKIR).

 

Kabeh panggawe kang asal soko pikiran, iku mesti nguwoh panggawe apik, uwoh apik, ngunduh apik, panggawe olo nguwoh olo ngunduh olo koyo mangkono mau mungguh lungguhe hukum KARMA kabeh manungso kari ngunduh wohing pakarti (PANGGAWE)

 

SREHNE dat mau (dat abadan suksmo) nandang karma (olo utawi apik) mulo DAT kudu dadi utusan, liwat panjilman miturut hukum kelahiran.

Dadi yen ngono kabeh manungso urip sing dilahirake ing alam gumelar iku mesti nandang karma (dosa) sebab yen ora nandang karma/dosa ora bakal dilahirake manehing alam gmelar abadan wadag miturut hukum kelahiran, yen ora keno karma ateges isih saliro abadan alus/batara, ono ing alam alus/kadewatan miturut hukum sabda.

Panjilmane DAT(urip) saliro batara menyang manungso puniko liiwat hukum kelahiran, dados kudu liwat SACUMBONO (saresmi) antarane priyo lan wanadyo.

Kaweruh bab iki manut dawuh-dawuh utowo ujare poro leluhur koyo ing nggisor iki.

Dek jamane sadurunge Si Fulan ono, bopo isih joko, Biyung isih prawan,aku sejatine wis ono.

 

Aku dumunung ono ing CIPTO, ROSO LAN KARSANE BAKAL BOPO LAN BIYUNG, den arani SIR (GRENJET).

Bareng bakal bopo lan Biyung wis kadunungan SIR sakteruse SIRE bop lan Biyung nukulake BUDI.

 

Sakwise bopo la Biyung nukulake budine aku banjur mapan ono ing JONOLOKANE BOPO + BIYUNG WIS SACUMBONO (SARESMI) Si Fulan metu liwat kono wujud Si Fulan putih moyo-moyo asal soko campure cahyo abang, kuning lan putih yoiku sing diarani MANI (SPERMA).

MADI, WADI, MANINGKEM, SUKSMO, ROSO, DAT KANG MOHO SUCI.

 

TELU-TELUNE ATUNGGAL IKU SEJATINE YO INGSUN (URIP) langgeng tan keno pati yo DAT ing GUSTI KANG MOHO SUCI.

Arep yoso badan wadag ono ing sakjeroning guwo garbane Biyung, kanggo omahku urip abadan wadag ono ing alam gumelar nindakake kuwajiban URIP pinongko utusane GUSTI KANG MOHO KUWOSO.

 

 

Si Fulan ono kandutane Biyung umur sakwulan, anggonku yoso badan wadag, Biyung banjur kandeg (ora bulanan,sak banjure Biyung gawe pakurbanan, (slametan) bubur suro, sakteruse angger tanggal 1 syuro kaum Biyung podo ngaweruhi sarana pakurbanan bubur suro.

Ujude bubur suro iku digawe soko bubur putih kang di tumppanngi rajangan lombok abang lan rajangan dadar kuning iku mowo tegese : kahanan Si Fulan, bakal badan wadag Si Fulan kang telung warno, abang soko sari-sarine geni, kuning soko sari-sarine angin, putih soko sari-sarine banyu, ing wektu iku bakal badan wadag Si Fulan katambahan warno ireng soko sari-sarine bumi liwat Panggonan sing didahar Biyung lan rumesep ing ari-ari (wadahe pangan).

Si Fulan umur 2 wulan badan wadagku ujudte wis pating grendul, Biyung banjur gawe jenang grendul/jenang sapar/kang yektine diarani SAPARAN.

Sakwise 3 wulan anggon Si Fulan yoso badan wadag, badan wadag Si Fulan wis wujud cengkoronggan, yoiku :

1.    Sirah

2.    Gembung

3.    Tangan

4.    Sikil

5.    Mripat

6.    Tutuk

7.    Kuping

8.    Irung

9.    Wadi.

 

Yo wis katon dene papan (kraton) telu ugo wis dadi kang disebut :

1.    GIRI LOKA.

2.    HENDRO LOKA.

3.    JANALOKA.

 

Biyung banjjur slametan TELONAN kang artine KRATON Si Fulan TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku kapernah DUWUR, TENGAH LAN NGISOR (UTEG, ATI LAN WADI).

Suwe-suwe dungkap 7 wulan Si Fulan yoso omah cagak papat lawang songo wis dadi, ugo komlit ubo rampene arupo :

1.    Balung

2.    Sungsum

3.    Otot

4.    Getih

5.    Daging

6.    Kulit

7.    Wulu.

Biyung banjur gawe tengerreno pitu.kang sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo.

Aku umur 9 wulan Biyung gawe bubur procot apem lan gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN.

Procotan tegese : lahirku karebpe ben gangsar procot ora ono alangan sawiji opo.

Megengan tegese : duk naliko aku arep lahir uwal soko Biyung, tansah MEGENG NAPAS.

Sak teruse tangggal 1 poso slametan MEGENGAN, GEDANG APEM.

URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing TELENGE ATI, kang kuwoso murbo amiseso omahku (jagad cilik).

Sak banjure tanggal 1 syawal Biyung kurban sego punar, sing di arani SYAWALAN tegese : Si Fulan wis uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.

wiwit ono kadutane Biyung nganti teko dino kelahiran mau, ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii trimurti (GIRI LOKA, HENDRO LOKA, JANALOKA). bareng wis 5 dino utowo sepasar,panguwasaku kang ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo pancer,kang kedadeyan soko cahyo patang prakoro,dewek'e nglungguhi ono ing KUPING, MRIPAT, IRUNG, LAN CANGKEM, anguwasani lawangan pitu(7) kang ono GIRILOKAYOIKU BOLONGAN KUPING 2, MRIPAT 2, IRUNG2, CANGKEM 1 LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO PITU.

Dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO DRIYO.yoiku

1.    Pamireng

2.    Paningal

3.    Pangggondo

4.    Pangucap

5.    Pamikir

 

Ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.

Sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone ROSO, ono ing HENDROLOKA, mapan ono sakjeroning ATI SANUBARI BARENG AKU UMUR 35 DINO BIYUNG KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL2 diarani SELAPANAN tegese : panguuwasaku kraton telu wis ddi selapi (diendih) karo sedulur papat limo pancer.

Bareng Si Fulan umur 105 dino Biyung ugo kurban sego tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG LAPAN, tegese : panguwasaku ono ing telu2ne atunggal yo iku (CIPTO, ROSO, KARSO) wis di kuwasani karo PONCODRIYO.

Yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar ppisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis pitu (7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo pancer, kahananku banjur soyo ambles manjero. mapan ono ing TELENGE ATI SANUBARI, dene omahku di enggoni lan di kuwasani, di atur olan dijogo dewe deneg seduluur papat limo pancer.

Koyo mangkono kahananku aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe, papanku rumit banget, pangguwasaku mung kari kango nguripi badan wadag, tujuanku urip kanggo memayu hayuning bawono ilang babar pisan, kamongko ing tembe aku kudu nanggung jawabake dewe marang GUSTI KANG MOHO KUWOSO.

 

 

JAGAT ALIT BAWONO SETRO Aku ono kandutane Biyung umur sakwulan ,anggonku yoso badan wadag.

Biyung banjur kandeg (ora bulanan,sak banjure Biyung gawe pakurbanan,(slametan) bubur suro, sak teruse angger tanggal 1 syuro kaum Biyung podo ngaweruhi sarana pakurbanan bubur suro ujude bubur suro iku digawe soko bubur putih kang di tumppanngi rajangan lombok abang lan rajangan dadar kuning iku mowo teges : kahananku, bakal badan wadagku kang telung warno, abang soko sari-sarine geni, kuning soko sari-sarine angin, putih soko sari-sarine banyu,ing wektu iku bakal badan wadagku katambahan warno ireng soko sari-sarine bumi liwat panggonan sing didahar Biyung lan rumesep ing ari-ari (wadahe pangan).

 

1.    BAYI UMUR 1 WULAN AKSORONE (DJO) disebut NUKAT GHAIB, banyune nurmani, segarane layar putih, gedhonge KUMOLAH arane RIRIS TANGIS. Si Fulaan umur 2 wulan badan wadagku ujudte wis pating grendul, Biyung banjur gawe jenang grendul/jenang sapar/kang yektine diarani SAPARAN.

2.    BAYI UMUR 2 WULAN AKSORONE (Y0) di sebut KOAT GHAIB, banyune nur buat, segarane rante arane KISMO DJATI. Sakwise 3 wulan anggonku yoso badan wadag, badan wadagku wis wuujud cengkoronggan, yoiku :

1)   sirah

2)   gembung

3)   tangan

4)   sikil

5)   mripat

6)   tutuk

7)   kuping

8)   irung

9)   wadi

Yo wis katon dene papan (kraton) telu ugo wis dadi kang sinebut :

1)   GIRI LOKA.

2)   HENDRO LOKA.

3)   JANALOKA.

Biyung banjjur slametan TELONAN kang artine KRATONKU TELUNG PANGGONAN WIS DADI yoiku kapernah DUWUR, TENGAH LAN NGISOR (UTEG, ATI, LAN WADI).

 

3.    BAYI UMUR 3 WULAN AKSORONE (NYO) disebut RIDJALOLAH GHAIB,banyune NUR ROSO, segarane KUMOLAH, arane HYANG WIDHI.

 

4.    BAYI UMUR 4 WULAN AKSORONE (MO) disebut RIKMO DJATI banyune NUR KUMORO DJATI,SEGORONE BINDARI SUCI, ARANE SANG HYANG ADJI.

 

5.    BAYI UMUR 5 WULAN AKSORONE (GO) disebut DJO KUMOLO , banyune NUR KISMOYO, segarane IMOLOYO, arane SANG HYANG BRAHMO wujude SEDULUR 5(LIMO).

 

6.    BAYI UMUR 6 WULAN AKSORONE (BO) disebut ROSO HENDRO MOYO, banyune NUR CAHYO, segarane KUMORO DHANU, arane MANU MANINGKEM MANUNGGALE KAWULO LAN GUSTI WUJUDE ROSO 6 (NEM) PRAKORO. Suwe-suwe dungkap 7 wulan aku yoso omah cagak papat lawang songo wis dadi, ugo komlit ubo rampene arupo :

1)   balung

2)   sungsum

3)   otot

4)   getih

5)   daging

6)   kulit

7)   wulu.

 

Biyung banjur gawe tenger reno pitu kang sabanjure diarani PITONAN (LINGKEPAN) artine alat-alate omahhku pitung warno wis jangkep/kenno diarani bumi lapis pitu cagak papat lawange songo.

 

7.    BAYI UMUR 7 WULAN AKSORONE (THO) disebut WARINGIN SUNGSANG banyune TALI ROSO,ROSO TALI, segarane segoro MADU NIRMOLO,arane HERU SETO DJINGGO MOYO DJATI, wujude KAWAH- ARI ARI.

 

8.    BAYI UMUR 8 WULAN AKSORONE (NGO) disebut MAYANG KUMORO SARI, banyune MANIK GITO, segarane CUPU PURBO MISESO arane DJONO LOKO DJATI, wujude KAKANG MBAREP ADINE WURAGIL.

 

Si Fulan umur 9 wulan.

Biyung gawe bubur procot apem lan gedang kang diarani PROCOTAN LAN MEGENGAN.

Procotan tegese : lahir Si Fulan karebpe ben gangsar procot ora ono alangan sawiji opo.

Megengan tegese : duk naliko aku arep lahir uwal soko Biyung, tansah MEGENG NAPAS.

Sak teruse tangggal 1 poso slametan MEGENGAN, GEDANG APEM. URIP kang ono badan wadag iku dununge ono ing TELENGE ATI, kang kuwoso murbo amiseso omahku (jagad cilik).

Sak banjure tanggal 1 syawal Biyung kurban sego punar,sing di arani SYAWALAN tegese : Si Fulan wis uwal soko guwo garba dadi utusane GUSTI nindakake wajib'e URIP ono ing alam gumelar.

 

Wiwit ono kadutane Biyung nganti teko dino kelahiran mau,ugo isih duwe panguwoso jogo lan nylametake badan wadagku,semono ugo aku isih nguwasanii trimurti (GIRI LOKA, HENDRO LOKA, JANALOKA).

Bareng wis 5 dino utowo sepasar, panguwasaku kang ono GIRI LOKA di endih dene sadulurku papat limo pancer, kang kedadeyan soko cahyo patang prakoro, dewek'e nglungguhi ono ing KUPING, MRIPAT, IRUNG LAN CANGKEM, anguwasani lawangan pitu (7) kang ono GIRILOKA.YOIKU BOLONGAN KUPING 2, MRIPAT2, IRUNG2, CANGKEM 1 LAN YEN ONO ING TOTO LAHIR DIARANI DINO PITU.

 

Dewek'e duwe pangroso 5 prakoro iarani PONCO DRIYO yoiku :

1.    Pamireng

2.    Paningal

3.    Pangggondo

4.    Pangucap

5.    Pamikir.

Ing toto lahir diarani PASARAN LIMO.

 

Sak banjur mlebu kumpul dadi siji ono ing kratone ROSO,ono ing HENDROLOKA,mapan ono sakjeroning ATI SANUBARI BARENG AKU UMUR 35 DINO BIYUNG KURBAN SEGO TUMPENG LAN IWEL-IWEL diarani SELAPANAN tegese : panguwas.

Si Fulan kraton telu wis dadi selapi (diendih) karo sedulur papat limo pancer.

 

Bareng aku umur 105 dino Biyung ugo kurban sego tumpeng lan iwel-iwel diarani TELUNG LAPAN, tegese : panguwasaku ono ing telu-telune atunggal yoiku (CIPTO, ROSO, KARSO) wis di kuwasani karo PONCODRIYO.

 

Yo wiwit dino iku aku wis ora duwe panguwoso babar ppisan,wiwit soko kraton 3 tekan badan wadag lapis pitu (7) wis di aku kabeh dening sedulur papat limo pancer, kahananku banjur soyo ambles manjero.mapan ono ing TELENGE ATI SANUBARI, dene omahku di enggoni lan di kuwasani, di atur olan dijogo dewe deneg seduluur papat limo pancer.

 

Koyo mangkono kahananku aku tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe, Si Fulan tansah urip kablenggu dening sedulurku dewe, papanku rumit banget, panguasaku mung kari kanggo nguripi badan wadag,tujuanku urip kanggo memayu hyuning bawono ilang babar pisan, kamongko ing tembe, Si Fulankudu nanggung jawab ake dewe marang GUSTI KANG MOHO KUWOSO.

 

9. BAYI UMUR 9 WULAN AKSORONE (JI-WO) disebut HENDRO LOKO DJATI banyune NUR TIRTO MOYO, segarane TANPO TEPI arane SASTRO JENDRO YUNINGRAT WUJUDE SADAD TANPO SABDU.

Banjur bayi lahir BYAR PADHANG DJAGAT GUMELAR WUJUDE LINTANG DJOHAR DUMADI Si Fulan.



Imajier Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)